Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 20 >> 

1Ing sawijining dina nalika Yésus pinuju memulang marang wong akèh ana ing Padaleman Suci sarta martakaké Injil, para pangareping imam, para ahli Torèt lan para pinituwa padha sowan ing ngarsané,

2tuwin munjuk marang Yésus, "Kula sami kapangandikanana, menggah anggèn Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi pangwaos punapa, saha sinten ingkang maringi pangwaos punika dhateng Panjenengan?"

3Paring wangsulané Yésus, "Aku iya arep takon saprakara marang kowé. Aku kandhanana:

4Pambaptisé Yohanes iku saka swarga apa saka manungsa?"

5Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujaré, "Menawa aku padha kandha: Saka swarga, wong iku mesthi kandha: Yagéné kowé padha ora nganggep?

6Nanging yèn aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi nganggo watu marang kita, amarga padha yakin, yèn Yohanes iku nabi."

7Nuli padha matur, yèn padha ora mangerti saka ngendi baptisané iku.

8Yésus banjur ngandika, "Yèn mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowé, kalawan pangwasa kang endi anggonku nglakoni samubarang kabèh iku."

9Yésus banjur paring pasemon mangkéné marang wong akèh, "Ana wong gawé pakebonan anggur, nuli diséwakaké marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang papan kang adoh nganti sawatara lawasé.

10Bareng wus tumeka ing mangsané, tumuli kongkonan abdi siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladèkaké pandumaning pametuné pakebonan. Nanging abdi iku banjur digebugi déning wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.

11Sawusé mangkono wong iku kongkonan batur liyané, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangaké déning para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.

12Sabanjuré nuli kongkonan manèh kang kaping teluné, nanging iku iya ditatoni déning wong-wong mau sarta tumuli diuncalaké menyang sanjabaning kebon.

13Kang duwé pakebonan banjur kandha mangkéné: Apa kang kudu daktindakaké? Dakkongkonan anakku kang kinasih, mesthi bakal diéringi.

14Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anaké mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warisé, ayo dipatèni baé, supaya warisané dadi duwèk kita kabèh.

15Anaké mau banjur diuncalaké menyang sanjabaning pakebonan anggur sarta banjur dipatèni. Saiki apa kang bakal dilakoni déning kang duwé pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?

16Kang duwé pakebonan bakal teka lan nyirnakaké wong-wong tani mau sarta keboné anggur banjur diséwakaké marang wong-wong liyané." Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha, "Aja pisan-pisan nganti kelakon mangkono!"

17Nanging Yésus tumuli mirsani marang wong-wong iku lan ngandika, "Menawa mangkono apa tegésé nas iki: Watu kang tinampik déning para juru gawé omah, iya iku kang wus dadi watu pojokan.

18Sapa baé kang tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sapa baé kang ketiban, bakal remuk."

19Para ahli Torèt lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengané sanalika iku uga, amarga padha mangerti, yèn wong-wong iku kang dikarsakaké ana ing pasemon mau, nanging padha wedi marang wong akèh.

20Marga saka iku para ahli Torèt lan pangarepé imam-imam padha tansah maspadakaké marang Yésus. Banjur ngutus telik sandi kang éthok-éthok dadi wong mursid, supaya padha njiret Panjenengané sarana pitakonan, temah bisa ngladèkaké Panjenengané marang wewenang lan pangwasané gubernur.

21Wong-wong mau padha ngaturaké pitakonan marang Panjenengané mangkéné, "Guru, kula sami mangertos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan mboten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah.

22Kula sami kepareng ngaturaken pajeg dhateng Kaisar punapa mboten?"

23Nanging Yésus ora kekilapan marang kaculikané wong-wong mau, mulané banjur ngandika,

24"Aku tuduhana dhuwit dinar. Iki gambaré sapa lan iki tulisané sapa?" Atur wangsulané kang kadangu, "Gambar lan seratanipun Kaisar."

25Yésus nuli ngandika, "Yèn mangkono, Kaisar caosana apa kang wajib kokcaosaké marang Kaisar, lan marang Allah apa kang wajib kokcaosaké marang Allah."

26Dadiné wong-wong ora bisa njiret krana pangandikané ana ing ngarepé wong akéh. Wong-wong mau padha kaéraman krungu paring wangsulané iku lan banjur padha meneng.

27Nuli ana wong Saduki sawatara, yaiku kang ora ngakoni anané patangèn, padha sowan ing ngarsané Yésus lan matur pitakon marang Panjenengané,

28"Guru, Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Menawa ana wong kang duwé sadulur lanang, tilar donya, mangka somahé isih urip, nanging ora tinggal anak, saduluré mau wajib ngrabèni somahé iku, supaya bisa nukulaké turun kanggo kang wus tilar donya mau.

29Kalampahan wonten sadhèrèk jaler pitu, ingkang angka satunggal émah-émah, wusana lajeng tilar donya mboten tilar anak.

30Tiyang èstri wau lajeng karabi déning ingkang angka kalih,

31lajeng déning ingkang angka tiga, tuwin makaten salajengipun, urut-urutan karabi déning sadhèrèk pitu wau, nanging sadaya sami tilar donya mboten tilar anak.

32Wekasanipun tiyang èstri punika inggih tilar donya.

33Lah sapunika kadospundi tiyang èstri punika, bénjing ing dinten patangèn, lajeng sinten ingkang dados sémahipun, amargi pitu-pitunipun sami naté dados sémahipun?"

34Yésus nuli paring wangsulan, pangandikané, "Wong-wong ing donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahaké,

35nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing donya liyané iku, lan ana ing patangèn saka ing antarané wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahaké.

36Sabab padha ora bisa mati manèh; kaanané kaya para malaékat sarta padha dadi putraning Allah, awit wus padha katangèkaké.

37Anadéné mungguh tanginé wong mati iku, Musa iya wus mratélakaké ana ing sajroning carita bab grumbul eri, anggoné nyebut Pangéran: Allahé Abraham, Allahé Ishak, tuwin Allahé Yakub.

38Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip, awit kang ana ing ngarsané kabèh iku wong urip."

39Krungu pangandika kang mangkono iku banjur ana ahli Torèt sawatara matur, "Guru, paring wangsulan Panjenengan punika kasinggihan sanget."

40Awit wong-wong mau wus padha ora wani matur pitakon apa-apa manèh marang Yésus.

41Yésus banjur ndangu marang wong-wong mau, "Kepriyé déné wong kok bisa ngarani Mésias iku tedhaké Daud,

42mangka Daud piyambak ana ing Kitab Masmur ngandika mangkéné: Dhawuhé Pangéran marang Gustiku: Sira lenggaha ana ing tengeningsun,

43nganti tumeka mungsuhira wus padha Ingsun dadèkaké ancik-anciking talapakanira.

44Dadi Daud nyebut Panjenengané, ‘Gusti’, kepriyé déné uga dadi tedhaké?"

45Nalika wong kabèh padha ngrungokaké, Yésus banjur ngandika marang para sakabaté,

46"Padha ngawékanana para ahli Torèt, kang padha seneng mlaku-mlaku nganggo jubah landhung lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar sarta seneng linggih ing ngarep dhéwé ana ing papan pangibadah lan ing papan kang ingajènan ana ing pahargyan,

47kang padha mangan omahé randha-randha nganti entèk, sarta kang nasaraké wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran