Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 25 >> 

Para juru ngidung

1Sateruse kanggo pangibadah Sang Prabu Dawud lan para panggedhening wadya-bala padha ngangkat para anake Asaf, para anake Heman lan para anake Yedutun. Iku padha medhar wangsit kalawan diiringi clempung, slukat lan kecer. Daftare para wong kang padha nindakake pagawean ing sajrone pangibadah iku mangkene:

2saka anake Asaf yaiku Zakur, Yusuf, Netanya lan Arasela, para anake Asaf iku kapimpin dening Asaf, kang medhar wangsit kanthi pitedahe Sang Prabu.

3Saka Yedutun yaiku anak-anake Yedutun: Gedalya, Zeri, Yesaya, Simei, Hasabya lan Matica, gunggung ana enem, iku katuntun dening bapakne, Yedutun, kang medhar wangsit diiringi ing clempung nalika ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah.

4Saka Heman yaiku anak-anake Heman: Bukia, Matanya, Uziel, Sebuel, Yerimot, Hananya, Hanani, Eliata, Gidalti, Romamti-Ezer, Yosbekasa, Maloti, Hotir lan Mahaziot.

5Iku kabeh padha anake Heman, juru sidike Sang Nata, manut janjine Gusti Allah kanggo ngluhurake singating kakiyatane; sabab Gusti Allah wus maringi anak marang Heman, lanang patbelas lan wadon telu.

6Kabeh iku padha kapimpin dening bapakne manawa pinuju ngrepekake kekidungan ana ing padalemaning Sang Yehuwah diiringi ing clempung, slukat lan kecer kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah kalawan pitedahe Sang Prabu. Kaya mangkono iku bani Asaf, Yedutun lan Heman.

7Cacahe karo para sadulure kang wus kagladhi ngidung kagem Pangeran Yehuwah -- kabeh iku padha ahli seni -- iku ana rong atus wolung puluh wolu.

8Tuwa anom, guru lan murid, padha nguncalake undhi kanggo bubuhane.

9Undhian kang kawitan tumiba marang Yusuf wong asaf; kang kapindho tumiba marang Gedalya karo sadulur-sadulure lan anak-anake, gunggung wong rolas;

10Undhian kang katelu tumiba marang Zakur, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

11kang kaping pat tumiba marang Yizri, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

12kang kaping lima tumiba marang Netanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

13kang kaping nem tumiba marang Bukia, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

14kang kaping pitu tumiba marang Yesarela anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

15kang kaping wolu tumiba marang Yesaya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

16kang kaping sanga tumiba marang Matanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

17kang kaping sapuluh tumiba marang Simei, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

18kang kaping sewelas tumiba marang Azareel, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

19kang kaping rolas tumiba marang Hasabya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

20kang kaping telulas tumiba marang Subael, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

21kang kaping patbelas tumiba marang Matica, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

22kang kaping limalas tumiba marang Yeremot, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

23kang kaping nembelas tumiba marang Hananya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

24kang kaping pitulas tumiba marang Yosbekasa, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

25kang kaping wolulas tumiba marang Hanani, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

26kang kaping sangalas tumiba marang Maloti, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

27kang kaping rongpuluh tumiba marang Eliata, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

28kang kaping selikur tumiba marang Hotir, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

29kang kaping rolikur tumiba marang Gidalti, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

30kang kaping telulikur tumiba marang Mahaziot, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

31kang kaping patlikur tumiba marang Romamti-Ezer, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas.



 <<  1 Tawarikh 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel