Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 13 >> 

1Nalika Yésus jengkar saka Padaleman Suci, ana sakabaté siji kang matur marang Panjenengané, "Guru, sumangga Panjenengan pirsani; saiba anggènipun ngébat-ébati séla-séla sarta éndahing bangunan-bangunan punika!"

2Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Kowé weruh bangunan-bangunan kang ngébat-ébati iki? Bakal ora ana watu kang isih tumumpang ing watu liyané, kabèh bakal kajugrugaké."

3Nalika Yésus lenggah ing pèrènging Gunung Zaitun ngadhepaké Padaleman Suci, Pétrus, Yakobus, Yohanes lan Andréas padha matur dhéwékan marang Panjenengané,

4"Gusti mugi ngandika dhateng kawula sadaya, bénjing punapa punika wau badhé kelampahan, sarta punapa pratandhanipun samangsa sadaya punika dumugi ing pungkasanipun?"

5Yésus banjur wiwit ngandika marang sakabat papat, "Kowé padha diwaspada supaya aja ana kang nasaraké kowé!

6Bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku, karo kandha: Iya aku iki Panjenengané, sarta bakal nasaraké wong pirang-pirang.

7Menawa kowé padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja geter atimu. Iku kabèh kudu kelakon, éwadéné iku durung tekan pungkasané.

8Awit bangsa siji bakal nempuh marang bangsa liyané, lan kraton siji marang kraton liyané. Ing endi-endi bakal ana lindhu sarta paceklik. Kabèh iku dadi wiwitaning kasangsaran, ngarepaké jaman anyar.

9Nanging kowé, padha dingati-ati marang awakmu dhéwé! Kowé bakal padha diladèkaké marang pradata agama; kowé bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal padha diadhepaké ing ngarsané para pangwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi tumrap wong-wong iku.

10Nanging Injil kudu diwartakaké dhisik marang sakèhing bangsa.

11Déné samangsa wong-wong iku padha nggiring kowé, nedya masrahaké kowé, kowé aja padha sumelang, bab apa kang kudu kokucapaké, nanging padha ngucapna apa baé kang nalika iku kaparingaké marang kowé, awit dudu kowé kang padha kandha, nanging Roh Suci kang ngandika.

12Sadulur bakal masrahaké saduluré supaya dipatèni, samono uga bapa masrahaké anaké sarta anak-anak bakal padha nglawan lan matèni wong tuwané.

13Kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku. Nanging sing sapa tahan nganti tumeka ing wekasan, iku bakal kapitulungan."

14"Samangsa kowé padha weruh ‘Pangrusak kang ambeg siya’ mapan ana panggonan kang ora samestiné -- sing sapa padha maca, iku mangerti - para kang manggon ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan.

15Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka omahé,

16lan kang lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané.

17Nanging cilaka banget para ibu kang lagi ngandheg lan kang padha nusoni ing waktu iku.

18Padha ndedongaa, supaya iku ora kelakon ing mangsa adhem.

19Amarga ing dina-dina iku bakal ana panyiksa kaya kang durung tau kelakon, wiwit wiwitaning donya kang dititahaké déning Allah nganti sepréné, lan iya ora bakal kelakon manèh.

20Lan saupama Pangéran ora nyepetaké wektuné, ora ana wong siji baé kang bakal kapitulungan; nanging marga saka para wong pilihan, kang wus kapilih déning Panjenengané, wektuné kacepetaké.

21Ing nalika iku menawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen, Mésias ana ing kéné, utawa: Delengen, Panjenengané ana ing kana, kowé aja padha ngandel.

22Sabab bakal ana Mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal padha muncul lan bakal padha gawé pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepé, bisaa kanggo nasaraké para wong pilihan.

23Déné kowé padha diawas! Aku wus ngandhakaké iki kabèh marang kowé sadurungé."

24"Nanging ing dina-dina iku, sawisé panyiksa mau, srengéngé bakal dadi peteng lan rembulan ilang padhangé

25sarta lintang-lintang bakal padha rontog saka ing langit, apadéné para pangwasa kang ana ing langit bakal padha guncang.

26Ing nalika iku wong-wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh sarana méga ngagem sakèhing pangwasa lan kamulyané.

27Apadéné Panjenengané banjur bakal ngutus malaékat-malaékat sarta bakal nglumpukaké para wong pilihan kagungané saka kéblat papat, saka pungkasané bumi tekan pungkasané langit.

28Padha sinaua saka kaanané bab wit anjir: Samangsa pangé wiwit lemes lan semi, kowé padha ngerti, yèn wus mèh mangsa panas.

29Uga samangsa kowé padha weruh prakara-prakara iku kelakon, kowé padha ngertia, yèn wis mèh tekan waktuné, wus ana ing ngarep lawang.

30Satemené Aku pitutur marang kowé yèn angkatan iki ora bakal sirna sadurungé iku mau kabèh kelakon.

31Langit lan bumi bakal sirna, nanging tetembunganku ora bakal sirna.

32Déné mungguh dinané utawa waktuné, iku ora ana wong siji baé kang sumurup, mangkono uga para malaékat ing swarga, dalah Sang Putra iya ora, kajaba Sang Rama."

33"Kowé padha jaga-jagaa, tansah padha melèka! awit kowé padha ora sumurup kapan waktuné.

34Iku upamané kaya wong kang lelungan, ninggal omahé lan dipasrahaké marang para abdiné, padha kabubuhan ayahané dhéwé-dhéwé; sarta mréntahaké marang kang jaga régol supaya melèk.

35Mulané padha melèka, awit kowé padha ora sumurup, kapan kang duwé omah iku arep teka, apa ngarepaké wengi, apa tengah wengi, apa wayah jago kluruk, apa bangun ésuk,

36supaya samangsa kang duwé omah iku dumadakan teka, ora mrangguli kowé lagi padha turu.

37Anadéné kang dakkandhakaké marang kowé, iku dakkandhakaké marang wong kabèh: Padha melèka!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel