Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 13 >> 

1Ing dina iku Yésus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir tlaga.

2Tumuli ana wong akèh padha gumrudug marek lan ngrubung Panjenengané, mulané Panjenengané banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, déné wong akèh mau padha ngadeg ana ing gegisik.

3Panjenengané banjur ngandika akèh-akèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, dhawuhé, "Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji.

4Sajroné nyebar iku wijiné ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki.

5Ana kang tumiba ing watu padhas, kang ora akèh lemahé. Wiji mau énggal thukul, amarga lemahé tipis.

6Nanging bareng srengéngé wus saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyodé.

7Ana manèh kang tumiba ing satengahing thethukulan eri. Bareng eri-eriné saya gedhé, wijiné kelindhih banget temahan ora ngetokaké woh.

8Lan ana manèh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh.

9Sapa kang duwé kuping ngrungokna."

10Para sakabaté tumuli padha ngadhep lan matur, "Punapa sababipun, déné anggèn Panjenengan ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?"

11Paring wangsulané Yésus, "Kowé padha kaparingan kamurahan diparengaké mangretèni wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.

12Amarga sapa kang duwé, iku bakal kaparingan, malah nganti lubèr, nanging sing sapa ora duwé, apa baé kang kaduwé, bakal dipundhut.

13Iya iku sababé anggonku paring pangandika marang wong-wong iku nganggo pasemon, awit sanadyan mripaté padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha ngrungokaké, nanging padha ora krungu lan ora ngerti.

14Lah ana ing wong-wong iku katetepan pamecané Yésaya, kang ngandikakaké: Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangerti, sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup.

15Amarga atiné bangsa iki ndableg lan kupingé jampeng sarta mripaté dieremaké, supaya aja padha ndeleng kalawan mripaté lan krungu kalawan kupingé sarta atiné bisa mangerti banjur mratobat, satemah sunwarasaké.

16Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.

17Awit satemené Aku pitutur marang kowé: Akèh para nabi lan wong mursid kang padha kepéngin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kelakon ndeleng, lan padha kapéngin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kelakon krungu.

18Mulané rungokna maknané pasemon bab juru nyebar iku.

19Menawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangerti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atiné; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.

20Déné wiji kang kasebar ing watu padhas, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika sarta énggal-énggal nampani pangandika mau kanthi bungah,

21nanging ora ana oyodé ing batiné, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya-nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur énggal murtad.

22Sabanjuré kang kasebar ing satengahing eri, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, satemah ora metu wohé.

23Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokaké pangandika lan mangerti, mulané iya banjur metu wohé, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh."

24Panjenengané medharaké pasemon liyané marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku umpamané kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalané.

25Nanging nalika wong-wong padha turu kabèh, satruné teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum, banjur lunga.

26Bareng gandumé thukul lan wiwit metu wewulèné, alang-alangé iya katon.

27Batur-baturé sing duwé pategalan padha marani lurahé lan matur: Bendara, punapa sanès wiji saé ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika?

28Wangsulané lurahé: Iku panggawéné satru. Batur-baturé matur manèh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?

29Nanging wangsulané: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutaké gandumé.

30Cikbèn padha thukul bebarengan nganti mangsané panèn. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alangé lan bentèlana, banjur obongen, sawusé iku gandumé klumpukna ing lumbungku."

31Panjenengané medharaké pasemon liyané manèh marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku upamané kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pategalané.

32Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancèn cilik dhéwé, nanging yèn wus thukul, gedhéné ngluwihi janganan liya-liyané, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuh ing pang-pangé."

33Panjenengané medharaké pasemon liyané manèh marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku upamané kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubaké ing glepung trigu patang puluh liter nganti mumbluk kabèh."

34Sakèhé prakara iku mau kabèh didhawuhaké déning Yésus marang wong akèh kanthi pasemon lan ora ana kang kapangandikakaké kang ora dhapur pasemon,

35supaya ketetepana kang kapangandikakaké déning nabi, mangkéné, "Ingsun bakal ngangapaké tutukingsun lan mangandikakaké pasemon. Ingsun bakal ngucapaké prakara kang kineker wiwit jagat tinalesan."

36Yésus banjur nilar wong golongan mau sarta banjur kondur. Para sakabaté tumuli padha marek lan matur, "Pasemon kambengan ing pategilan punika mugi Panjenengan terangaken dhateng kawula."

37Yésus banjur maringi wangsulan, pangandikané, "Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa.

38Pategalan iku jagat. Wiji kang becik iku para putraning Kraton, déné alang-alangé iku para anaké si pangawak dursila.

39Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panèn iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaékat.

40Kang iku kayadéné alang-alang banjur kaklumpukaké lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman,

41Putraning Manungsa bakal ngutus para malaékaté kadhawuhan nglumpukaké saka ing Kratoné samubarang kabèh kang dadi sandhungan lan sakèhing wong kang nglakoni duraka,

42padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.

43Lah ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengéngé ana ing Kratoning Ramané. Wong kang duwé kuping, ngrungokna."

44"Kratoning Swarga iku umpamané kaya raja-brana kang kependhem ing pategalan, kang ketemu déning wong banjur dipendhem manèh. Marga saka bungahé, wong mau banjur lunga ngedoli barang-darbèké kabèh, lan nuku petegalan mau.

45Mangkono manèh Kratoning Swarga iku umpanané kayadéné wong dagang kang golek mutiyara kang adi.

46Bareng wis olèh mutiyara kang banget ajiné, banjur lunga ngedoli barang-darbèké kabèh, lan nuku mutiyara iku mau."

47"Karodéné manèh Kratoning Swarga iku upamané kaya krakad kang ditibakaké ing sagara, banjur ngumpulaké iwak warna-warna.

48Bareng wus kebak banjur digèrèd mentas menyang ing gegisik, wongé tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, déné iwak kang ora becik dibuwang.

49Iya kaya mangkono kaanané bésuk ing wekasaning jaman. Malaékat-malaékat bakal padha teka misahaké para wong kang ala saka tengahé para wong mursid,

50padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.

51Kowé apa padha mangerti iku mau kabèh?" Atur wangsulané para sakabat, "Inggih, Gusti."

52Yésus banjur ngandika, "Mulané saben ahli Torèt kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamané kaya wong kang duwé omah, kang metokaké barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenané."

53Sawisé rampung anggoné paring pasemon-pasemon mau, Yésus banjur tindak saka ing kono.

54Sarawuhé ing kutha asalé, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing sinagogé. Wong-wong mau padha kaéraman, pangucapé, "Wong iku olèhé kawicaksanan lan pangwasa nindakaké mukjijat saka ing ngendi?

55Apa iku dudu anaké tukang kayu? Embokné jenengé rak Maria, lan saduluré Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?

56Lan sadulur-saduluré wadon rak padha ana ing kéné kabèh? Dadi olèhé iku kabèh saka ing ngendi?"

57Wong-wong mau satemah padha serik atiné marang Panjenangané. Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kang jenengé nabi iku ana ing ngendi-endi kajèn, kajaba ana ing papan asalé lan ing omahé dhéwé."

58Mulané Panjenengané ora nindakaké mukjijat akèh ana ing kono, jalaran saka anggoné padha ora pracaya iku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran