Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 1 >> 

Daftar turune Rama Adam tekan Rama Abraham

1Rama Adam, Set, Enos,

2Kenan, Mahalaleel, Yared,

3Henokh, Metusalakh, Lamekh,

4Nuh, Sem, Kham lan Yafet.

5Turune Rama Yafet yaiku Gomer, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Masekh lan Tiras.

6Turune Gomer yaiku Askenas, Difat lan Togarma.

7Turune Yawan yaiku Elisa, Tarsis, wong Kitim lan wong Rodanim.

8Turune Rama Kham yaiku Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.

9Turune Rama Kusy yaiku Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; turune Rama Raema yaiku Syeba lan Dhedan.

10Rama Kusy peputra Nimrod; iki kang miwiti kwasa ana ing bumi.

11Rama Misraim peputra wong Ludim, wong Anamim, wong Lehabim, wong Naftukhim,

12wong Patrusim, wong Kaslukhim -- iki kang padha nurunake wong Filisti -- lan wong Kaftorim.

13Rama Kanaan peputra Sidon, putrane kang pambajeng lan Het,

14sarta wong Yebusi, wong Amori, wong Girgasi,

15wong Hewi, wong Arki, wong Sini,

16wong Arwadi, wong Semari lan wong Hamati.

17Turune Rama Sem yaiku Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud, Aram, Us, Hul, Geter, lan Mesekh.

18Rama Arpakhsad peputra Selah, lan Rama Selah peputra Eber.

19Rama Eber kagungan putra kakung loro, kang siji asmane Peleg, sabab nalika jaman sugenge, bumi kabagi. Dene kang rayi asmane Yoktan.

20Rama Yoktan peputra Almodad, Selef, Hazarmawet, Yerakh,

21Hadoram, Uzal, Dikla,

22Ebal, Abimael, Syeba,

23Ofir, Hawila lan Yobab; iku kabeh putrane Rama Yoktan.

24Rama Sem, Arpakhsad, Selah,

25Eber, Peleg, Rehu,

26Serug, Nahor, Terakh,

27Abram, yaiku Rama Abraham.

Tedhak-turune Rama Abraham

28Para putrane Rama Abraham yaiku Rama Iskak, lan Rama Ismael.

29Iki para tedhak turune: Putrane pambajeng Rama Ismael yaiku Nebayot, banjur Kedar, Adbeel, Mibsam,

30Misyma, Duma, Masa, Hadad, Tema,

31Yetur, Nafisy lan Kedma; iku para putrane Rama Ismael.

32Turune ibu Ketura, garwa ampile Rama Abraham: Ibu Ketura iku peputra Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah. Para putrane Rama Yoksan yaiku Syeba lan Dhedhan.

33Para putrane Midian yaiku: Efa, Efer, Hanokh, Abida lan Eldaa. Iku kabeh padha turune Ibu Ketura.

Tedhak-turune Rama Esau

34Rama Abraham peputra Rama Iskak. Rama Iskak peputra Rama Esau lan Rama Israel.

35Para putrane Rama Esau yaiku Elifas, Rehuel, Yeusy, Yaelam lan Korakh.

36Para putrane Rama Elifas yaiku Teman, Omar, Zefi, Gaetam, Kenas, Timna lan Amalek.

37Para putrane Rama Rehuel yaiku Nahat, Zerah, Syama lan Miza.

38Para putrane Rama Seir yaiku Lotan, Syobal, Zibeon, Ana, Dhisyon, Ezer lan Dhisyan.

39Para putrane Rama Lotan yaiku Hori lan Homam; Rama Lotan kagungan rayi estri, asma Timna.

40Para putrane Rama Syobal yaiku Alyan, Manahat, Ebal, Syefi lan Onam; para putrane Rama Zibeon yaiku Aya lan Ana,

41kang nurunake Rama Dhisyon; para putrane Rama Dhisyon yaiku Hamran, Esyban, Yitran lan Kheran.

42Para putrane Rama Ezer yaiku Bilhan, Zaawan lan Yaakan. Para putrane Rama Dhisyan yaiku Us lan Aran.

Para kang ngasta paprentahan ing Edom

43Iki para ratu kang padha ngasta paprentahan ana ing tanah Edom, sadurunge Israel kaereh dening ratu: Sang Prabu Bela bin Beor, lan kuthane jenenge Dinhaba.

44Bareng Sang Prabu Bela seda, Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

45Sasedane Sang Prabu Yobab, Sang Husyam, saka ing nagarane wong Teman, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

46Sawuse Sang Prabu Husyam seda, Sang Hadad bin Bedad jumeneng ratu nggentosi panjenengane; iya panjenengane iku kang ngawonake wong Midian ana ing dhaerah Moab, lan kuthane jenenge Awit.

47Bareng Sang Prabu Hadad seda, Sang Samla, saka ing Masyreka jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

48Sawuse Sang Prabu Samla seda, Sang Saul saka ing Rehobot-Kali, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

49Sasedane Sang Prabu Saul, Sang Baal-Hanan bin Akhbor jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

50Bareng Sang Prabu Baal-Hanan seda Sang Hadad jumeneng ratu nggentosi panjenengane, dene kuthane jenenge Pahi, kang garwa asma Mehetabeel putra putrine Sang Matred, putra putrine Sang Mezahab.

51Sawuse Sang Prabu Hadad seda, kang dadi kepala-kepalane golongan ing Edom yaiku: Sang Timna, Alya, Yetet,

52Oholibama, Ela, Pinon,

53Kenas, Teman, Mibzar,

54Magdiel lan Iram. Yaiku kang padha dadi kepala-kepala golongan ing Edom.



 <<  1 Tawarikh 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel