Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 17 >> 

1Salah sijiné malaékat pitu kang ngasta bokor pitu iku mau, rawuh sarta ngandika marang aku, "Mrénéa, aku bakal nuduhaké marang kowé paukumané sundel gedhé, kang lungguh ana ing papan kang akèh banyuné.

2Para raja ing bumi padha tumindak cabul karo sundel mau, lan para wong kang manggon ing bumi wis padha mendem déning angguring bédhangé."

3Ing sajroning roh aku digawa menyang ara-ara samun. Aku weruh ana wanita nunggang kéwan abang sulak wungu, kang awaké kebak tulisan jeneng-jeneng panyenyamah. Kéwan iku endhasé pitu lan sunguné sapuluh.

4Déné wanita mau manganggo sarwa wungu lan jingga, sarta nganggo rerenggan emas, sesotya lan mutiyara, sarta ing tangané nyekel tuwung emas kang kebak sakèhing barang najis lan jejembering laku cabul.

5Lan ing bathuké tinulisan jeneng, sawijining wewadi, "Babél gedhé baboning para sundel lan sakèhing panggawé nistha ing bumi."

6Anadéné aku weruh wanita mau mendem marga ngombé getihé para suci lan para seksiné Yésus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.

7Malaékat mau tumuli ngandika marang aku, "Yagéné kowé gumun? Kowé dakkandhani wewadiné wanita lan wewadiné kéwan tunggangané kang endhasé pitu lan sunguné sapuluh iku.

8Kéwan kang kokdeleng iku mauné ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng palimenganing pati, sarta bakal ngalami rusak. Anadéné para kang manggon ana ing bumi, kang jenengé ora tinulis ing buku kauripan wiwit jagat tinalesan, iku bakal padha kaéraman, samangsa padha weruh kéwan iku, déné mauné ana saiki ora ana, mangka bakal ana manèh.

9Kang prelu ing kéné yaiku budi kang wicaksana: endhas pitu iku ngibarati gunung pitu kang dilungguhi déning wanita mau.

10Karodéné uga ngibarati raja pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijiné durung teka, déné samangsa wis teka, iku mung sawatara mangsa.

11Anadéné kéwan kang mauné ana, saiki ora ana, iku dhéwé dadi raja kang kawolu lan iya tunggalé kang pitu iku, sarta bakal ngalami rusak.

12Déné sungu sapuluh kang kokdeleng iku raja sapuluh kang durung wiwit mréntah, nanging bakal padha nampani pangwasaning raja suwéné sajam, bebarengan karo kéwan mau.

13Iku padha sarujuk, masrahaké kasektèn lan pangwasané marang kéwan iku.

14Kabèh mau bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempé. Nanging bakal padha dikalahaké déning Sang Cempé, amarga Panjenengané iku Gustiné para gusti lan Rajané para raja. Wong-wong kang padha nunggal karo Panjenengané iya bakal unggul, yaiku kang padha katimbalan sarta kang padha pinilih apadéné kang setya."

15Malaékat mau tumuli ngandika marang aku, "Sakèhing banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi déning sundel iku ngibarati para bangsa lan rakyat akèh tuwin umat apadéné basa.

16Déné sungu sapuluh kang kokdeleng lan kéwan iku bakal padha sengit marang sundel iku, kang bakal ditinggal ijèn lan kawudan sarta dipangan dagingé, banjur kaobong sarana geni.

17Amarga atiné wis dipadhangi déning Allah supaya nglakoni kang dadi karsané kanthi tunggal sedya, apadéné supaya masrahaké papréntahané marang kéwan iku, nganti tumeka pangandikané Allah kabèh wis katetepan.

18Déné wanita kang kokdeleng iku, yaiku kutha gedhé kang ngerèh para raja ing bumi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel