Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 1 >> 

Salam

1Saka Petrus rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing tanah Pontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Cilik lan Bitinia,

2yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Fusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.

Pangarep-arep, pracaya lan katresnan

3Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,

4supaya kia padha tampa warisan kang ora bisa rusak, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ing swarga tumrap kowe kabeh.

5Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kow padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.

6Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana warna-warna.

7Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.

8Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,

9amarga kowe wis padha bisa ngranggeh gegayuhane pracayamu, yaiku karahayoning nyawamu.

10Iya karahayon iku kang wis dititi-priksa sarta ditliti dening para nabi kang padha meca bab sih-rahmat kang kagadhangake marang kowe.

11Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sata bab sakehing kamulyan ing sawise iku.

12Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.

Kasucen sarta katresnaning pasaduluran

13Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.

14Uripmu dikaya bocah kang mbangun-turut, aja nuruti hawa-nepsu kang misesa kowe nalika kowe isih padha bodho.

15Nanging kowe padha dadia suci ing satindaking uripmu kabeh kayadene Panjenengane kang suci, kang wis nimbali kowe,

16sabab ana tulisan mangkene: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.

17Sarta manawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili kabeh wong manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu kalawan wedi-asih sajrone kowe mondhok ing donya iki.

18Sabab kowe padha sumurup, yen anggonmu katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu, iku ora srana barang kang bisa rusak, uga ora kalawan salaka utawa emas,

19nanging srana getih kang akeh ajine, yaiku rahe Gusti Yesus Kristus kang padha kaya getihing cempe kang tanpa cacad lan tanpa blentong.

20Panjenengane iku wus pinilih sadurunge jagad tinalesan, nanging marga saka kowe Panjenengane lagi mbabarake sarirane, besuk ing jaman wekasan.

21Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.

22Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.

23Jalaran kowe wus padha kalairake maneh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging kanglanggeng, dening pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.

24Sabab: “Sakehing daging iku kaya suket sarta kabeh kaluhurane iku kaya kembanging suket, sukete dadi garing, lan kembange padha gogrog,

25nanging pangandikane Pangeran iku tetep salawas-lawase.” Iya iku pangandika kang wis kawartakake marang kowe dening Injil.



Download Audio MP3 (1 Petrus 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Petrus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel