Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 22 >> 

1Yésus tumuli medhar pangandika manèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, pangandikané,

2"Kratoning Swarga upamané kaya ratu kang nganakaké pahargyan nikah kanggo putrané.

3Banjur utusan abdi-abdiné nimbali para kang kauleman, ana ing pahargyan iku, nanging padha ora gelem nekani.

4Nuli utusan manèh abdi-abdi liyané, dhawuhé: Sing padha diulemi kandhanana mangkéné: Lah Ingsun wus nyawisaké bujananingsun, sapiningsun lan kéwaningsun lemon wis padha kasembelèh, sarta samubarang wus cumepak, padha tekaa ing pahargyan.

5Éwadéné iku padha ora maèlu lan lunga sumingkir. Sawenèh menyang pategalané, sawenèh ngurusi dagangané,

6déné liyané padha nyekel, nganiaya lan matèni para abdiné ratu iku.

7Mulané ratu iku duka lan banjur utusan wadyabalané kadhawuhan numpes para kang gawé pepati iku lan ngobongi kuthané.

8Sawisé iku nuli ngandika marang para abdiné: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.

9Mulané padha menyanga simpangan-simpanganing dalan, lan saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang pahargyan manton iki.

10Para abdi tumuli padha metu menyang dalan-dalan, padha ngumpulaké kabèh wong kang diprangguli, dadia wong ala, mangkono uga wong becik, nganti papan pahargyan manton dikebaki wong kang padha lungguh kembul bujana.

11Nalika ratu lumebet karsa manggihi kang padha kembulan, panjenengané pirsa ing kono wong siji kang ora manganggo sandhangan pésta.

12Panjenengané banjur ngandika marang wong mau: Hé, kanca, kepriyé déné kowé lumebu ing kéné ora nganggo sandhangan pésta? Wong mau meneng baé.

13Raja iku banjur ngandika marang para abdiné: Bandanen tangané lan sikilé, nuli uncalna menyang panggonan kang peteng dhéwé, ing kono kang bakal ana panangis lan keroting untu.

14Sabab akèh kang katimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih."

15Para Farisi banjur lunga, ngrancang kepriyé carané njiret Panjenengané.

16Nuli kongkonan murid-muridé marek marang Panjenengané bebarengan karo wong-wong Hérodian, matur, "Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa déné Panjenengan mboten preduli dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan mboten mawang tiyang.

17Ingkang punika mugi Panjenengan ngandika dhateng kula sadaya, kadospundi penggalih Panjenengan, menggah mbayar paos dhateng Kaisar punika kénging punapa mboten?"

18Nanging Yésus pirsa alaning sedyané wong-wong mau, banjur ngandika, "Yagéné kowé padha nyoba marang Aku, hé wong-wong lamis?

19Aku tuduhana dhuwit kang kanggo pajeg iku!" Wong-wong mau banjur ngaturi Panjenengané dhuwit dhinar siji.

20Panjenengané nuli ngandika, "Iki gambaré lan tulisané sapa?"

21Atur wangsulané, "Gambar saha seratanipun Kaisar." Panjenengané banjur ngandika, "Mulané saosna marang Kaisar apa kang dadi kagungané Kaisar lan marang Allah apa kang dadi kagungané Allah."

22Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaéraman, tumuli ninggal Panjenengané lan lunga bablas.

23Ing dina iku ana para Saduki kang padha ngarani yèn ora ana tanginé wong mati, padha marek ing ngarsané Gusti Yésus lan padha matur pitakon,

24tembungé, "Guru, Musa ngandika, menawi wonten tiyang pejah mboten tilar anak, sadhèrèkipun tiyang wau mendheta wulanjaripun dados sèmahipun, supados nyukani turun dhateng sadhèrèkipun punika.

25Kelampahan ing satengah kula sadaya wonten sadhèrèk jaler pitu; lan ingkang kapisan sasampunipun émah-émah lajeng pejah. Sarèhné mboten nilar anak, dados nilaraken wulanjaripun dhateng sadhèrèkipun.

26Makaten ugi ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan.

27Wasana sapengkeripun sadaya punika wau ingkang èstri inggih lajeng pejah.

28Ingkang punika bénjing ing dinten patangèn, tiyang pitu wau pundi ingkang dados sémahipun tiyang èstri punika, sadaya rak sampun naté gesang sesarengan kaliyan piyambakipun."

29Yésus mangsuli, pangandikané marang wong-wong iku, "Kowé iku padha kesasar, jalaran kowé padha ora ngerti bab Kitab Suci lan bab pangwasané Allah.

30Awit bésuk ing jaman patangèn ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahaké, nanging padha kaya malaékat kang ana ing swarga.

31Apadéné bab tanginé wong mati apa kowé ora maca apa kang kapangandikakaké marang kowé déning Allah, nalika Panjenengané ngandika:

32Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub? Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip."

33Wong golongan kang padha ngrungokaké, padha kaéraman ing bab piwulangé.

34Para Farisi bareng krungu, yèn Yésus wis mbungkem cangkemé para Saduki, banjur padha nglumpuk.

35Nuli salah siji saka panunggalané wong-wong iku, yaiku ahli Torèt, matur pitakon kanggo nyoba marang Panjenengané,

36"Guru, angger-angger ing salebeting Torèt punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?"

37Panjenengané ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.

38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.

39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.

40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."

41Nalika para Farisi lagi padha nglumpuk, Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikané,

42"Kepriyé panemumu bab Kristus? Iku tedhaké sapa?" Wangsulané kang padha kadangu, "Tedhakipun Daud."

43Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Yèn mangkono, kepriyé déné Daud marga saka katuntun déning Roh kok nyebut Gustiné, yaiku nalika ngandika:

44Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: Sira linggiha ana ing tengeningsun, nganti sakèhing mungsuhira wus Sunpapanaké ing sangisoring tlapakanira.

45Dadi yèn Daud nyebut Panjenengané iku Gusti, kepriyé déné Panjenengané iku dadi tedhaké?"

46Ora ana siji baé kang bisa mangsuli Panjenengané, lan mangkono uga wiwit ing dina iku ora ana kang wani matur pitakon manèh marang Panjenengané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel