Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 21 >> 

1Bareng Yésus tumenga, pirsa wong-wong sugih padha nglebokaké pisungsungé ana ing pethi pisungsung.

2Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokaké pisungsung rong kèpèng.

3Banjur ngandika, "Aku pitutur marang kowé: Satemené kang dipisungsungaké randha miskin iku luwih akèh katimbang wong kabèh iku.

4Amarga wong-wong kabèh iku ngaturaké pisungsung saka kasugihané, nanging randha iki ngaturaké saka ing kamiskinané, malah nyaosaké sakèhing darbèké kang kanggo uripé."

5Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem déné nganggo rinengga ing watu-watu kang éndah sarta barang pisungsung warna-warna, Yésus banjur ngandika,

6"Apa kang padha kokdeleng iku - bakal tekan wektuné ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané; kabèh bakal padha karubuhaké."

7Wong-wong mau banjur padha matur pitakon, "Guru, bénjing punapa kelampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhé kelampahan?"

8Paring wangsulané, "Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti disasaraké. Amarga bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku lan kandha: Iya aku iki Panjenengané lan iki wus ndungkap wektuné. Kowé aja ngetut-buri wong-wong iku.

9Sarta menawa kowé krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kagèt. Awit iku kabèh mesthi kudu kelakon dhisik, éwadéné iku durung ateges, yèn bakal énggal tumeka ing wekasaning jaman."

10Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong mau, "Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, kraton nglawan padha kraton,

11lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana-kéné bakal ana pageblug pès lan paceklik, apadéné bakal kelakon uga ana prakara-prakara kang medèni tuwin ngalamat-ngalamat kang nggegirisi saka langit.

12Nanging sadurungé iku kabèh, kowé bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowé bakal dipasrahaké menyang papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ngarsané para ratu lan para pangwasa marga saka jenengku.

13Iku bakal dadi jalarané kowé kabèh bakal padha nglairaké paseksi.

14Mulané sing padha mantep baé, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kepriyé anggonmu bakal mangsuli.

15Sabab Aku dhéwé kang bakal maringi marang kowé tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowé ora bisa dilawan utawa dibantah déning mungsuh-mungsuhmu.

16Apamanèh kowé bakal iya padha diulungaké déning wong-tuwamu, sadulur-sadulurmu, sanak-kulawargamu lan pawong-mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipatèni,

17apadéné kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku.

18Nanging ora ana rambutmu saeler baé kang bakal ilang.

19Menawa kowé padha tetep mantep, kowé bakal padha nampa uripmu."

20"Menawa kowé nyumurupi Yérusalèm kakepung ing wadyabala, mangertia, yèn karuntuhané wis cedhak.

21Ing nalika iku wong-wong kang ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padésan aja lumebu ing kutha manèh,

22amarga, iya iku mangsa tekané piwales, kang dadi kayektèné sabarang kang wus katulis kabèh.

23Nanging mesakaké banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhé ing saindenging nagara, lan bangsa iki bakal tampa deduka.

24Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabèh, sarta Yérusalèm bakal kaidak-idak déning bangsa kang ora wanuh marang Allah, nganti tumeka sarampungé jamané bangsa-bangsa iku."

25"Apadéné bakal ana ngalamat ing srengéngé, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi, para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumleger lan mawalikaning sagara.

26Wong-wong bakal padha mati kawedèn déning giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagat; sabab kabèh pangwasaning langit bakal gonjing.

27Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih méga, ngagem pangwaos lan kamulyan gedhé.

28Anadéné menawa iku kabèh wiwit kelakon, padha njenggèlèka lan tumengaa, amarga wus cedhak anggonmu bakal kaluwaran."

29Yésus banjur paring pasemon mangkéné, "Padha mawanga wit anjir lan wit apa baé.

30Menawa kowé padha nyumurupi yèn wus padha semi, kowé padha mangerti dhéwé, yèn wus ngarepaké mangsa panas.

31Mangkono uga menawa kowé padha nyumurupi lelakon mau, padha mangertia yèn Kratoning Allah wus cedhak.

32Aku pitutur marang kowé: Satemené wong-wong jaman iki bakal ora sirna sadurungé iku mau kelakon kabèh.

33Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging pangandikaku ora bakal sirna babar pisan."

34"Padha jaganen awakmu dhéwé, supaya atimu aja nganti mung mikir bab pésta gedhèn lan endem-endeman, apadéné kasusahaning urip, supaya kowé tansah siyaga samangsa Dinaning Pangéran kang rawuhé dhadhakan iku aja nganti nempuh marang kowé kaya kalajiret.

35Amarga Dina iku bakal nungkeb sakèhing wong kang dumunung ing bumi iki.

36Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa, supaya kowé diparingi kakuwatan kang njalari padha ora bakal ngalami lelakon iku lan supaya kowé padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning Manungsa."

37Yèn wayah awan Yésus memulang ana ing Padaleman Suci, déné yèn bengi miyos lan nyaré ana ing Gunung Zaitun.

38Ésuké, nalika isih umun-umun wong akèh padha marek marang ngarsané ana ing Padaleman Suci, ngrungokaké pangandikané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel