Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 4 >> 

1Sawisé mangkono aku weruh: Lah sanyata, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wis dakrungu biyèn, ngandikani aku kaya swarané kalasangka, mangkéné, "Sira munggaha mréné bakal suntedahi apa kang sawisé iki pinasthi kelakon."

2Sanalika iku aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.

3Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku sawangané kaya sesotya yaspis lan sardis; lan ing sakubengé dhampar ana kluwungé kang katon sumunar kaya jamrud.

4Anadéné ing sakubengé dhampar mau ana dhamparé patlikur linenggahan déning pinituwa patlikur, padha ngagem ageman putih sarta ngagem makutha emas.

5Saka ing dhampar mau ana kilaté kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepé dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohé Allah pepitu.

6Karodéné ing ngarepé dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahé dhampar lan ing sakubengé ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.

7Déné makluk mau kang kapisan kaya singa, kang kapindho kaya pedhèt, kang katelu iku rainé kaya manungsa, lan kang kapaté kaya manuk garudha mabur.

8Makluk papat mau siji-sijiné ana swiwiné enem, ing sisih njaba lan njeroné padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa lèrèn anggoné ngucap mangkéné, "Suci, suci, suci, Gusti Allah ingkang Mahakwaos, ingkang rumiyin wonten, ingkang samangké wonten, saha ingkang badhé rawuh."

9Saben-saben makluk mau padha ngunjukaké pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengané kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawasé,

10para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsané kang lenggah ing dhampar iku, sarta manembah marang Panjenengané kang gesang ing salawas-lawasé. Sarta padha nyèlèhaké makuthané ana ing sangarepé dhampar iku kalawan munjuk,

11"Dhuh Gusti saha Allah kawula, Paduka ingkang sayogi tampi pamuji saha pakurmatan sarta pangwaos. Amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan tinitahaken."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel