Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 1 >> 

1Ing kala purwa Sang Sabda iku wus ana, déné Sang Sabda iku nunggil karo Allah sarta Sang Sabda iku Allah.

2Panjenengané iku wiwit ing kala purwa wus nunggil karo Allah.

3Samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora katitahaké déning Panjenengané.

4Ana ing Panjenengané iku dununging urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.

5Pepadhang iku sumunar sajroning pepeteng, sarta ora kalindhih déning pepeteng.

6Ana priya rawuh kautus déning Allah, asmané Yohanes.

7Rawuhé dadi seksi, kapatah neksèni bab pepadhang, supaya alantaran panjenengané, wong kabèh padha pracaya.

8Panjenengané iku dudu pepadhang piyambak, mung kapatah neksèni bab pepadhang.

9Pepadhang kang sejati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagat.

10Panjenengané wus ana ing jagat, lan jagat iku katitahaké déning Panjenengané, nanging jagat iku ora wanuh marang Panjenengané.

11Rawuhé murugi kagungané, nanging para kagungané iku ora gelem nampani.

12Nanging sakèhé wong kang nampani Panjenengané iku kaparingan wewenang dadi para putraning Allah, yaiku wong kabèh kang padha pracaya marang asmané,

13kang lairé ora saka ing getih, iya ora saka kareping daging utawa saka karepé wong lanang, nanging saka ing Allah.

14Sang Sabda wus dadi manungsa, sarta dedalem ana ing antara kita, sarta aku lan kowé kabèh wus padha nyawang kamulyané, yaiku kamulyan kang kaparingaké marang Panjenengané yaiku Putra Ontang-antingé Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayektèn.

15Yohanes neksèni bab Panjenengané sarta nywanten sora, pangandikané, "Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku pitutur mangkéné: Panjenengané kang rawuh nungka aku wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku."

16Amarga saka kasampurnané, kita kabèh wus tampa ganjaran sih-rahmat kang tanpa kendhat.

17Sabab angger-angger iku anggoné kaparingaké lantaran Musa, déné sih-rahmat lan kayektèn iku pinangkané saka Yésus Kristus.

18Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Allah. Sang Putra Ontang-anting kang ana ing pangkoné Sang Rama, iku kang nerangaké kawontenané.

19Iki paseksiné Yohanes nalika wong Yahudi saka Yérusalèm kongkonan para imam lan para wong Lèwi, supaya matur pitakon, "Panjenengan punika sinten?"

20Yohanes ngaken kanthi barès, "Aku iki dudu Kristus."

21Kang dikongkon banjur padha matur pitakon, "Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Élia?" Yohanes paring wangsulan, "Dudu."

22Ing kono kang dikongkon padha matur, "Panjenengan punika sinten, supados kula sadaya sami saged mratélakaken dhateng ingkang ngèngkèn kula. Pangaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kados pundi?"

23Pangandikané Yohanes, "Aku iki swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nglencengna margi ambah-ambahané Pangéran! Kaya kang wus dipangandikakaké déning Nabi Yésaya."

24Ing antarané para kang dikongkon mau ana wong Farisi sawatara.

25Banjur padha nyuwun pirsa manèh, "Punapaa déné panjenengan mbaptis, manawi panjenengan sanès Kristus, sanès Élia, sanès nabi?"

26Yohanes mangsuli, pangandikané, "Aku mbaptis nganggo banyu; nanging ing satengahmu Panjenengané wus jumeneng, kowé padha ora wanuh,

27yaiku Panjenengané, kang rawuhé nungka aku. Sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé aku ora patut."

28Mungguh kelakoné iku mau ana ing Bétania, ing sabrangé kali Yordan, panggonané Yohanes mbaptis.

29Ésuké Yohanes pirsa Yésus murugi; panjenengané banjur ngandika, "Delengen iku Cempéning Allah kang mbirat dosané jagat.

30Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku kandha mangkéné: Ana Priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku.

31Mauné aku dhéwé iya ora wanuh marang Panjenengané, mulané aku teka lan mbaptis nganggo banyu supaya Banisraèl wanuh marang Panjenengané."

32Lan manèh paseksiné Yohanes mangkéné, "Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirané.

33Mauné aku iya ora wanuh marang Panjenengané, nanging kang ngutus aku mbaptis nganggo banyu, wus ngandika: Menawa sira weruh Roh iku nedhaki sawenèhing wong lan dedalem ing sarirané, Panjenengané iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci.

34Aku wus ndeleng lan neksèni yèn Panjenengané iku Putraning Allah."

35Ésuké Yohanes jumeneng ana ing papan kono manèh, karo muridé loro.

36Nalika pirsa Yésus langkung, Yohanes ngandika, "Lah iku Cempéning Allah!"

37Muridé loro mau padha krungu anggoné Yohanes ngandika mangkono iku, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus.

38Nanging Yésus tumuli nolèh. Panjenengané pirsa menawa murid mau padha ndhèrèkaké, banjur ngandika, "Kowé padha golèk apa?" Aturé kang padha kadangu, "Rabbi, pakèndelan Panjenengan wonten ing pundi?" (Rabbi tegesé: Guru.)

39Pangandikané Yésus, "Ayo, kowé bakal padha weruh!" Banjur padha sowan lan weruh pakèndelané, sarta ing dina iku banjur padha manggon ing kono karo Panjenengané; déné mungguh wayahé iku watara jam papat.

40Murid loro kang wus krungu pangandikané Yohanes banjur ndhèrèkaké Yésus mau, kang siji yaiku Andréas, saduluré Simon Pétrus.

41Dhisiké Andréas ketemu karo Simon, saduluré, banjur dikandhani, "Aku wus padha ketemu karo Mésias (tegesé: Kristus)."

42Simon mau nuli diirid menyang ngarsané Yésus. Yésus banjur mirsani marang Simon sarta ngandika, "Kowé iku Simon anaké Yohanes. Kowé bakal dijenengaké Kéfas (tegesé: Pétrus)." (tegesé: Pétrus).

43Ésuké manèh Yésus karsa tindak menyang Galiléa. Panjenengané pinanggih karo Filipus, banjur ngandika, "Mèlua Aku!"

44Filipus mau wong saka Bètsaida, kuthané Andréas lan Pétrus.

45Filipus ketemu Natanaèl, banjur dikandhani mangkéné, "Aku wus padha ketemu karo kang kasebutaké déning Musa ing sajroning Kitab Torèt sarta déning para nabi, yaiku Yésus, putrané Yusuf, saka Nasarèt."

46Pangucapé Natanaèl, "Apa ana barang kang becik saka Nasarèt?"

47Wangsulané Filipus, "Ayo, delengen dhéwé!" Bareng Yésus pirsa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngandika, "Lah, iku wong Israèl sejati, kang ora kadunungan cidra."

48Natanaèl banjur munjuk, "Panjenengan nguningani kawula saking pundi?" Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sadurungé Filipus ngajak kowé, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir."

49Natanaèl munjuk manèh, "Rabbi, Panjenengan punika Putranipun Allah, Panjenengan punika Rajanipun Israèl."

50Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Amarga Aku pitutur marang kowé: Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir, kowé banjur pracaya? Kowé bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih nggumunaké katimbang karo iku."

51Yésus banjur ngandika, mangkéné, "Satemené Aku pitutur marang kowé, kowé bakal padha weruh langit menga, lan para malaékaté Allah padha munggah-mudhun marang Putraning Manungsa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel