Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 27 >> 

1Bareng wis ésuk, pangareping imam kabèh lan pinituwaning bangsa padha nglumpuk lan gawé keputusan tumrap Yésus nedya nyédani Panjenengané.

2Lan sawisé mbanda Panjenengané, wong-wong iku banjur ngirid Panjenengané lan masrahaké marang Pilatus, Gubernur ing wilayah kono.

3Nalika Yudas, sakabat kang ngulungaké iku weruh Panjenengané bakal kasédanan, temah kanthi keduwung, banjur mbalèkaké dhuwit telung puluh sèkel pérak marang para pangarepé imam lan pinituwa,

4kalawan matur, "Kula damel dosa, kanthi ngulungaken rah resik." Nanging wong-wong iku padha mangsuli, "Apa urusané iku karo aku sakkanca? Mesthiné kowé dhéwé kang ngrampungi prekara iku!"

5Lan karo nguncalaké dhuwité iku ana sajroning Padaleman Suci, Yudas sumingkir saka kono lan nggantung.

6Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha kandha, "Dhuwit iki ora kena kalebokaké ing pethi pisungsung, sabab iki dhuwit getih."

7Sawisé padha rembugan banjur tuku palemahané kundhi nganggo dhuwit iku minangka pakuburané wong-wong manca.

8Mulané palemahan mau sapréné diarani: Palemahan Getih.

9Kang mangkono iku dadi wus katetepan pangandika lantaran Yérémia kang dhawuh, "Padha nampani dhuwit telung puluh sèkel pérak, yaiku ajiné wong manut katetepaning rega ing satengahé bani Israèl,

10lan dhuwit mau banjur katukokaké palemahané kundhi, kaya anggoné Pangéran dhawuh marang aku."

11Yésus banjur kaadhepaké ing ngarsané gubernur, lan gubernur nuli ndangu Panjenengané klawan ngandika, "Punapa panjenengan rajanipun tiyang Yahudi?" Yésus ngandika, "Panjenengan piyambak mastani makaten."

12Déné tumrap panggugat marang Panjenengané déning para pangarepé imam lan para pinituwa, Panjenengané ora paring wangsulan apa-apa.

13Pilatus banjur ngandika marang Panjenengané, "Punapa Panjenengan mboten mirengaken gugatanipun para seksi ingkang samanten kathahipun punika?"

14Panjenengané ora paring wangsulan, nganti ndadèkaké gumuné Pilatus.

15Anadéné ing saben mangsa riyaya, adaté gubernur nglilani luwaré tawanan siji kang dikarepaké wong akèh.

16Mangka ing nalika iku ana wong siji kang kawentar alané, jenengé (Yésus) Barabbas.

17Sarèhné wong-wong wus padha nglumpuk, Pilatus ngandika marang wong-wong iku, "Sapa sing kokkarepaké supaya dakluwari, (Yésus) Barabbas, apa Yésus kang kasebut Kristus?"

18Sabab Pilatus wus pirsa, yèn wong-wong iku padha masrahaké Panjenengané awit saka drengkining ati.

19Nalika Panjenengané lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwané utusan matur, "Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prekawisipun tiyang mursid punika, awit wau dalu damel sisah kula salebetipun ngimpi karana Panjenenganipun."

20Nanging para pangarepé imam lan para pinituwa, padha ngojok-ojoki wong golongan supaya nyuwun Barabbas kaluwarana lan Yésus diukum pati.

21Gubernur banjur mangsuli lan ngandika marang wong golongan iku, "Saka ing antarané wong loro iku sapa kang kokkarepaké supaya dakluwari?" Wong golongan tumuli matur, "Barabbas!"

22Pilatus ndangu manèh, "Yèn mangkono apa kang kudu daktindakaké tumrap Yésus kang kasebut Kristus iku?" Kabèh padha matur, "Tiyang punika kasaliba!"

23Éwadéné Pilatus ngandika, "Iku awit saka kadurakan apa kang wus katindakaké?" Nanging wong golongan iku sangsaya seru pambengoké, tembungé, "Tiyang punika kasaliba!"

24Bareng Pilatus pirsa, yèn pambudidayané bakal tanpa guna, nanging malah wiwit gègèran, panjenengané tumuli mundhut banyu sarta wijik asta ana ing ngarepé wong golongan iku karo ngandika, "Aku ora kaluputan tumrap getihé wong iki; padha rampungana dhéwé!"

25Lan wong kabèh padha mangsuli klawan matur, "Rahipun dhumawaha ing kawula lan anak-anak kawula."

26Pilatus banjur ngluwari Barabas nuruti karebé wong akèh iku, lan sawisé nindakaké paukuman sapu marang Yésus, panjenengané banjur masrahaké Yésus supaya kasalib.

27Para prajurité gubernur banjur ngirid Yésus mlebu ing gedhong pangadilan lan nglumpukaké prajurit sabataliyon wutuh ngepung Panjenengané.

28Lan sawusé ngrucat jubah agemané, para prajurit iku banjur ngagemaké jubah wungu marang Panjenengané,

29sarta padha nganam makutha eri diagemaké ing mustakané, apadéné ing astané tengen dicepengi glagah. Tumuli padha jèngkèng ana ing ngarsané kambi moyoki, pangucapé, "Ngaturaken salam bekti, dhuh Rajanipun tiyang Yahudi!"

30Lan karo ngidoni Panjenengané, banjur padha njupuk glagahé iku mau sarta kagebagaké ing mustakané.

31Sawusé padha moyoki Panjenengané, tumuli padha ngrucat jubahé lan ngagemaké pangagemané piyambak, banjur nglarak Panjenengané metu arep disalib.

32Nalika padha lumaku metu menyang njaban kutha, kepethuk wong saka ing Kiréné, jenengé Simon. Para prajurit meksa wong iku supaya manggul salibé Yésus.

33Lakuné banjur tekan ing panggonan kang aran Golgota, tegesé pacumplungan.

34Padha nyaosi ngunjuk Panjenengané anggur kang dicampur rempelu; lan bareng ngedhapi, Panjenengané ora karsa ngunjuk.

35Sawisé padha nyalib Panjenengané, para prajurit banjur padha ngedum-edum pangagemané sarana dilotré.

36Para prajurit nuli padha lungguh, njaga Panjenengané.

37Sarta padha masang pandakwa bab kaluputané Panjenengané sarana tulisan ana ing sandhuwuré mustakané, uniné, "Iki Yésus rajané wong Yahudi."

38Nalika samana ana bégal loro kasalib bareng karo Panjenengané, siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwa.

39Anadéné wong-wong kang padha liwat, padha ngala-ala marang Yésus, kambi gèdhèg-gèdhèg

40lan padha ngucap, "Hé, kowé, kang arep mbubrah Padaleman Suci lan mbangun sajroné telung dina, luwarana awakmu dhéwé: Déné menawa kowé iku Putrané Allah, mudhuna saka ing salib!"

41Mangkono uga para pangarepé imam padha moyoki bareng karo para ahli Torèt sarta para pinituwa, pangucapé,

42"Wong iku wis nylametaké wong liya, nanging nylametaké awaké dhéwé ora bisa! Menawa wong iku rajané Israèl, saiki karebèn mudhun saka ing salib lan aku bakal padha pracaya.

43Wong iku wis kumandel marang Allah, déné saiki karebèn Allah sing nylametaké, yèn pancèn Allah kepareng ing penggalih, sabab wong iku rak wus kandha: Aku iku Putrané Allah."

44Dalah bégal-bégal kang bareng disalib iya ngala-ala Panjenengané mangkono.

45Wiwit jam rolas nganti tekan jam telu ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh.

46Kira-kira jam telu, Yésus nywanten sora, "Éli, Éli, lama sabakhtani?" Tegesé: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa déné Paduka nilar Kawula?

47Krungu kang mangkono iku wong sawatara kang padha ngadeg ana ing kono padha ngucap, "Wong iki ngundang Elia."

48Sanalika ana wong siji saka antarané wong-wong iku mlayu, njupuk jamur karang, lan sawisé dicelupaké anggur kecut, diubetaké ing glagah banjur kacaosaké Panjenengané supaya kaunjuk.

49Nanging wong-wong liyané padha ngucap, "Wis ta enengna baé, kita arep padha weruh, apa Élia rawuh nylametaké wong kuwi."

50Yésus banjur nywanten sora, nuli masrahaké nyawané.

51Ing kono geberé Padaleman Suci suwèk dadi loro wiwit saka ndhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta parang-parang padha bengkah,

52apadéné kubur-kubur padha menga, lan akèh para suci kang wus padha mati, padha katangèkaké.

53Bareng wis padha metu saka ing kubur, lan sawisé wunguné Panjenengané, para suci kang katangèkaké iku padha lumebu ing kutha suci sarta padha ngaton marang wong akèh.

54Panggedhéning prajurit lan para kang njaga Yésus bebarengan padha ngrasakaké lindhu lan nyipati apa kang wus kelakon, padha banget wediné, lan padha ngucap mangkéné, "Sanyata Panjenengané iku Putraning Allah."

55Ing kono ana wong wadon akèh kang padha ngawasaké saka kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndhèrèkaké Yésus saka ing Galiléa prelu ngladosi Panjenengané.

56Ing antarané yaiku: Maria Magdaléna, lan Maria ibuné Yakobus lan Yusuf, sarta ibuné anak-anaké Zébédéus.

57Bareng soré ana wong sugih teka saka Arimatéa, jenengé Yusuf, kang uga wus dadi muridé Yésus,

58wong iku séba ing ngarsané Pilatus nyuwun layoné Yésus. Pilatus banjur dhawuh maringaké marang wong mau.

59Bareng Yusuf wis njupuk layoné, tumuli ngulesi layon iku nganggo mori putih kang resik,

60lan banjur nyarèkaké layon iku ana ing pakuburané kang anyar, kang tinatah ana ing padhas, lan sawisé ngglundungaké watu gedhé ana ing lawangé pasaréan, nuli mulih.

61Maria Magdaléna lan Maria sijiné padha ana ing kono padha linggih ing ngarep pasaréan.

62Ésuké, yaiku sawisé dina pacawisan, para pangareping imam lan para Farisi padha nglumpuk ing ngarsané Pilatus

63lan padha matur, "Tuwan, kula sami ènget, bilih juru panasaran punika nalika taksih gesang, cariyos makaten: Sawisé telung dina Aku bakal tangi.

64Awit saking punika, mugi panjenengan ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun. Manawi mboten mekaten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng mandung Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah, Panjenengané wus wungu saka ing antarané wong mati, satemah juru panasaran ingkang kantun badhé langkung awon katimbang ingkang rumiyin."

65Pangandikané Pilatus marang wong-wong mau, "Kowé padha daklilani nggawa prajurit, padha mangkata, padha jaganen kaya kang kokkarepaké."

66Sawisé padha mangkat, wong-wong iku padha njaga pasaréan, sarta kabantu déning para prajurit nyègel watuné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel