Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 15 >> 

Sang Prabu Abiam, ratu ing Yehuda

1Nalika taun kang kaping wolulase jumenenge Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, Pangeran Abiam wiwit jumeneng ratu ing Yehuda.

2Telung taun anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Asmane kang ibu Maakha, putri putrane Sang Abisalom.

3Sang Prabu Abiam iku sajrone sugenge tansah nindakake sakehing dosane kang sadurunge wus dilakoni dening ramane sarta anggone madhep marang Yehuwah Gusti Allahe ora kanthi gumolonging panggalih kaya Sang Prabu Dawud, kang eyang.

4Nanging marga Sang Prabu Dawud, Sang Yehuwah, Gusti Allahe, paring turun marang panjenengane, ana ing Yerusalem, yaiku anggone banjur njumenengake kang putra, minangka gegentose sarta anggone nglestantunake adege Yerusalem,

5amarga Sang Prabu Dawud wus nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah apadene ora nyimpang saka ing sakehe dhawuhe marang panjenengane ing sajege sugenge, kajaba mung tumrap prakara Uria, wong Het.

6Anadene ing sajege sugenge tansah ana perang ing antarane Sang Prabu Rehabeam lan Sang Prabu Yerobeam.

7Mungguh kekarening riwayate Sang Prabu Abiam lan sakehing prakara kang katindakake, iku rak wus katulisan kabeh ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda; sarta ing antarane Sang Prabu Abiam lan Sang Prabu Yerobeam tansah ana perang.

8Sang Prabu Abiam banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, tuwin kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Asa, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Asa ratu ing Yehuda

9Nalika ing taun kang kaping rong puluhe jumenenge Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel, Pangeran Asa wiwit jumeneng ratu ana ing Yehuda.

10Patang puluh siji taun anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Asmane kang eyang putri Maakha putrane putri Sang Abisalom.

11Sang Prabu Asa tansah nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah kaya dene Sang Prabu Dawud, rama leluhure.

12Pelacuran kanggo ngibadah kasingkirake saka ing nagara sarta nebihake sakehe brahala damelane para leluhure.

13Malah Sang Putri Maakha, kang eyang putri, kalungsur pangkate anggone jumeneng ibusori, jalaran yasa reca Asyera kang nistha. Reca kang nistha iku kaebrukake dening Sang Prabu Asa lan kaobong ana ing lebake kali Kidron.

14Sanadyan tengger-tengger pangurbanan ora diedohake nanging Sang Prabu Asa madhep marang Sang Yehuwah kanthi gumolonging panggalih ing sajege sugenge.

15Sang Prabu mbekta pisungsung-pisungsunge suci kang rama lan pisungsung-pisungsunge piyambak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku emas lan salaka sarta barang-barang liyane.

16Anadene ing antarane Sang Prabu Asa lan Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel, iku salawase padha sugeng tansah ana perang.

17Sang Prabu Baesa ratu ing Israel mangsah perang menyang ing Yehuda lan banjur nyantosani Rama, kanggo nyegah wong lelungan menyang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.

18Nanging Sang Prabu Asa banjur mundhut sakehe emas lan selaka kang isih kari ana ing gedhong pasimpenaning padalemane Pangeran Yehuwah lan ing gedhong pasimpenaning kraton nuli katampakake marang para abdine. Iku padha kautus dening Sang Prabu Asa menyang ing ngarsane Sang Prabu Benhadad, bin Tabrimon bin Hezion, ratu ing nagara Aram, kang akedhaton ana ing kutha Damsyik, kalawan kaweling supaya matur:

19“Wonten satunggaling prajanjian ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, ing antawisipun rama kula kaliyan ingkang rama. Lah punika panjenengan kula caosi kintunan jene lan selaka. Sumangga, panjenengan kula aturi medhot prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados piyambakipun mundur saking wewengkon kula.”

20Sang Prabu Benhadad njurungi panyuwune Sang Prabu Asa; panjenengane nuli dhawuh marang para panggedhening wadya-balane supaya nempuh kutha-kutha ing Israel sarta banjur nelukake Iyon, Dhan, Abel-Bet-Maakha tuwin sawewengkone Kinerot lan tanah Naftali kabeh.

21Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, tumuli enggal-enggal kendel anggone nyantosani kutha Rama tuwin banjur tetep ana ing Tirza.

22Nanging Sang Prabu Asa tumuli ngering wong satanah Yehuda kabeh, ora ana kang ora katut. Iku padha didhawuhi ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani Rama. Sang Prabu Asa ngagem iku kabeh kanggo nyantosani Geba-Benyamin lan Mizpa.

23Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Asa lan sakehe kaprawirane tuwin sakehe pandamele sarta kutha-kutha kang disantosani, kabeh iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda. Nanging bareng wus sepuh Sang Prabu kecandhak gerah sampeyan karo pisan.

24Sang Prabu banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, rama leluhure, tuwin banjur digentosi dening Pangeran Yosafat, kang putra.

Sang Prabu Nadab ratu ing Israel

25Sang Prabu Nadab, putrane Sang Prabu Yerobeam, anggone wiwit jumeneng ratu ing Israel ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda. Anggone ngasta paprentahan ing Israel suwene rong taun.

26Panjenengane tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, sarta sugenge nulad solah tingkahe kang rama sarta dosane kang rama, kang njalari wong Israel padha tumiba ing dosa.

27Kacarita Baesa bin Ahia, panunggalane turune Isakhar nganakake sakuthon nglawan panjenengane. Sang Prabu disedani ana ing Gibeton kang klebu wilayahe wong Pilisti, nalika Sang Prabu Nadab lan bala Israel kabeh pinuju ngepung Gibeton mau.

28Baesa anggone nyedani Sang Prabu iku ing taun kang katelune ing jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, sarta banjur jumeneng ratu nggenteni Sang Prabu Nadab.

29Bareng wus jumeneng ratu enggal-enggal banjur numpes sakehe kulawargane Sang Prabu Yerobeam, nganti wus sirna kabeh, cocog karo pangandikaning Sang Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Ahia, abdine, wong Silo,

30marga saka dosa-dosa kang wus dilakoni dening Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah gawe gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

31Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Nadab lan sakehe pandamele, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

32Anadene sajege sugenge tansah ana perang ing antarane Sang Prabu Asa lan Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel.

Sang Prabu Baesa ratu ing Israel

33Nalika taun kang katelune ing jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Prabu Baesa jumeneng dadi ratuning wong Israel kabeh ana ing Tirza. Anggone ngasta paprentahan lawase patlikur taun.

34Panjenengane tansah nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, sarta sugenge nulad solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam lan dosane kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga.



 <<  1 Raja-raja 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel