Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 3 >> 

1Ana wong Farisi jenengé Nikodémus, pangarepé wong Yahudi,

2sowan ing ngarsané Yésus ing wayah bengi, sarta munjuk, "Rabbi, kawula sami mangertos bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus déning Allah, amargi mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika, manawi Allah mboten nunggil."

3Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké manèh, iku ora bisa weruh Kratoning Allah."

4Unjuké Nikodémus, "Kadospundi sagedipun tiyang kalairaken, manawi sampun sepuh? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning ibunipun, lajeng kalairaken malih?"

5Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké saka banyu lan Roh, iku ora bisa lumebu ing Kratoning Allah.

6Apa kang lair saka ing daging, iku asipat daging lan apa kang lair saka Roh, iku asipat roh.

7Aja gumun, déné Aku pitutur marang kowé: Kowé kudu padha kalairaké manèh.

8Angin iku mididé manut ing sakarepé, lan kowé krungu sumiyuté, nanging ora mangerti pinangkané lan parané. Kaya mangkono iku kaanané saben wong kang kalairaké saka ing Roh!"

9Nikodémus munjuk, aturé, "Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?"

10Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Kowé iku guruné wong Israèl, kok ora mangerti prakara iku?

11Satemené Aku pitutur marang kowé: Kang padha dakrembug iku, iya kang padha daksumurupi, sarta kang padha dakseksèni iya kang padha daktingali, éwadéné kowé ora padha nampani paseksiku.

12Menawa nalika kowé dakpituturi bab kadonyan padha ora ngandel, kepriyé bisamu padha ngandel saupama daktuturana bab kaswargan?

13Ora ana wong siji-sijia kang wus sumengka menyang swarga, kajaba mung Panjenengané kang wus tumurun saka swarga, iya iku Putrané Manungsa.

14Kayadéné Musa anggoné manjer ula ana ing pasamunan, iya mangkono uga Putrané Manungsa anggoné pinesthi kapanjer,

15supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané nduwèni urip langgeng.

16Awitdéné Allah anggoné ngasihi marang jagat iku nganti masrahaké Kang Putra Ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.

17Sabab Allah anggoné ngutus Kang Putra ngrawuhi jagat iku ora supaya ngadili jagat, nanging supaya jagat kapitulungan rahayu déning Panjenengané.

18Sing sapa pracaya marang Panjenengané, iku ora bakal diukum; déné sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan paukuman, amarga ora pracaya ing asmané Putraning Allah kang ontang-anting.

19Anadéné paukuman iku mangkéné: Pepadhang iku wus tumeka ing jagat, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, katimbang karo pepadhang, amarga panggawé-panggawéné ala.

20Sabab sapa baé kang nindakaké piala mesthi sengit marang pepadhang lan nyingkur pepadhang, supaya aja nganti katon panggawéné kang ala iku.

21Nanging sing sapa tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetéla yèn panggawéné iku ditindakaké ana ing patunggilané Allah."

22Sawisé mangkono Yésus tindak menyang Yudéa kadhèrèkaké déning para sakabaté; banjur kèndel ana ing kono sarta mbaptis.

23Déné Yohanes anggoné mbaptis ana ing Ainon, sacedhaké Salim, awit ing kono akèh banyuné. Wong-wong banjur padha teka mrono supaya dibaptis,

24awit nalika samana Yohanes durung kalebokaké ing pakunjaran.

25Nalika samana ana bebantahané para muridé Yohanes karo wong Yahudi bab sesuci.

26Para murid mau tumuli padha sowan marang Yohanes lan matur, "Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun lèpèn Yordan saha ingkang sampun panjenengan seksèni punika inggih mbaptis sarta tiyang kathah sami murugi mrika."

27Yohanes mangsuli, pangandikané, "Wong ora bisa nduwéni apa-apa menawa ora kaparingan saka ing swarga.

28Kowé dhéwé padha bisa gawé paseksi yèn aku wus pitutur: Aku iki dudu Kristus, nanging aku kautus lumaku ndhisiki Panjenengané.

29Kang nduwèni pangantèn wadon iku pangantèn lanang; déné mitrané pangantèn lanang kang ngadeg ing sacedhaké lan nilingaké, iku bungah banget ngrungokaké swarané pangantèn lanang iku. Iya iku kabungahanku lan samengko kabungahanku wus ketutugan.

30Panjenengané iku pinesthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.

31Kang rawuhé saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabèhé, kang pinangkané saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan rembugé iya tumrap prakara-prakara kang ana ing bumi. Kang rawuhé saka ing swarga iku ngungkuli sakabèhé.

32Panjenengané paring paseksi bab apa kang wus dipirsani lan apa kang wus dipiyarsakaké, nanging ora ana wong siji-sijia kang nampani paseksiné.

33Sapa kang nampani paseksiné iku, ngakoni yèn Allah iku bener.

34Sabab kang kautus déning Allah iku kang ndhawuhaké pangandikané Allah, amarga Allah anggoné maringaké Rohé tanpa wates.

35Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahaké samubarang kabèh marang Panjenengané.

36Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iku nduwèni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora ngalami urip, nanging malah langgeng anggoné nampani bebenduné Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel