Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 17 >> 

1Nem dina sawisé iku Yésus ngajak Pétrus lan Yakobus sarta Yokanan saduluré, miggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak.

2Panjenengané banjur katon santun cahya ana ing ngarepé para sakabat mau, pasuryané mancorong kaya srengéngé, sarta pangagemané putih sumorot.

3Tumuli padha dikatingali Musa lan Élia, kang padha ngandikan karo Panjenengané.

4Pétrus banjur matur marang Yésus, "Gusti, iba saénipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Gusti marengaken, kawula badhé damel tarub tiga, satunggal kagem Gusti, satunggal kagem Musa saha satunggalipun malih kagem Élia."

5Sajroné lagi matur, dumadakan ana méga padhang kang ngayomi wong golongan, sarta banjur ana swara kaprungu saka sajroning méga, pangandikané, "Iki Putraningsun, kang kinasih, kang damel renaning penggalihingsun. Iku sira rungokna!"

6Krungu kang mangkono iku para sakabat padha sumungkem ing bumi lan banget wediné.

7Yésus banjur nyelak njawili para sakabaté, sarta ngandika, "Padha ngadega, aja wedi."

8Lan bareng padha melèk, mandeng mendhuwur, para sakabat padha ora weruh sapa-sapa, kajaba mung Panjenengané, Yésus piyambak, ora ana wong liyané manèh.

9Nalika padha mudhun saka ing gunung, Yésus paring piweling marang para sakabaté mau, pangandikané, "Tetingalan iku mau aja kokkandhak-kandhakaké marang sapa baé, nganti Putraning Manungsa kawungokaké saka ing antarané wong mati."

10Para sakabaté tumuli padha matur pitakon, "Manawi makaten, punapaa déné para ahli Torèt sami cariyos, bilih Élia pinasthi rawuh rumiyin?"

11Panjenengané paring wangsulan, "Pancèn Élia bakal teka mbenakaké samubarang kabèh,

12nanging Aku pitutur marang kowé: Élia wis teka, mung baé wong-wong ora wanuh marang wong iku, malah digawé sawenang-wenang. Mangkono uga Putraning Manungsa iya bakal nandhang sangsara marga saka panggawéné wong-wong mau."

13Nalika iku para sakabaté padha mangerti, yèn kang kapangandikakaké iku Yohanes Pambaptis.

14Bareng wis padha bali tekan panggonané wong golongan, ana wong kang marek sujud ing ngarsané Yésus,

15lan matur, "Gusti, anak kawula mugi Panjenengan welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya.

16Sampun kawula bekta dhateng ngajenging para sakabat Panjenengan, nanging sami mboten saged nyarasaken."

17Yésus banjur ngandika, "Hé, golongan kang ora duwé pangandel lan kang keblinger, nganti pira lawasé anggonku isih kudu tetunggalan karo kowé kabèh? Nganti pira lawasé anggonku isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahé gawanen mréné!"

18Yésus banjur nggertak dhemité klawan sereng, satemah metu saka ing bocah iku lan wiwit nalika iku bocahé dadi waras.

19Para sakabat tumuli padha marek marang ngarsané Yésus lan bareng wis karo Panjenengané piyambakan, banjur padha matur, "Punapa sababipun déné kawula sami mboten saged nundhung dhemit wau?"

20Panjenengané banjur ngandika, "Jalaran kowé padha kurang pangandelmu. Sabab satemené Aku pitutur marang kowé: Saupama kowé duwé pangandel sawiji sawi baé, kowé bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kéné mrana. Gunungé iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumraping kowé.

21[Jinis iki ora bisa katundhung yèn ora sarana ndedonga lan pasa]."

22Nalika padha ngumpul ana ing Galiléa, Yésus ngandika marang para sakabat, "Putraning Manungsa bakal dipasrahaké marang tangané manungsa,

23sarta bakal padha nyédani Panjenengané lan ing telung dinané Panjenengané bakal kawungokaké." Para sakabat banjur padha susah banget.

24Bareng padha lumebu ing Kapèrnaum, para juru-mupu-pajegé Padaleman Suci padha marani Pétrus lan calathu, "Guru, Panjenengan punapa mboten asok paos Padaleman Suci kalih drakhma?"

25Wangsulané Pétrus, "Inggih asok!" Nalika Pétrus lumebu ing omah, Yésus ngrumiyini kalawan ndangu, "Simon, panemumu kepriyé? Sapa sing dipundhuti béya utawa pajeg déning para raja ing donya iki, para rakyaté apa wong manca?"

26Aturé Pétrus, "Tiyang manca!" Yésus ngandika marang Pétrus, "Dadiné rakyaté ora.

27Nanging supaya aku kabèh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowé mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhéwé iku cekelen, angapna cangkémé, kowé bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jeroné.Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel