Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 6 >> 

1Yésus banjur jengkar saka kono lan rawuh ing papan asalé, déné para sakabaté padha ndhèrèkaké Panjenengané.

2Ing dina Sabat, Panjenengané wiwit memulang ana ing papan pangibadah, lan wong akèh kang padha ngrungokaké gumun banget, klawan ngucap, "Wong iku anggoné olèh iku kabèh saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingaké marang wong iku? Sarta kepriyé déné pangwasa kang ngéram-éramaké kang kaya mangkono iku bisa katindakaké sarana tangané?

3Apa wong iku dudu tukang kayu, anaké Maria, saduluré Yakobus, Yosès, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-saduluré wadon ora padha manggon ing kéné ing satengah kita?" Wong-wong iku temah padha nampik Panjenengané.

4Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Nabi iku mesthi kajèn ana ing ngendi-endi, kejaba ana ing papan asalé lan ing satengahé kulawargané sarta ing omahé dhéwé."

5Ana ing kono Panjenengané ora saged nindakaké pangwasa kang ngéram-éramaké liyané, kajaba mung nyarasaké wong lara sawatara sarana numpangi asta.

6Panjenengané gumun banget awit saka anggoné wong-wong mau padha ora pracaya. (6-6b) Yesus banjur tindak ndlajahi desa-desa karo memulang.

7Panjenengané nimbali marek sakabat rolas iku sarta wiwit ngutus para sakabat mau ngloro-ngloro. Panjenengané maringi pangwasa marang para sakabat tumrap roh-roh jahat,

8apadéné ndhawuhi para sakabat supaya ora sangu apa-apa kanggo ana ing dalan, kejaba mung teken; aja padha nggawa roti, aja nggawa kanthong, dhuwit ing sabuk iya ora,

9nanging kena nganggo trumpah, lan aja padha nggawa sandhangan rangkep.

10Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Ing endi baé, yèn kowé padha mlebu ing sawijining omah, kowé padha manggona ana ing kono nganti salungamu.

11Déné menawa ana panggonan kang ora nampa kowé lan uga ora ngrungokaké kandhamu, nalikané kowé padha ninggal papan kono, ketabna lebu kang tumèmpèl ing tlapakanmu minangka paseksi marang wong-wong mau."

12Para sakabat banjur padha lunga martakaké supaya wong padha mratobat,

13lan padha nundhungi sétan akèh, apadéné medhaki wong pirang-pirang nganggo lenga dadi lan warasé.

14Raja Hérodès iya midhanget bab Yésus, awit asmané wus misuwur, lan wong padha ngandhakaké, "Yohanes Pambaptis wus kawungokaké saka ing antarané wong mati, mulané pangwasa kang ngéram-éramaké iku makarya ana ing Panjenengané."

15Déné wong-wong liyané padha ngucap, "Iku Élia!" Nanging wong-wong liyané padha nuturaké, "Iku nabi kayadéné nabi-nabi ing jaman biyèn."

16Nalika Hérodès midhanget prakara iku, banjur ngandika, "Dudu, iku Yohanes, kang wus daktigas guluné, iku wus katangèkaké."

17Amarga Hérodès piyambak wis dhawuh supaya nangkep Yohanes lan mbanda panjenengané ana ing kunjara, awit Hérodès ngalap Hérodias, garwané Filipus sadhèrèké Hérodès, dadi garwané.

18Yohanes pancèn naté ngèngetaké marang Hérodès, "Mboten wenang panjenengan mengku sémahipun sadhèrèk panjenengan!"

19Mulané Hérodias ngendhem serik marang Yohanes lan ngudi bisané nyédani panjenengané, nanging ora bisa,

20sabab Hérodès éring marang Yohanes, amarga pirsa yèn Yohanes iku priya mursid lan suci, mulané Hérodès ngayomi panjenengané. Lan manèh, samangsa midhanget pangandikané Yohanes, Hérodès kuwur panggalihé, éwadéné remen midhangetaké.

21Wusana ana wewengan kang becik tumrap Hérodias, nalika Hérodès ing dina wiyosané damel bujana kanggo para panggedhéné lan para opsiré sarta para wong kang kajèn-kéringan ing Galiléa.

22Nalika putrané putri Hérodias mlebu sarta banjur mbeksa, iku gawé renané Hérodès lan para tamuné. Raja Hérodès banjur ngandika marang putriné iku, "Kowé nyuwuna marang aku apa kang kokkarepaké, mesthi bakal dakparingi!"

23Panjenengané nuli sumpah marang putri iku, "Apa baé kang koksuwun marang aku bakal dakparingaké marang kowé, sanadyan nganti separoning kratonku pisan!"

24Putri mau banjur metu sarta matur marang ibuné, "Prayoginipun kula nyuwun punapa?" Déné ibuné mangsuli, "Sirahé Yohanes Pambaptis."

25Putri iku banjur énggal baé mlebu kanthi rerikatan marek ing ngarsané raja sarta nyuwun kalawan matur, "Ing wekdal punika ugi, kawula kepéngin bilih panjenengan maringaken dhateng kawula, sirahipun Yohanes Pambaptis wonten ing baki!"

26Raja Hérodès dadi banget sungkawa ing galih, nanging marga saka sumpahé lan karana para tamuné, panjenengané ora karsa nulak panyuwuné putri iku.

27Panjenengané banjur énggal ngutus prajurit lan dhawuh supaya nggawa mustakané Yohanes. Prajurit iku tumuli mangkat, banjur nigas janggané Yohanes ing pakunjaran.

28Nuli nggawa mustakané Yohanes ana ing baki sarta masrahaké marang putri iku, kang banjur ngaturaké marang ibuné.

29Bareng para sakabaté Yohanes krungu prakara iku, banjur padha teka sarta ngukup layoné, kang nuli kasarèkaké ana ing pakuburan.

30Para rasul tumuli padha ngumpul ana ing ngarsané Yésus lan padha ngaturaké marang Panjenengané apa kang wus padha katindakaké lan kawulangaké.

31Panjenengané banjur ngandika marang para rasul, "Ayo padha menyang panggonan kang sepi lan padha ngasoa sadhéla." Amarga wong akèh padha lunga-teka, temah padha ora kober mangan.

32Banjur padha mangkat numpak prau ndhéwé menyang panggonan kang sepi.

33Nanging nalika padha mangkat, wong akèh padha weruh lan iya padha ngerti tujuané. Tumuli wong akèh saka sakèhing kutha, kanthi laku dharat padha nusul rerikatan mrana lan padha tekan panggonan kono, ndhisiki para rasul lan Yésus.

34Nalika wus ndharat, Yésus pirsa wong golongan kang akèh cacahé, banjur tuwuh welasé marang wong golongan iku, awit padha kayadéné wedhus kang ora duwé pangon. Panjenengané nuli wiwit mulang wong golo ngan iku pirang-pirang prakara.

35Bareng wayahé wus wiwit peteng, para sakabaté padha sowan ing ngarsané lan matur, "Panggènan punika sepen, mangka wancinipun sampun wiwit peteng.

36Tiyang-tiyang punika kadhawuhana sami késah dhateng kampung-kampung tuwin dhusun-dhusun ing sakubengipun panggènan punika, supados sami tumbas tedha piyambak."

37Nanging Panjenengané paring wangsulan, "Kowé padha mènèhana mangan!" Para sakabat banjur padha munjuk marang Panjenengané, "Kawula punapa kedah sami késah tumbas roti pengaos kalih atus dinar, lajeng kawula sukakaken dhateng tiyang-tiyang punika supados sami nedha?"

38Panjenengané tumuli ngandika, "Kowé padha duwé roti pira? Padha delengen!" Bareng wus padha cetha cacahé, banjur padha matur, "Wonten roti gangsal, sarta ulam loh kalih."

39Panjenengané tumuli dhawuh marang wong-wong mau, supaya kabèh padha lungguh sakrompol-sakrompol ana ing pasuketan kang ijo.

40Wong-wong banjur padha lungguh krompol-krompolan kira-kira nyatus lan nyèket.

41Sawusé mendhet roti lima lan iwak loro iku, Panjenengané nuli tumenga ing langit ngucap sokur, banjur nyuwil-nyuwil rotiné lan maringaké marang para sakabaté supaya padha ngladèkaké marang wong-wong mau, apadéné Panjenengané ngedum-edum iwak loro iku marang wong-wong mau kabèh.

42Wong kabèh mau banjur padha mangan nganti wareg.

43Lan para sakabat tumuli padha ngukupi cuwilan-cuwilan sisané roti dadi rolas wakul lan uga turahan-turahané iwak.

44Déné wong lanang kang padha mèlu mangan roti iku cacahé limang èwu.

45Yésus banjur ndhawuhi para sakabaté, munggah ing prau lan mangkat ndhisiki nyabrang menyang Bètsaida; déné wong golongan didhawuhi mulih.

46Sawusé pisah saka wong golongan, Panjenengané banjur minggah ing gunung ngarsakaké ndedonga.

47Bareng wengi prauné wus ana ing tengahé tlaga, déné Panjenengané piyambakan ana ing dharatan.

48Nanging bareng pirsa para sakabat rekasa anggoné ndhayung, marga anginé nampek, watara jam telu bengi Panjenengané nusul para sakabat kalawan tindak napak ing banyuné tlaga, karsa nglancangi para sakabat.

49Bareng para sakabat padha weruh Panjenengané tindak napak ing banyuné tlaga, padha ngira yèn Panjenengané iku memedi, banjur padha bengok-bengok,

50sabab kabèh padha meruhi Panjenengané, temah padha wedi banget. Nanging Panjenengané banjur énggal ngandika marang para sakabat, "Padha ditatag atimu! Iki Aku, aja wedi!"

51Panjenengané banjur minggah ing prau murugi para sakabat, lan anginé tumuli sirep. Para sakabat padha banget gumuné,

52awit padha durung ngerti, sanadyan wis ngalami lelakon bab roti mau, jalaran saka wangkoting atiné.

53Bareng wus padha nyabrang, Yésus lan para sakabaté padha ndharat sarta labuh ing Génésarèt.

54Sawusé padha mentas saka prau, sanalika wong-wong padha weruh Panjenengané.

55Mulané banjur padha mlaku rerikatan ndlajahi sawilayah kono kabèh sarta wiwit padha nggotongi wong-wong lara kang nggléthak ana ing paturoné, menyang panggonan kang kaprungu dadi paleremané Panjenengané.

56Ana ing ngendi baé Panjenengané rawuh, ing désa-désa, ing kutha-kutha, utawa ing kampung-kampung, wong-wong padha nyèlèhaké kang lara iku ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengané, kalilanana ndemèk sanadyan mung gombyoking jubahé baé. Déné sakèhing wong kang padha ndemèk Panjenengané iku padha dadi waras.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran