Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Titus 1 >> 

1Saka Paulus, abdining Allah lan rasulé Yésus Kristus, kanggo ngrumati pracayaning para pepilihané Allah sarta kawruh ing bab kayektèn, kaya kang kababar ing pangibadah kita,

2kadhasaran pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurungé wiwitaning jaman wis kaprasetyakaké déning Allah kang ora cidra.

3Ing waktu kang kinersakaké, Panjenengané wis medhar pangandika ana ing pangundhanging Injil, kang wis kapitayakaké marang aku cundhuk karo dhawuhing Allah, Pamarta kita.

4Marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Pamarta kita, anaa ing kowé.

5Kowé daktinggal ana ing Kréta, supaya mranata apa kang isih prelu ditata sarta supaya ngangkat pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wis dakwelingaké marang kowé,

6yaiku para wong kang tanpa cacad, kang somahé siji, kang anak-anaké padha pracaya lan ora didakwa marga uripé ora pantes tuwin ora tumata.

7Amarga pamomonging pasamuwan iku dadi juru-pranatané padalemaning Allah, mulané kudu tanpa cacad, ora gumunggung, ora gampang nepsu, ora seneng endem-endeman, ora brangasan, ora srakah,

8nanging seneng awèh pamondhokan, seneng marang kang becik, wicaksana, adil, salèh, bisa ngendhalèni dhiri

9sarta ngantepi pitembungan kang bener, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata, supaya bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinaké wong kang padha nglawan.

10Amarga wis akèh wong kang uripé padha ora tumata, luwih manèh saka panunggalané wong kang ngugemi pranatan tetak; iku padha nasaraké wong nganggo tembung-tembung ngayawara.

11Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem, awit iku gawé kisruhing brayat akèh kalawan piwulangé kang ora patut, supaya olèh kauntungan kang nistha.

12Ana panunggalané wong-wong iku, yaiku nabiné dhéwé, iku tau kandha mangkéné, "Dhasar wong Kréta iku tukang goroh, kéwan galak lan wong dremba kang kesèd."

13Paseksi mangkono iku bener. Awit saka iku welèhna kang banget, supaya pracayané dadi pulih,

14sarta aja manèh-manèh nggatèkaké marang dongèng-dongèng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang nyingkur kayektèn.

15Tumrap wong kang suci, samubarang kabèh iku resik, nanging tumrap wong kang najis lan kang ora pracaya, ora ana barang siji baé kang resik, awit pikirané lan osiking atiné najis.

16Wong-wong iku ngakuné padha wanuh marang Allah, nanging kalawan tingkah-lakuné, padha nyélaki Panjenengané. Padha njemberi lan murang sarak sarta ora bisa nindakaké samubarang kang becik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Titus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel