Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 26 >> 

1Sawisé Yésus mungkasi pangandikané kabèh iku mau, banjur ngandika marang para sakabaté,

2"Kowé padha mangerti, yèn rong dina manèh nyandhak dinané riyaya Paskah, lan Putraning Manungsa bakal kaulungaké supaya kasalib."

3Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa padha nglumpuk ana ing padalemané Imam Agung kang asma Kayafas,

4pirembugan bab anggoné arep nyekel Yésus kanthi paékan lan nyédani Panjenengané.

5Nanging padha celathu, "Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadèkaké gègèr ing satengahé umat."

6Nalika Yésus ana ing Bétania, ana ing omahé Simon kang lara kusta iku,

7ana wong wadon kang marek ing ngarsané Yésus, nggawa guci watu isi lenga jebad kang larang regané, banjur diesokaké ing mustakané Yésus, nalika lagi lenggah dhahar.

8Nanging para sakabat bareng weruh padha muring-muring, pangucapé, "Apa karepé pangecèh-ecèh iku?

9Sabab lenga iku rak kena didol payu larang, lan didanakaké marang wong-wong miskin."

10Nanging Yésus pirsa, banjur ngandika marang para sakabat, "Yagéné kowé padha ngganggu-gawé wong wadon iki? Awit panggawé becik kang katandukaké marang Aku.

11Wong-wong miskin iku salawasé ana ing kowé, nanging ora salawasé Aku ana ing kowé.

12Amarga anggoné ngesokaké lenga ing awakku iku, kanggo nyawisaké anggonku bakal kakubur.

13Sanyatané Aku pitutur marang kowé, ana ing ngendi baé Injil iki diwartakaké ing saindenging jagat, apa kang katindakaké iku bakal kacaritakaké uga minangka pangéling-éling marang wong wadon iku."

14Sawisé iku salah sawijining sakabat rolas, kang jenengé Yudas Iskariot, marani para pangareping imam,

15lan matur, "Panjenengan badhé maringi punapa dhateng kula, supados kula masrahaken tiyang punika dhateng panjenengan?" Para pangareping imam banjur ngulungaké telung puluh sèkel pérak marang Yudas.

16Lan wiwit nalika iku Yudas golèk wektu kang cocog kanggo masrahaké Yésus.

17Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tanpa Ragi, para sakabat padha marek ing ngarsané Yésus lan matur, "Gusti ngersakaken wonten ing pundi anggèn kawula nyawisaken papan kagem dhahar Paskah?"

18Panjenengané ngandika, "Padha menyanga kutha, menyang enggoné si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: Wektuku wus cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatku ana ing omahmu."

19Para sakabat banjur nindakaké kaya kang kadhawuhaké déning Yésus lan nyawisaké Paskah.

20Bareng wus soré, Panjenengané lenggah dhahar bebarengan karo para sakabaté rolas.

21Lan sajroné padha mangan, Panjenengané ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, yèn salah siji saka ing antaramu bakal ngiyanati Aku."

22Para sakabat padha sedhih banget sarta wiwit padha munjuk mbaka siji genti-genti, "Rak sanès kawula, ta, Gusti?"

23Déné minangka wangsulan, Panjenengané ngandika, "Sing bebarengan karo Aku nyelupaké tangan ing mangkok iki, iya iku kang bakal ngulungaké Aku.

24Putraning Manungsa pancèn bakal jengkar, kaya kang katulis tumrap Panjenengané, nanging bilai wong kang awit saka pokal-gawéné Putraning Manungsa kaulungaké. Saupama wong iku ora kalairaké, iku luwih becik."

25Yudas kang bakal ngulungaké Panjenengané banjur matur, "Rak sanès kawula, ta, Guru?" Panjenengané ngandika marang Yudas, "Kowé wus kandha dhéwé!"

26Nalika padha mangan, Yésus mundhut roti, lan sawusé saos-sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti iku sarta maringaké marang para sakabat lan ngandika, "Padha tampanana, panganen, iki badanku."

27Panjenengané nuli mundhut tuwung lan sawusé saos-sokur banjur maringaké marang para sakabaté, pangandikané, "Padha ngombéa kabèh saka ing tuwung iki.

28Sabab iki getihku, getihing prajanjian kang kawutahaké kanggo wong akèh, murih apuraning dosa.

29Nanging Aku pitutur marang kowé: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombé manèh pametuning wit anggur iki, nganti tekan wektuné Aku lan kowé padha ngombé kang anyar ana ing Kratoning Ramaku."

30Sawisé padha ngunjukaké kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang Gunung Zaitun.

31Yésus banjur ngandika marang para sakabat, "Ing bengi iki kowé kabèh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab wis tinulis, mangkéné: Ingsun bakal nggebag juru pangoné lan wedhus-wedhusé ing pepanthané bakal kabuyaraké.

32Nanging sawisé Aku tangi, Aku bakal ndhisiki kowé kabèh menyang Galiléa."

33Pétrus tumuli matur marang Panjenengané, "Sanadyan sadaya sami kecuwan dhateng Gusti babar pisan kawula mboten badhé kecuwan."

34Pangandikané Yésus marang Pétrus, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Ing bengi iki, sadurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku kaping telu."

35Pétrus matur marang Panjenengané, "Sanadyan kawula kedah pejah sareng kaliyan Gusti, kawula mboten badhé nyélaki Gusti." Para sakabat kabèh iya padha matur kaya mangkono.

36Yésus banjur tindak karo para sakabat menyang ing panggonan kang aran Gètsémani, lan Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Padha linggiha ing kéné, sasuwéné Aku lunga mrana prelu ndedonga."

37Panjenengané ngajak Pétrus lan anaké Zébédéus loro, Panjenengané banjur wiwit sungkawa ing galih lan gorèh.

38Panjenengané nuli ngandika marang sakabat telu mau, "Atiku sedhih banget, nganti kaya arep tumeka ing pati. Padha tetepa ana ing kéné lan padha melèka ngancani Aku."

39Panjenengané banjur tindak maju sethithik sumungkem wedanané lan ndedonga, klawan matur, "Dhuh, Rama Kawula, manawi kepareng, mugi tuwung punika sumingkira saking Kawula, nanging mboten awit saking pikajeng Kawula, nanging karana karsa Paduka."

40Panjenengané banjur murugi sakabat mau lan padha ketemu turu. Panjenengané ngandika marang Pétrus, "Apa kowé padha ora kuwat melèk ngancani Aku sajam baé?

41Padha melèka lan ndedongaa, supaya kowé aja kena ing panggodha. Roh iku pancèn cumadhang, nanging sipating manungsa iku ringkih."

42Kang kaping pindhoné Panjenengané tindak manèh lan ndedonga, "Dhuh, Rama Kawula, manawi tuwung punika mboten saged sumingkir, kajawi Kawula ombé, lah kalampaha ing sakarsa Paduka."

43Lan nalika Panjenengané wangsul manèh, para sakabat ketemu padha turu, sabab mripaté mbliyut.

44Panjenengané banjur nilar para sakabaté manèh tindak ndedonga kaping teluné, pandongané padha kaya kang uwis.

45Sawisé mangkono banjur murugi para sakabaté lan ngandika, "Apa kowé isih padha turu lan ngaso? Lah wis tekan wektuné Putraning Manungsa kaulungaké marang tanganing wong-wong dosa.

46Padha tangia, payo padha lunga, kang ngulungaké Aku wus cedhak."

47Nalika Yésus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat rolas, teka bebarengan karo wong golongan gedhé kongkonané para pangarepé imam lan para pinituwané bangsa, kanthi nggawa pedhang lan penthung.

48Déné kang ngulungaké Panjenengané wis awèh tandha marang wong-wong mau klawan ngucap, "Kang bakal dakcucup, yaiku wongé, cekelen wong iku!"

49Lan Yudas tumuli marek ing ngarsané Yésus sarta matur, "Ngaturaken salam, Rabbi," sarta nyucup Panjenengané.

50Yésus tumuli ngandika marang Yudas, "Hé, kanca, prelumu apa kowé teka mréné?" Wong-wong mau banjur padha ngangseg lan nyepeng Panjenengané.

51Salah siji saka kang padha ndhèrèk Yésus gumragèh tangané ngunus pedhangé lan nyabet abdiné Imam Agung, merung kupingé.

52Yésus tumuli ngandika marang kang medhang iku, "Pedhangmu balèkna ing rangkané, awit kabèh wong kang olah-pedhang, bakal tiwas déning pedhang.

53Utawa apa kokkira yèn Aku ora bisa nyuwun marang Ramaku lan Panjenengané sanalika bakal ngirimaké marang Aku malaékat luwih saka rolas legiun?

54Yèn mangkono, banjur kepriyé anggoné katetepan tulisan-tulisan kang mratélakaké yèn pancèn kudu kalakon kaya mangkono iku?"

55Ing nalika iku Yésus ngandika marang wong akèh mau, "Kowé padha teka arep nyekel Aku kok kaya ngadhepi bégal kanthi nganggo pedhang lan penthung? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci lan kowé ora nyekel Aku.

56Nanging kabèh iki kelakon supaya katetepan tulisan-tulisané para nabi." Para sakabat kabèh banjur padha ninggal Panjenengané lan padha lumayu sumingkir.

57Para kang nyekel Yésus banjur ngirid Panjenengané menyang dalemé Imam Agung Kayafas. Ing kono para ahli Torèt lan para pinituwa wus padha nglumpuk.

58Pétrus ngetutaké Panjenengané saka kadohan nganti tekan ing plataran dalemé Imam Agung, lan bareng wis mlebu banjur linggih ing antarané para abdi, arep nyumurupi kepriyé kedadéané prakara.

59Para pangareping imam, malah sapepaké Pradata Agama padha golèk seksi palsu kang nglawan Yésus, supaya bisa nyédani Panjenengané,

60nanging padha ora bisa nemu, sanadyan akèh seksi palsu kang padha maju. Wasana ana loro kang maju,

61lan matur, "Tiyang punika naté cariyos: Aku bisa mbubrah Padalemané Allah lan bisa mbangun manèh sajroning telung dina."

62Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Panjenengané, "Apa kowé ora mangsuli apa-apa marang pandakwané seksi-seksi iki?"

63Nanging Yésus kèndel baé. Imam Agung banjur ngandika marang Panjenengané, "Demi Allah kang asipat gesang, kowé kandhaa marang aku kabèh, apa kowé iku Kristus, Putraning Allah?"

64Yésus ngandika marang Imam Agung, "Kowé wus nyebutaké. Éwasamana Aku pitutur marang kowé kabèh: Wiwit saiki kowé padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengené Kang Mahakwasa lan rawuh nitih méganing langit."

65Ing kono Imam Agung banjur nyuwèk pangagemané lan ngandika, "Wong iki ngucapaké panyenyamah. Yagéné kita kok isih mbutuhaké seksi-seksi? Lah sapunika panjenengan sampun mireng anggènipun nyenyamah.

66Kadospundi panimbang panjenengan?" Wong-wong padha mangsuli klawan celathu, "Tiyang punika kedah kaukum pejah."

67Banjur padha ngidoni pasuryané lan njotosi Panjenengané; déné liyané napuki.

68kanthi ngucap: "Hé, Kristus, coba kandhakna marang aku kabèh, sapa kang napuk kowé?"

69Nalika samana Pétrus linggih ana ing jaba, ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdi wadon kang nekani lan alok, "Sampéyan inggih tumut kaliyan Yésus, tiyang Galiléa niku?"

70Nanging Pétrus sélak ana ing ngarepé wong kabèh, pangucapé, "Kula mboten ngerti sampéyan niku kandha napa."

71Bareng dhèwèké menyang ing régol, ana abdi liyané kang weruh, banjur kandha karo wong-wong kang ana ing kono, "Wong iki iya mèlu Yésus, wong Nasarèt iku."

72Nanging Pétrus sélak manèh kanthi sumpah, "Kula mboten wanuh kalih tiyang niku."

73Ora let suwé wong-wong sing padha ngadeg ana kono padha marani Pétrus lan celathu, "Satemen-temené kowé iya panunggalané wong iku, omonganmu kanthi cetha mratélakaké kowé iku sapa."

74Pétrus banjur wiwit nyupatani awaké dhéwé lan sumpah, "Kula mboten wanuh kalih tiyang niku." Ing nalika iku uga banjur ana jago kluruk.

75Pétrus nuli kèlingan pangandikané Yésus marang dhèwèké, "Sadurungé jago kluruk, kowé wus nyélaki Aku ping telu." Mulané banjur metu lan nangis kelara-lara.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel