Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 22 >> 

1Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Ana ing kene iki padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lan ana ing kene iki misbyahe wong Israel kanggo saos kurban obaran.”

Pacawisan kanggo adege Padaleman Suci

2Sang Prabu Dawud dhawuh nglempakake para wong manca kang ana ing nagarane wong Israel lan banjur ngangkat tukang-tukang kang natani watu kanggo ngedegake padalemaning Allah

3Karodene Sang Prabu Dawud nyawisake wesi akeh banget kanggo gawe paku kang kanggo gapura lan bakale angkur, uga tembaga akeh banget kang nganti ora kena tinimbang bobote,

4sarta kayu eres kang cacahe ora kena ditung, amarga wong Sidon lan wong Tirus padha nggawa kayu eres akeh banget kagem Sang Prabu Dawud.

5Amarga Sang Prabu Dawud nggalih: “Suleman, putraningsun, isih timur lan pengalamane kurang, mangka padaleman kang bakal kayasa kagem Pangeran Yehuwah iku gedhene kudu ngleluwihi, satemah banjur kondhang lan misuwur ana ing sakehing nagara, mulane ingsun becik cecawis!” Sang Prabu Dawud nuli cecawis akeh banget sadurunge seda.

6Sawuse iku kang putra Pangeran Suleman banjur katimbalan lan kaparingan dhawuh piweling supaya yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allah Israel,

7mangkene pangandikane marang Pangeran Suleman: “He putraningsun, ingsun piyambak kagungan karsa arep yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahingsun,

8nanging nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang ingsun mangkene: Sira wus ngwutahake getih akeh banget lan wus nglakoni perang gedhe. Mulane sira aja ngedegake padaleman kagem asmaningSun, amarga wus akeh getih kang sira wutahake ing lemah ana ing ngarsaningSun.

9Lah sira bakal duwe anak lanang, kang bakal dadi wong kang pinaringan katentreman. Iku bakal Sunparingi katentreman, uwal saka ing sakehe mungsuhe ing sakubenge. Bakale jenenge Suleman; tentrem-rahayu lan santosa bakal Sunparingake marang Israel ing salawase madege.

10Iku kang bakal yasa padaleman kagem asmaningSun lan iya dheweke iku kang bakal dadi putraningSun, sarta Ingsun bakal jumeneng dadi Ramane; dhamparing karatone ing Israel bakal Sunkukuhake nganti ing salawas-lawase.

11Mulane saiki, he putraningsun, Pangeran Yehuwah muga nganti marang sira, satemah sira kelakon bisa ngedegake padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kayadene kang wus kapangandikakake tumrap sira.

12Mung bae, Pangeran Yehuwah muga maringi sira kalimpadan lan pangreten sarta karsa ngangkat sira dadi kang nyekel paprentahan ing Israel, supaya sira netepana angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahira.

13Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.

14Lah sanadyan ana ing sajroning kasusahan, ingsun wus nyawisake kanggo padalemaning Sang Yehuwah iku emas satus ewu talenta lan salaka sayuta talenta sarta tembaga lan wesi akeh banget, nganti bobote ora kena katimbang; ingsun uga wus nyawisake kayu lan watu. Nanging prayogane sira wuwuhana maneh.

15Sarta maneh sira duwe tukang akeh banget, tukang natahi watu, tukang batu, tukang kayu lan para wong kang ahli ing bab pagawean warna-warna,

16ing babagan emas, selaka, tembaga lan wesi kang cacahe ora kena kaetung, wiwita tumandang! Pangeran Yehuwah muga nganthia marang sira!”

17Sang Prabu Dawud nuli paring dhawuh marang sakehe panggedhening Israel supaya padha mbiyantu Pangeran Suleman, kang putra, pangandikane:

18“Rak Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kang nunggil kalawan sira kabeh lan kang wus paring kaslametan marang sira ana ing ngendi-endi. Lah Panjenengane wus ngulungake para wong kang manggon ing nagara kene marang ing tanganingsun, satemah nagara iki teluk ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan marang umate.

19Mulane saiki, atinira lan nyawanira udinen supaya padha ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira padha miwitana anggonira yasa pasucening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, supaya pethi prajanjianing Sang Yehuwah lan prabot suci kagunganing Allah kena kagawa lumebu marang ing padaleman kang kaedegake kagem asmaning Sang Yehuwah.”



 <<  1 Tawarikh 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel