Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 3 >> 

1"Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikaning Panjenengané, kang kagungan Rohé Allah pepitu lan lintang pepitu iku: Ingsun pirsa sakèhing panggawénira; sira kaaranan urip, mangka satemené mati!

2Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wis ngarepaké mati, awit panggawénira iku ora ana siji-sijia kang sunpanggih sampurna ana ing ngarsané Allahingsun.

3Awit saka iku sira élinga, kepriyé anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Awit menawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal mangerti wayah apa anggoningsun ngrawuhi sira.

4Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangané; wong-wong iku bakal ndhèrèk ing satindakingsun kalawan manganggo putih, marga padha sembada.

5Sapa kang unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; Ingsun bakal ora mbusak jenengé saka ing buku kauripan, nanging ingsun bakal ngakeni jenengé ana ing ngarsané Ramaningsun lan ing ngarepé para malaékaté.

6Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan."

7"Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Filadèlfia: Iki pangandikané Kang Suci, Kang Sanyata, kang ngasta kunciné Daud; samangsa Panjenengané ngengakaké, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengané nutup, ora ana kang bisa ngengakaké.

8Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: Wruhanira, sira wis sunwengani lawang kang ora bisa kainebaké déning wong. Ingsun pirsa menawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningsun sarta ora nyélaki asmaningsun.

9Wruhanira, wong sawatara saka panunggalané Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatiné dudu, nanging goroh, iku bakal sunpasrahaké marang sira. Sanyatané Ingsun nekakaké wong-wong iku, supaya padha sumungkem sujud ana ing ngareping sikilira sarta padha mangerti, yèn Ingsun ngasihi sira.

10Amarga sira wis netepi pangandikaningsun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulané Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagat kabèh kanggo nliti wong-wong kang padha manggon ing bumi.

11Ingsun bakal énggal rawuh. Kukuhana, apa kang sira duwèni, supaya aja ana wong kang ngrebut makuthanira.

12Sapa kang unggul, iku bakal sundadèkaké saka-guru ana ing Padaleman Suciné Allahingsun, lan bakal ora metu manèh saka kono; karodéné bakal suntulisi asmané Allahingsun, jenengé kuthané Allahingsun, yaiku Yérusalèm anyar, kang tumurun saka swarga saka Allahingsun, sarta asmaningsun kang anyar.

13Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan."

14"Lan sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Laodikia: Iki pangandikané Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sanyata, wiwitané titahing Allah:

15Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: sira iku ora adhem lan ora panas. Saiba beciké saupama sira adhem utawa panas.

16Kang iku sarèhné sira iku manget-manget, ora adhem lan ora panas, mulané Ingsun bakal nglepèh sira saka ing tutukingsun.

17Sarèhné sira duwé ujar: Aku iki sugih lan aku wis ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa manèh marga sira ora mangerti, yèn sira iku mlarat lan memelas, wuta lan kawudan,

18mulané Ingsun ndhawuhi sira, supaya sira tuku mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadi sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira anggo, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadéné lenga kanggo mblonyohi mripatira, supaya sira bisa ndeleng.

19Sapa wong kang sunkasihi, iku sunwelèhaké lan sunpatrapi; marga saka iku, sing tumemen lan mratobata!

20Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; menawa ana wong kang krungu swaraningsun lan mbukakaké lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi wong iku lan kembul bujana bareng wong iku lan wong iku karo Ingsun.

21Sapa kang unggul, iku bakal sunlenggahaké bareng karo Ingsun ana ing dhamparingsun, kayadéné Ingsun uga wis unggul lan banjur lenggah bareng Ramaningsun ana ing dhamparé.

22Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel