Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 20 >> 

1"Anadéné bab Kratoning Swarga iku kena diupamakaké kaya bendara kang ing wayah ésuk umun-umun metu arep mburuhaké pagawéan ing kebon angguré.

2Bareng wis mupakat karo para buruh iku bab opah sadina sedinar, bendara iku banjur akon para buruh menyang kebon angguré.

3Kira-kira jam sanga bendara mau metu manèh, nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.

4Tumuli kandha marang wong-wong mau: Kowé iya padha menyanga ing kebon anggur lan aku bakal mènèhi kowé ing sapatuté. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.

5Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu manèh lan iya nindakaké kaya ing ngarep mau.

6Lan watara jam lima soré iya metu manèh sarta mrangguli wong-wong liyané kang padha nganggur, banjur kandha marang wong-wong iku: Yagéné kowé padha nganggur ana ing kéné sadina muput tanpa gawéan?

7Wangsulané wong-wong marang bendara mau: Awit mboten wonten tiyang ingkang mberahaken padamelan dhateng kula. Wong iku tumuli dikandhani: Kowé iya padha menyanga ing kebon anggurku.

8Bareng wus surup sing duwé kebon anggur kandha karo mandhoré: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wènèhana buruhané, wiwit sing mlebu kèri dhéwé nganti tekan sing mlebu dhisik dhéwé.

9Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawé padha teka, lan diopahi nyadinar.

10Sawusé iku kang mlebuné ésuk dhéwé padha mara, iku padha ngira bakal tampa opah luwih akèh, mangka iku iya tampa sedinar wong siji.

11Nalika padha nampani opahé, padha protès marang kang duwé kebon anggur.

12Tembungé: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyambut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kebentèren.

13Nanging kang duwé kebon anggur mangsuli marang wong mau: Aku rak ora luput karo kowé. Kowé karo aku rak wis padha mupakat nyadinar sadina?

14Tampanana bagéanmu, banjur lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong kang mlebu kèri dhéwé padha karo kowé.

15Apa aku ora wenang nindakaké apa kang dakkarepaké nganggo duwèkku dhéwé? Utawa, apa kowé mèri, déné aku iki loma?

16Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi."

17Nalika Yésus arep tindak menyang Yérusalèm, Panjenengané nimbali sakabat rolas ndhéwé sarta ana ing dalan Panjenengané ngandika marang para sakabat iku,

18"Lah, Aku lan kowé padha menyang Yérusalèm lan Putraning Manungsa bakal diulungaké marang para pangarepé imam lan para ahli Torèt; wong iku bakal nibakaké paukuman pati marang Panjenengané,

19sarta masrahaké Panjenengané marang wong-wong kang ora wanuh marang Allah, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib, sarta ing telung dinané bakal kawungokaké."

20Nuli ibuné anak-anaké Zébédéus marek ing ngarsané Yésus karo anak-anaké, lan kanthi sujud sarta arep ngaturaké panyuwunan.

21Panjenengané banjur ngandika marang wong wadon iku, "Apa sing kokkarepaké?" Aturé wong wadon iku, "Gusti mugi ndhawuhaken supados anak kawula kekalih punika mbénjing sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen lan satunggalipun ing kiwa Panjenengan wonten ing Kraton Panjenengan."

22Nanging Yésus mangsuli, "Kowé iku padha ora ngerti kang koksuwun. Apa kowé bisa ngombé ing tuwung, kang kudu dakombé?" Karo-karoné padha munjuk marang Panjenengané, "Inggih saged."

23Panjenengané paring pangandika marang sakabat loro iku, "Tuwungku pancèn bakal kokombé, nanging bab linggih ing tengenku utawa ing kiwaku, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingaké marang wong-wong, kang wus cinadhang déning Ramaku."

24Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.

25Éwasamono Yésus banjur nimbali marek para sakabat lan ngandika, "Kowé padha ngerti, yèn para pangrèhé bangsa-bangsa iku tumindaké kaya bendara marang rakyaté, lan para panggedé padha nindakaké pangwasa kanthi sawenang-wenang marang kang kabawah ing pangwasané.

26Déné ana ing antaramu aja kaya mangkono, nanging sapa sing ngangkah dadi gedhé ana ing antaramu, iku dadia peladènmu,

27lan sing sapa kepéngin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu.

28Kayadéné Putraning Manungsa rawuhé, ora supaya diladosi, nanging supaya ngladosi sarta masrahaké nyawané minangka tebusan kanggo wong akèh."

29Nalika padha metu saka Yèrikho, wong sagolongan gedhé padha ndhèrèkaké Panjenengané.

30Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yèn Yésus langkung, banjur padha nywara sora, "Gusti, mugi karsa melasi kawula, dhuh Putranipun Daud!"

31Wong golongan banjur padha nyendhu supaya padha meneng. Éwasamono malah saya seru anggoné padha nywara aturé, "Dhuh, Gusti, mugi melasi kawula, dhuh Putranipun Daud!"

32Yésus banjur kèndel anggoné tindak sarta nimbali wong loro mau, lan ngandika, "Apa sing padha kokkarepaké supaya daktindakaké marang kowé?"

33Wong loro mau ngaturi wangsulan marang Panjenengané, "Dhuh Gusti, supados mripat kawula sageda sumerep."

34Klawan trenyuh ing galih awit saka welasé, Panjenengané banjur ndumuki mripaté wong loro mau, lan sanalika padha bisa ndeleng, banjur padha ndhèrèkaké Panjenengané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel