Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 25 >> 

1"Ing wektu iku bab Kratoning Swarga kaupamakaké kaya prawan sapuluh, kang njupuk lampuné tumuli mangkat methuk pangantèn lanang.

2Lima saka kang sepuluh iku bodho, déné kang lima wicaksana.

3Kang bodho mau nggawa lampuné ora nganggo nggawa lenga sèrepan,

4déné kang wicaksana, nggawa lampu lan lenga ing wadhahé.

5Nanging sarèhné pangantèné suwé ora teka-teka, prawan-prawan mau padha ngantuk lan banjur turu.

6Bareng wayah tengah wengi ana wong alok-alok: Lah iku pengantèné! Padha pethukna!

7Prawan-prawan mau padha tangi lan nata lampu-lampuné.

8Prawan-prawan kang bodho banjur nembung marang kang wicaksana: Aku padha wènèhana lengamu sathithik, awit lampuku padha arep mati.

9Nanging prawan-prawan kang wicaksana padha mangsuli klawan celathu: Aja, mbokmenawa ora nyukupi kanggo aku lan kowé. Aluwung padha lungaa menyang enggoné sing adol lan tukua kanggo awakmu dhéwé.

10Nanging nalika lagi padha lunga arep tuku, pengantèné teka, lan kang wis miranti padha bareng pengantèné lumebu ing pahargyan, lawangé banjur dikancing.

11Sawusé mangkono prawan-prawan liyané iya teka lan matur: Bendara, bendara, kawula nyuwun kori!

12Nanging pangantèné mangsuli, tembungé: Satemené Aku pitutur marang kowé: Aku ora wanuh karo kowé.

13Mulané padha melèka, awit kowé padha ora weruh iya dinané lan wayahé."

14"Awit bab iku kayadéné wong kang arep lelungan marang ngamanca, banjur ngundangi abdi-abdiné, lan mitayakaké barang darbèké marang abdi-abdiné mau.

15Marang kang siji bendara iku mènèhi limang talènta, marang sijiné rong talènta, lan marang sijiné manèh satalènta, siji lan sijiné miturut kabisané dhéwé, lan bendara mau banjur énggal mangkat.

16Kang tampa limang talènta banjur lunga, laku dagang nganggo dhuwité iku lan olèh bathi limang talènta.

17Mangkono uga kang tampa rong talènta iya olèh bathi rong talénta.

18Nanging kang tampa satalènta iku lunga ndhudhuk lemah gawé luwangan, lan nyimpen dhuwité bendarané.

19Sawusé watara lawas bendarané abdi-abdi mau teka, banjur étung-étungan karo abdi-abdiné.

20Kang tampa limang talènta ngaturaké bebathèn limang talènta, klawan matur: Bendara, panjenengan mitadosaken gangsal talènta dhateng kula; lah punika kula angsal bathi gangsal talènta.

21Bendarané kandha marang batur iku: Prayoga hé abdi kang becik lan tumemen; kowé wus tumemen tumrap prakara kang cilik, kowé bakal dakpitayani prakara kang gedhé; mara lumebua mèlu ngrasakaké kabungahané bendaramu.

22Kang tampa rong talènta uga maju, klawan matur: Bendara, panjenengan mitadosaken kalih talènta dhateng kula; lah kula angsal bathi kalih talènta.

23Bendarané kandha marang batur iku: Prayoga hé abdi kang becik lan tumemen; kowé wis tumemen tumrap prakara kang cilik, kowé bakal dakpitayani prakara kang gedhé; mara lumebua mèlu ngrasakaké kabungahané bendaramu.

24Kang tampa satalènta uga banjur maju klawan matur: Bendara, kula ngertos, bilih panjenengan punika tiyang kereng ingkang ngenèni ing papan ingkang mboten panjenengan sebari lan ngempal-ngempalaken saking papan ingkang mboten panjenengan tanemi.

25Mila kanthi ajrih, kula lajeng késah nyimpen talènta panjenengan ing salebeting siti. Lah mangga panjenengan tampèni punapa ingkang dados kagungan panjenengan!

26Bendarané banjur mangsuli: Hé, abdi kang ala lan kesèd, kowé wis ngerti, yèn aku ngenèni ing papan kang ora daksebari lan ngumpul-ngumpulaké saka papan kang ora daktanduri.

27Yèn mangkono, kowé kuduné masrahaké dhuwitku marang wong kang nglakokaké dhuwit, lan samangsa aku teka aku nampani bali, iku dalah saanakané.

28Mulané talèntané iku jaluken, banjur wènèhna marang kang duwé sapuluh talènta iku.

29Sabab sing sapa duwé, bakal kaparingan, lan bakal duwé nganti lubèr-lubèr. Nanging saka wong kang ora duwé, bakal kapundhutan sabarang darbèké kabèh.

30Anadéné abdi kang tanpa guna iku uncalna menyang pepeteng kang peteng dhéwé. Ing kono bakal ana tangis lan keroting untu."

31"Bésuk menawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyané lan sakèhing malaékat padha ndhèrèkaké, Panjenengané banjur lenggah ing dhampar kamulyané.

32Sakèhing bangsa nuli bakal kaklumpukaké ana ing ngarsané lan Panjenengané bakal misah-misahaké bangsa-bangsa iku siji lan sijiné, kayadéné pangon anggoné misah-misahaké wedhus-gèmbèl karo wedhus-bérok,

33lan pangon iku mapanaké wedhus gèmbèl ana ing tengené, déné wedhus jawa ana ing kiwané.

34Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengené: Hé, para kang binerkahan déning Ramaningsun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wus kacawisaké marang sira wiwit dumadining jagat.

35Awitdéné nalika Ingsun kerapan, sira nyaosi dhahar Ingsun; nalika Ingsun kasatan, sira nyaosi kang kanggo ngunjuk; nalika Ingsun neneka, sira nyaosi palereban;

36nalika Ingsun kelukaran, sira ngagem-ngagemi Ingsun, nalika Ingsun gerah, sira niliki Ingsun; nalika Ingsun kinunjara, sira mara nemoni Ingsun.

37Ing kono para wong kang lakuné bener iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula nyaosi dhahar, utawi kasatan lajeng kawula nyaosi ngunjuk?

38Kala punapa kawula sumerep Paduka neneka lajeng kawula nyaosi palereban, utawi kelukaran kawula agem-agemi?

39Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula marek manggihi Paduka?

40Sang Nata bakal paring wangsulan, pangandikané marang wong-wong iku: Satemené Ingsun pitutur marang sira: Sepira kang sira tindakaké marang salah siji saka sedulur-seduluringsun kang cilik dhéwé iki, iku sira tindakaké kagem Ingsun.

41Sawusé mangkono Panjenengané iya bakal ngandika marang kang ana ing kiwané: Hé wong kang padha kena ing laknat, sumingkira saka ing ngarsaningsun, menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté.

42Awit nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar Ingsun; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk;

43nalika Ingsun neneka, sira ora nampani Ingsun ing brayatira; nalika Ingsun kelukaran sira ora ngagem-agemi Ingsun; nalika Ingsun gerah lan ana ing kunjara, sira ora niliki Ingsun.

44Ing kono wong-wong mau iya bakal padha mangsuli klawan munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi neneka, utawi kelukaran utawi gerah, utawi kinunjara lan kawula mboten ngladosi Paduka?

45Panjenengané banjur bakal mangsuli wong-wong mau klawan ngandika: Satemen-temené Ingsun pitutur marang sira, sepira kang ora sira tindakaké marang kang cilik dhéwé iki, iku iya ora sira tindakaké kagem Ingsun.

46Anadéné wong-wong iku bakal padha lumebu ing paukuman langgeng, déné para wong kang lakuné bener bakal lumebu ing urip langgeng."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel