Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 1 >> 

1Saka Paulus, abdiné Kristus Yésus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelaraké Injilé Allah,

2Injil iku wus kaprasetyakaké lantaran para nabi kaya kang katulis ing kitab-kitab suci,

3bab Sang Putra, kang cara kadagingan mijil saka tedhaké Daud,

4lan miturut Rohing kasucèn Panjenengané iku Putrané Allah, katitik ana ing wunguné saka ing antarané wong mati, yaiku Yésus Kristus, Gusti kita.

5Lantaran Panjenengané, aku padha nampa sih-rahmat sarta kalenggahan rasul marga asmané, kadhawuhan nuntun marang sakèhing bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya padha pracaya lan mbangun-turut.

6Kowé uga padha klebu ing antarané wong-wong mau, kowé kang wus padha katimbalan dadi kagungané Yésus Kristus,

7marang para Sadulur kabèh kang manggon ing Roma, kang padha ditresnani déning Allah, kang katimbalan lan kadadèkaké para suci. Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus.

8Kang kapisan, aku saos sokur marang Allahku marga déning Yésus Kristus ing ngatasé kowé kabèh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing saindenging jagat.

9Sabab Allah, kang dakladosi kanthi gumolonging atiku ing sajroné martakaké Injil bab Sang Putra, iku kang dadi seksiku menawa ing sajroné pandongaku, aku tansah ngèlingi marang kowé:

10Aku ndedonga, muga-muga marga saka karsané Allah, ing wekasané aku bisa olèh wewengan niliki kowé kabèh.

11Awit aku kepéngin banget ketemu kowé, saprelu andum ganjaran kasukman, supaya kowé padha dikuwataké,

12yaiku, supaya aku ana ing antaramu lan mèlu kalipur déning pracaya kita, aku déning pracayamu, lan kowé déning pracayaku.

13Para Sadulur, karepku supaya kowé padha mangerti, yèn aku wis kerep duwé niyat niliki kowé -- nanging nganti sapréné tansah ana alangan -- supaya ana ing tengah-tengahmu aku bisa nemu wohé, padha kaya ana ing satengahing para bangsa kang ora wanuh marang Allah.

14Aku kapotangan budi marang wong Yunani, mangkono uga marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, wong wasis lan wong bodho.

15Iya kang mangkono iku, kang njalari aku uga kepéngin martakaké Injil marang kowé kang padha manggon ing Roma.

16Sabab aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatané Allah kang njalari kaslametané saben wong kang pracaya, wiwitané wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.

17Sabab ing kono kapratélakaké anggoné Allah mbeneraké, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulis, surasane, "Wong kang kabeneraké marga saka pracayané, bakal urip."

18Sabab bebenduné Allah wis kawedharaké saka ing swarga tumrap sarupaning duraka lan pialaning manungsa kang nindhes prakara kang bener marga déning pialané.

19Awit kang disumurupi mungguhing Allah iku wis cetha tumrap wong-wong mau, jalaran Allah wis mratélakaké marang wong-wong mau.

20Awitdéné kawontenané Allah kang ora katon, yaiku kakiyatané kang langgeng sarta kaallahané, bisa katon lan dimangertèni, saka ing pakaryané, wiwit dumadiné jagat, satemah wong-wong mau padha ora bisa sélak.

21Amarga sanadyan padha mangerti marang Allah, wong-wong mau ora padha ngluhuraké Panjenengané kang jumeneng Allah, utawa ora padha saos sokur marang Panjenengané. Nanging pangangen-angené dadi padha tanpa guna, lan atiné kang bodho padha dadi peteng.

22Wong-wong mau padha rumangsa pinter, nanging satemené bodho.

23Kamulyané Allah kang langgeng dilironi wewujudan kang mèmper manungsa kang ora langgeng, manuk-manuk, kéwan-kéwan sikil papat, utawa kang rumangkang.

24Mulané Allah banjur nguja pepénginaning atiné kang jember, satemah badané dianggo jember-jinemberan.

25Wong-wong iku iya padha nglironi prakara kang bener mungguhing Allah sarana apus-apus, sarta padha memuji lan ngabekti marang titah kanthi nglalèkaké kang nitahaké, kang mesthiné pinuji-puji ing salawas-lawasé, Amin.

26Mulané Allah nguja wong-wong mau padha nuruti hawa-napsuné kang nistha, sabab kang wadon padha ora awor turu salumrahé karo bojoné, nanging padha nyulayani kodrat.

27Mangkono uga kang lanang, padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging klawan ati kang ngangah-angah tanpa isin nindakaké iku karo pepadhané wong lanang, satemah wong-wong iku padha nampani piwales kang mruwat karo durakané.

28Dadi sarèhné padha rumangsa ora prelu ngakoni Allah, mulané Allah nguja wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, satemah padha nindakaké patrap kang ora patut,

29kebak ing sarupané kadurakan, kadursilan, kasrakahan, piala, kebak drengki, gawé pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.

30Padha seneng misuh, mitenah, sengit marang Allah, kurang ajar, gumunggung, umuk, julig, ora mbangun-turut marang wong tuwa,

31tanpa budi, ora setya, ora welasan, tegelan.

32Sabab sanadyan padha mangerti marang pepundhutaning angger-anggeré Allah, yaiku yèn saben wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kaukum pati, wong-wong mau malah ora mung nglakoni dhéwé, nanging iya nyarujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran