Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 6 >> 

1Sawisé mangkono Yésus tindak menyang sabrangé tlaga Galiléa, yaiku Tlaga Tibérias.

2Wong golongan padha gumrudug ndhèrèkaké Panjenengané, amarga padha ndeleng mukjijat kang wis katindakaké tumrap wong-wong kang padha lara.

3Yésus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono karo para sakabaté.

4Nalika samana wus ngarepaké Paskah, riyayané wong Yahudi.

5Bareng Yésus mirsani sakiwa-tengené lan pirsa wong golongan padha gumrudug sowan, banjur ngandika marang Filipus, "Ing ngendi anggon kita padha arep tuku roti, supaya wong-wong iku bisa padha mangan?"

6Anggoné ngandika mangkono iku mung kagawé nyoba, awit wis pirsa piyambak apa kang bakal katindakaké.

7Unjuké Filipus, "Roti pangaos kalih atus dinar mboten badhé nyekapi kanggé tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kapanduman nyakedhik."

8Panunggalané sakabat yaiku Andréas saduluré Simon Pétrus, nuli munjuk,

9"Punika wonten laré ingkang mbekta roti gangsal iji kaliyan ulam loh kalih, nanging punika punapa ginanipun kanggé tiyang samanten kathahipun?"

10Yésus ngandika, "Wong-wong iku konen padha linggih!" Anadéné ing kono akèh suketé, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahé watara limang èwunan.

11Yésus tumuli mundhut roti mau, lan sawusé saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwaké, olèhé arep padha mangan sakarepé.

12Sawusé padha wareg, Yésus nuli dhawuh marang para sakabaté, "Cuwilan turahané padha klumpukna, supaya aja ana kang kebuwang!"

13Banjur iya diklumpukaké, olèh rolas wakul kebak isi cuwilan roti lima mau, yaiku sisané kang wis padha dipangan déning wong-wong mau.

14Bareng wong-wong mau padha ndeleng mukjijat kang katindakaké déning Yésus iku, nuli padha ngucap, "Panjenengané iku nyata Nabi kang bakal rawuh ing jagat."

15Sarèhné Yésus pirsa yèn sedyané wong-wong iku padha teka arep meksa Panjenengané kajumenengaké ratu, banjur sumingkir minggah ing gunung manèh piyambakan.

16Nalika ngarepaké surup, para sakabaté padha mudhun menyang tlaga, banjur padha nunggang prau,

17arep nyabrang menyang Kapérnaum. Bareng wus wengi, Yésus durung rawuh,

18mangka ombaké tlaga gedhé, amarga katempuh ing angin banter.

19Bareng olèhé padha ndhayung mau wis olèh watara lima utawa enem kilomèteran, padha weruh Yésus tindak napak ing banyu nyelaki prauné, satemah padha wedi.

20Nanging Panjenengané banjur ngandika, "Iki Aku, aja padha wedi!"

21Para sakabat banjur ngaturi Panjenengané minggah ing prau, lan sanalika iku uga prauné tekan dharatan kang katuju.

22Ésuké wong akèh kang isih padha ana ing sabranging tlaga, padha sumurup yèn ing kono ora ana prau manèh kajaba mung siji mau, mangka Yésus ora nitih bareng karo sakabaté, mung para sakabat dhéwé kang mangkat.

23Nanging tumuli ana prau liyané sawatara teka saka Tibérias ana ing sacedhaké panggonan padha mangan roti, sawusé Gusti saos sokur.

24Bareng padha weruh yèn Yésus ora ana ing kono dalah para sakabaté, banjur padha nunggang prau, nusul menyang Kapèrnaum, nggolèki Yésus.

25Bareng wong-wong mau ketemu Panjenengané ana ing sabrangé tlaga, nuli padha munjuk, "Rabbi, kala punapa anggèn Panjenengan dumugi ngriki?"

26Yésus paring wangsulan pangandikané, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, kowé padha nggolèki Aku iku ora marga kowé padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.

27Padha tumandanga ing gawé aja supaya olèh pangan kang bisa rusak, nanging supaya olèh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingaké marang kowé déning Putraning Manungsa; marga iya Panjenengané iku kang wus ditengeri nganggo cap déning Allah Rama."

28Wong-wong mau banjur padha munjuk, "Kawula kedah sami nglampahi menapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken déning Allah?"

29Yésus paring wangsulan marang wong-wong mau, "Iki pagawéan kang dikarsakaké Allah, yaiku supaya kowé padha pracaya marang kang kautus déning Allah."

30Unjuké wong-wong mau, "Pratandha punapa ingkang Panjenengan tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Panjenengan? Panjenengan nglampahi pandamel punapa?

31Para leluhur kawula sami nedha manna wonten ing pasamunan, kados ingkang sampun sinerat: Padha diparingi roti saka ing swarga."

32Pangandikané Yésus, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Dudu Musa kang maringi roti marang kowé saka ing swarga iku, nanging Ramaku kang maringi roti sejati kang saka swarga marang kowé kabèh.

33Awitdéné roti kang saka ing Allah yaiku roti kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagat."

34Unjuké wong-wong mau, "Gusti, kawula mugi Panjenengan paringi roti punika ing salaminipun!"

35Pangandikané Yésus, "Aku iki rotining urip; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwé manèh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak manèh.

36Nanging Aku wus mituturi kowé: Sanadyan kowé wus padha ndeleng Aku, éwadéné padha ora pracaya.

37Kabèh kang diparingaké Rama marang Aku, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal daktampik.

38Sabab anggonku tumurun saka swarga iku ora supaya nglakoni karepku dhéwé, nanging karsané kang ngutus Aku.

39Déné karsané Rama kang ngutus Aku iku mangkéné: Kabèh kang wus kaparingaké marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya daktangèkna bésuk ing wekasaning jaman.

40Sabab karsané Ramaku iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng Kang Putra lan pracaya marang Panjenengané, iku nduwènana urip langgeng, sarta supaya Aku nangèkaké bésuk ing wekasaning jaman."

41Wong-wong Yahudi banjur padha nggrundeli Panjenengané, awit ana pangandikané, mangkéné, "Aku iki roti kang tumurun saka swarga."

42Padha grenengan, mangkéné, "Apa iku dudu Yésus anaké Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa lan ibuné? Kepriyé déné duwé pangucap: Aku tumurun saka swarga?"

43Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Aja padha grundelan.

44Ora ana wong kang bisa marani Aku, menawa ora digèndèng déning Sang Rama kang ngutus Aku, lan Aku bakal nangèkaké wong iku mbésuk ing wekasaning jaman.

45Ing kitabé para nabi ana tulisan, mangkéné, ‘Wong kabèh bakal kawulang déning Allah.’ Saben wong kang wus ngrungokaké sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.

46Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wis weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkané saka ing Allah iku kang wis ndeleng Sang Rama.

47Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Sing sapa pracaya, iku nduwèni urip langgeng.

48Aku iki rotining urip.

49Leluhurmu padha mangan manna ana ing pasamunan, lan wis padha mati.

50Aku iki roti kang tumurun saka swarga: Sing sapa mangan roti iki, iku ora bakal mati.

51Aku iki rotining urip, kang wus tumurun saka swarga. Menawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawasé. Anadéné roti kang dakparingaké, yaiku dagingku, kang bakal dakparingaké kanggo uripé jagat."

52Wong-wong Yahudi tumuli padha padudon, pangucapé, "Wong iku kepriyé bisané mènèhaké dagingé supaya padha dakpangan?"

53Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé. Menawa kowé ora mangan dagingé Putraning Manungsa lan ora ngombé getihé, kowé padha ora kadunungan urip.

54Sapa wong kang mangan dagingku lan ngombé getihku, iku nduwèni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangèkaké mbésuk ing dina wekasaning jaman.

55Sabab dagingku iku pangan kang sejati, lan getihku iku ombèn-ombèn kang sejati.

56Wong kang mangan dagingku lan ngombé getihku, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku.

57Padha kaya Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip déning Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip déning Aku.

58Iki roti kang wus tumurun saka swarga. Dudu roti kaya kang dipangan déning para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sapa baé kang mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawasé."

59Iku mau kabèh dipangandikakaké Yésus ing Kapèrnaum nalika Panjenengané mulang ana ing papan pangibadah.

60Bareng krungu kang mangkono mau akèh kang padha ngucap mangkéné, "Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokaké baé sapa?"

61Yésus pirsa sajroning panggalih menawa muridé padha grenengan ing bab iku mau, banjur dipangandikani, "Apa tembung iki ndadèkaké kowé kecenthok?

62Banjur kepriyé saupama kowé padha weruh Putraning Manungsa sumengka menyang padunungané kang dhisik?

63Roh iku kang nguripaké, daging ora ana paédahé. Tembung-tembung kang dakdhawuhaké marang kowé iku roh lan urip.

64Nanging ing panunggalanmu ana kang ora pracaya." Yésus pancèn pirsa wiwit wiwitan mula, sapa wongé kang padha ora pracaya, lan sapa kang bakal ngulungaké Panjenengané.

65Panjenengané banjur ngandika, "Mulané kowé wus padha dakdhawuhi mangkéné: Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba menawa Sang Rama maringi wewenang marang wong iku."

66Wiwit nalika iku para muridé akèh kang padha mundur, ora ndhèrèkaké tindaké manèh.

67Yésus ngandika marang sakabat rolas, "Apa kowé ora padha arep lunga uga?"

68Atur wangsulané Simon Pétrus, "Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Panjenengan punika pangandikaning gesang langgeng.

69Saha kawula sampun pitados lan sumerep, bilih Panjenengan punika Ingkang Suci saking Allah."

70Yésus paring wangsulan, "Rak Aku dhéwé kang milih kowé wong rolas iki, nanging salah sijining panunggalanmu iku Iblis."

71Anadéné kang dikarsakaké iku Yudas anaké Simon Iskariot, marga iya wong iku kang bakal ngulungalaké Yésus, sanajan iya panunggalané sakabat rolas.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel