Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 5 >> 

1Mulané kita kang wis padha kabeneraké awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Allah marga déning Gusti kita, Yésus Kristus.

2Panjenengané iku kang njalari kita padha olèh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita bombong sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.

3Lan ora mung iku baé. Kita malah iya padha bombong sajroning sangsara kita, awit kita padha mangerti menawa sangsara iku njalari tataging ati,

4lan tataging ati iku njalari tanggon, tanggon nukulaké pangarep-arep.

5Déné pangarep-arep iku mesthi ora bakal nguciwani, awit sihé Allah wis kaesokaké ing ati kita déning Roh Suci, kang wis pinaringaké marang kita.

6Awitdéné ing nalika kita isih padha apes, ing wektu kang katemtokaké déning Allah, Kristus wis nglampahi séda kanggo kita para wong duraka.

7Sabab ora gampang wong gelem mati nglabuhi wong bener -- éwadéné kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. --

8Nanging Allah wus ngatingalaké sihé marang kita ing bab iki, nalika kita isih kawengku déning dosa, Kristus wis nglampahi séda kanggo kita.

9Luwih manèh, awit kita saiki wis padha kabeneraké sarana rahé, mulané kita mesthi bakal kaslametaké lantaran Panjenengané saka bebenduning Allah.

10Sabab, menawa ing nalikané kita isih padha dadi satru wis karukunaké karo Allah déning sédané Kang Putra, méndahané manèh saiki sawisé karukunaké, mesthi kita bakal kaslametaké awit saka gesangé.

11Ora mung iku baé! Kita malah iya bakal padha ngalembana marang Allah marga déning Yésus Kristus, Gusti kita, awit lantaran Panjenengané kita saiki wus padha oleh pirukun iku.

12Mulané, padha kaya tekané dosa ing jagat jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono iku pati wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wis padha gawé dosa.

13Sabab sadurungé ana angger-anggering Torèt ing jagat wus ana dosa. Nanging dosa mau ora kaétung menawa ora ana angger-anggering Torèt.

14Sanadyan mangkono, wiwit jamané Adam tumekané Musa, pati uga wis ngwasani wong-wong kang dosané ora padha karo panerak kang katindakaké déning Adam, iya iku kang dadi gegambarané Panjenengané kang bakal rawuh.

15Nanging sih-rahmaté Allah iku ora padha karo paneraké Adam. Sabab, menawa jalaran saka paneraké wong siji wong kabèh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung manèh sih-rahmat sarta peparingé Allah kang kalubèraké marang wong akèh, kang marga saka wong siji, yaiku Yésus Kristus.

16Lan sih-rahmat iku ora timbang karo dosané wong siji. Awit pangadilan tumrap paneraké wong siji iku nekakaké paukuman, nanging peparingé sih-rahmat marga saka panerak kang akèh iku njalari pakaryané Allah kang mbeneraké.

17Sabab, yèn marga saka paneraké wong siji, pati wis ngwasani marga saka wong siji iku, méndahané manèh wong kang wis padha nampani kalubèraning sih-rahmat sarta ganjaran awujud pakaryané Allah kang mbeneraké, mesthi bakal urip lan ngwasani marga déning wong siji, yaiku Yésus Kristus.

18Dadiné padha kaya panerak siji nekakaké paukuman marang wong kabèh, mangkono uga marga saka panggawéné wong siji kang bener, njalari wong kabèh padha kabeneraké supaya urip.

19Sabab, padha kaya pambangkangé wong siji njalari wong kabèh padha dadi dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turuté wong siji wong kabèh banjur padha dadi wong bener.

20Nanging bareng angger-anggering Torèt kaparingaké, panerak dadi saya akèh, menawa dosa saya akèh, sih-rahmat dadi saya lubèr,

21supaya, padha kayadéné dosa nduwèni pangwasa ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal nduwèni pangwasa kang njalari urip langgeng marga saka pakaryané Allah kang mbeneraké, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel