Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 14 >> 

1Nalika samana Hérodès, raja-wilayah, midhanget pawarta bab Yésus,

2banjur ngandika marang para abdiné, "Iku Yohanes Pambaptis; wus wungu saka ing antarané wong mati, mulané pangwasa kang ngéram-éramaké iku makarya ana ing Panjenengané kaya mangkono."

3Amarga Hérodès pancèn biyèn wus dhawuh nyepeng Yohanes, banjur dibesta lan dilebokaké ing pakunjaran, gegayutan karo lelakoné Hérodias, garwané Filipus, sadhèrèké.

4Jalaran Yohanes ngèngetaké Herodès, "Mboten kénging panjenengan mundhut garwa Hérodias!"

5Sanadyan Hérodès kagungan karsa nyédani Yohanes, nanging ajrih karo wong akèh, amarga iku padha nganggep nabi marang panjenengané.

6Éwadéné bareng pinuju wiyosané Hérodès, putriné Hérodias, mbeksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemaké panggalihé Hérodès,

7nganti Hérodès nglairaké sumpah bakal maringi apa baé, sing disuwun.

8Wasana, marga saka wus diajani ingkang ibu, putri mau banjur munjuk, "Keparenga kula nyuwun sirahipun Yohanes Pambaptis wonten ing ngriki, linambaran baki."

9Raja dadiné sungkawa panggalihé, nanging marga saka wus supaos lan marga saka anané para tamu, banjur dhawuh maringaké,

10sarta utusan nigas janggané Yohanes ana ing pakunjaran

11lan mustakané digawa ana ing talam kapasrahaké marang putri mau, banjur disaosaké marang ibuné.

12Sawusé iku para sakabaté Yohanes tumuli teka ngukup layoné, disarèkaké, banjur padha lunga ngaturaké pawartané marang Yésus.

13Bareng Yésus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang panggonan kang sepi. Nanging bareng wong golongan padha krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthané.

14Nalika Panjenengané minggah ing dharatan, lan pirsa wong golongan kang akèh banget cacahé, panggalihé trenyuh marga saka welasé marang wong-wong mau. Panjenengané banjur marasaké sing padha lara.

15Soréné para sakabaté padha sowan ing ngarsané lan matur, "Panggénan punika sepi tur wancinipun sampun lungsé. Pramila tiyang kathah punika Panjenengan parengaken supados sami késah dhateng dhusun-dhusun tumbas tedha piyambak-piyambak."

16Nanging Yésus ngandika marang para sakabat, "Ora usah padha lunga, kowé baé padha mènèhana mangan."

17Unjuké para sakabat, "Ing ngriki kawula sami mboten gadhah punapa-punapa, kejawi roti gangsal lan ulam toya kalih."

18Dhawuhé Yésus, "Gawanen mréné, wènèhna Aku."

19Panjenengané banjur paring dhawuh marang wong golongan supaya padha linggih ana ing pasuketan. Lan sawisé nampani roti lima karo iwak loro mau, Yésus banjur tumenga ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli nyuwil-nyuwil roti lima karo iwak loro mau, diparingaké marang para sakabat, lan para sakabat banjur padha ngedum marang wong golongan mau.

20Kabèh banjur padha mangan nganti wareg. Sawisé mangkono wong-wong nuli padha ngumpulaké cuwilan-cuwilan turahané nganti rolas wakul kebak,

21sing mèlu mangan mau cacahé wong lanang kira-kira limang èwu, iku wong wadon lan bocah-bocah ora kapétung.

22Sawisé iku Yésus banjur meksa marang para sakabaté, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindaké menyang sabrang, déné wong golongan padha kadhawuhan mulih.

23Bareng wong golongan wis padha kadhawuhan mulih, Yésus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengané piyambakan baé ana ing kono.

24Nalika iku lakuné prauné para sakabat wis sawatara stadi saka pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga anginé nampek.

25Bareng wayah giliraning rondha kaping pat Yésus tindak nusul para sakabaté, tindaké napak ing sagara.

26Nalika para sakabat weruh Panjenengané tindak ing sandhuwuring banyu iku, padha kagèt lan alok, "Ana memedi!" banjur padha jerit-jerit, marga saka wediné.

27Nanging Yésus tumuli ngandika marang para sakabat, dhawuhé, "Padha ditatag atimu! Iki Aku, aja wedi!"

28Pétrus banjur munjuk marang Panjenengané kalawan mbengok, "Gusti, manawi saèstu Panjenengan, mugi andhawuhana kawula murugi Panjenengan kaliyan napak ing sanginggiling toya."

29Panjenengané banjur dhawuh, "Mrénéa!" Pétrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Yésus.

30Nanging bareng kena angin gedhé, banjur wedi, satemah wiwit ambles, tumuli mbengok, "Gusti, nyuwun tulung!"

31Yésus énggal-énggal mulung astané, nyepeng Pétrus sarta ngandika, "Hé, wong kang cupet ing pangandel, yagéné kowé mangu-mangu?"

32Banjur padha munggah ing prau, anginé tumuli mendha.

33Wong saisiné prau padha sujud ana ing ngarsané lan matur, "Panjenengan punika saèstu Putranipun Allah."

34Sawisé nyabrang, padha mentas ana ing Genesarèt.

35Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Yésus, banjur padha awèh weruh marang sawewengkon kono kabèh. Wong-wong banjur padha ngirid sakèhing wong lara, digawa marang ngarsané.

36Kalawan matur, keparenga mung ndemèk gombyoking jubahé waé, déné sapira kang ndemèk jubahé, padha dadi waras.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel