Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 9 >> 

1Yésus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kuthané piyambak.

2Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung menyang ngarsané. Bareng Yésus pirsa pangandelé wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh, "Hé, nggèr, diteguh atimu, dosamu wis kaapura."

3Lah tumuli ana ahli Torèt sawatara sing padha ngunandika, "Wong iku nyenyamah marang Allah."

4Nanging Yésus pirsa kang dadi panggraitané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Yagéné kowé padha duwé panggraita kang ala ana ing atimu?

5Gampang endi kandha: Dosa-dosamu wis diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?

6Nanging supaya kowé padha mangerti, yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa ana ing bumi iki," banjur ngandika marang kang lumpuh "Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!"

7Wongé iya banjur ngadeg lan mulih.

8Wong golongan bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Allah, kang wis paring pangwasa nganti samono marang manungsa.

9Sawusé Yésus jengkar saka ing kono, banjur pirsa wong kang jenengé Matius linggih ing pabéyan iku, nuli dipangandikani, "Mèlua Aku!" Matius banjur ngadeg lan ndhèrèkaké Panjenengané.

10Kacarita nalika Yésus lenggah dhahar ana ing omahé, ana juru-narik-pajeg akèh lan wong-wong dosa kang padha teka ndhèrèk dhahar kalawan Yésus dalah para sakabaté.

11Bareng para Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabaté "Yagéné gurumu kok mangan bebarengan karo juru-narik-pajeg lan wong dosa?"

12Yésus midanget, nuli ngandika, "Wong waras iku ora butuh dhokter, sing butuh iku wong sing lara.

13Wis, padha sumingkira, padha sinaua ngerti isining pangandika, kang surasané: Kang sunkarsakaké iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaku iki ora ngundang wong mursid, nanging wong dosa."

14Kacarita para sakabaté Yohanes padha sowan ing ngarsané Yésus, lan munjuk, "Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat kok mboten?"

15Yésus banjur paring wangsulan marang wong-wong iku, "Apa iya bisa para dhayohé bawahan manton padha susah-susah sasuwéné pengantèné isih ana? Nanging bakal ana wektuné, pengantèn iku kabedhol, ing kono bakal padha pasa.

16Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwèkan anyar, awit tambalané iku bakal nyuwèkaké sandhangan mau, temahan malah saya amba bedhahé.

17Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing kanthong kulit kang lawas, amarga yèn mangkono kanthong kulité mesthi bedhah, angguré banjur wutah, kanthong kulité rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing kanthong kulit anyar, dadi loro-loroné tetep kanggo ing gawé."

18Sajroné Yésus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang marek sujud lan matur, "Anak kawula èstri saweg kémawon tilar donya éwasemanten mugi Paduka karsa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhé gesang malih."

19Yésus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabaté.

20Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawasé, kang nyedhaki Panjenengané saka ing buri lan ndemèk gombyoking jubahé.

21Amarga duwé osik mangkéné, "Angger aku bisa ndemèk jubahé, mesthi waras."

22Nanging Yésus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika, "Diteteg atimu, nggèr, pracayamu kang mitulungi kowé." Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.

23Bareng Yésus rawuh ing omahé lelurah mau, sarta pirsa panyuling lan wong golongan kang padha ribut,

24banjur ngandika, "Wis, padha sumingkira; bocahé ora mati, mung lagi turu." Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengané.

25Sawisé wong golongan iku padha sumingkir, Panjenengané nuli lumebet sarta ngasta tangané si bocah. Bocahé banjur tangi.

26Pawartané lelakon iku banjur sumebar ing satanah kono kabèh.

27Nalika Yésus nglajengaké tindaké saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nywara sora, unjuké, "Dhuh, tedhakipun Daud, kawula mugi Paduka welasi."

28Bareng Panjenengané wis lumebet ing dalem, wong wuta mau padha marek ing ngarsané, Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Apa kowé padha ngandel yèn Aku bisa nindakaké mangkono?" Atur wangsulané, "Inggih, Gusti, kawula sami pitados."

29Panjenengané banjur ndhumuki mripaté wong-wong mau sarta ngandika, "Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu."

30Mripaté banjur kaelèkaké. Yésus banjur manti-manti marang wong-wong mau, "Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong."

31Éwasamono saunduré tumuli padha nyuwuraké Panjenengané ana ing sawratané wilayah kono kabèh.

32Saunduré wong-wong mau banjur ana wong bisu kapanjingan sétan kang kairid ing ngarsané Yésus.

33Bareng sétan wis ditundhung, kang bisu mau bisa guneman. Wong-wong padha kaéraman kabèh, pangucapé, "Kang kaya mangkono iku durung tau kelakon ana ing Israèl."

34Nanging ujaré para Farisi, "Anggoné nundhungi sétan iku kanthi pangwasané panggedhéning para dhemit."

35Yésus tumuli tindak ndlajahi sakèhing kutha lan désa, memulang ana ing papan-papan pangibadahé sarta nggelaraké Injilé Kraton, apadéné nyarasaké sakèhing lelara lan memala.

36Bareng Panjenengané pirsa wong golongan iku, trenyuh banget panggalihé marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopèn kaya wedhus kang ora ana pangoné.

37Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Panèné gedhé, nanging kang derep mung sathithik.

38Mulané padha nyuwuna marang Gusti kang kagungan panèn, supaya karsa maringi wong derep kanggo panènané iku."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel