Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 26 >> 

Wong Lewi kang dadi jaga gapura lan liya-liyane

1Anadene tumrap golonganing para jaga lawang: saka bani Korakh yaiku Meselemya bin Kore saka turune Ebyasaf.

2Meselemya duwe anak, yaiku Zakharia, iku kang pambarep, Yediael, anak kang angka loro, Zebaja, anak kang angka telu, Yatniel, anak kang angka papat,

3Elam, kang angka lima, Yohanan, kang angka enem, Elyoenai, kang angka pitu.

4Obed-Edom duwe anak, yaiku Semaya, kang pambarep, Yozabad, kang angka loro, Yoah, kang angka telu, Sakhar kang angka papat, Netaneel, kang angka lima,

5Amiel, kang angka enem, Isakhar, kang angka pitu lan Peuletai, kang angka wolu, amarga kaberkahan dening Gusti Allah.

6Semaya, anake Obed-Edom mau, duwe anak, kang padha dadi lelurahing kulawangsane, sabab padha wong prawira kang gagah prakosa.

7Dene anak-anake Semaya iku yaiku Otni, Refael, Obed lan Elzabad sarta para sadulure, yaiku Elihu lan Semakhya, kabeh padha gagah prakosa.

8Iku kabeh padha turune Obed-Edom, iya wong-wong iku dhewe, para anake lan para sadulure, kabeh padha wong gagah prakosa, sembada tumrap pagaweane, cacahe sawidak loro saka Obed-Edom.

9Dene Meselemya duwe anak wolulas, klebu sadulure, iku wong gagah prakosa.

10Hosa saka bani Merari uga duwe anak, yaiku Simri, iku dadi lelurah sabab sanadyan dudu anak mbarep, nanging didadekake lelurah dening bapakne --

11nuli Hilkia, anak kang angka loro. Tebalya, kang angka telu lan Zakharia, kang angka papat. Anak lan sadulure Hosa iku ana telulas.

12Golongan-golonganing kang padha jaga lawang, kang kabage-bage miturut lelurahing kulawarga iku kawajiban leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha kaya sadulur-sadulure tunggal suku.

13Kanggo saben gapura anggone njaga sarana nguncalake undhi, manut kulawangsa-kulawangsane, tumrap kulawangsa kang gedhe lan iya tumrap kang cilik.

14Undhian kanggo lawang wetan tumiba marang Selemya; sabanjure padha nguncalake undhi kanggo Zakharia, anake sawijining juru pirembug kang wasis, tumibaning undhian kanggo lawang lor.

15Kanggo Obed-Edom lawang kidul lan kanggo anak-anake gedhong pasimpenan.

16Kanggo Supim lan Hosa lawamg kulon karo gapura Syalekhet ing dalan gedhe uggah-unggahan. Wong jaga kang siji dipapanake sadhing sijine.

17Ing sisih wetan saben dinane ana wong enem, ing sisih lor wong papat ing sisih kidul wong papat saben dinane, nanging ing gedhong pasimpenan wonge mesthi loro;

18ing Parbar ing sisih kulon: wong papat ana ing dalan gedhe lan wong loro ana ing Parbar.

19Iku golongan-golonganing para jaga lawang saka bani Korakh lan saka bani Merari.

20Para wong Lewi, para sadulure tunggal suku, kang rumeksa marang barang-barang ing padalemaning Allah lan kang rumeksa barang-barang suci:

21bani Ladan, yaiku turune Gerson kang katurunake dening Ladan, iku kulawangsane dipanggedheni dening bani Yehiel.

22Turune Yehiel, yaiku Zetam lan Yoel sadulure, iku rumeksa marang barang-barang ing padalemane Pangeran Yehuwah.

23Saka bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel

24yaiku Sebuel bin Gersom bin Musa kang dadi lelurahing barang-barang.

25Sanak sadulure Sebuel kang katurunake dening Eliezer yaiku Rehabya anake Eliezer, lan Yesaya anake Rehabya, lan Yoram anake Yesaya, lan Zikhri anake Yoram, lan Selomit anake Zikhri.

26Selomit iku karo sanak sadulure padha rumeksa marang barang-barang suci kang wus kasucekake dening Sang Prabu Dawud, para panggedhening kulawangsa, para tetindhihing wadya-bala sewu, wadya-bala satus lan para panggedhening wadya-bala.

27Iku wus padha nyucekake barang-barang jarahan perang kanggo gawe endahing padalemane Pangeran Yehuwah.

28Uga samubarang kabeh kang wus kasucekake dening Nabi Samuel, wong sidik, dening Sang Prabu Saul bin Kisy, dening Senapati Abner bin Ner, dening senapati Yoab bin Zeruya, malah sakehing barang kang wus kasucekake iku padha direksa dening Selomit sasanak sadulure.

29Saka bani Yizhar yaiku Kenanya saanak-anake; iku padha kapasrahan kawajiban njaba ana ing Israel, yaiku dadi juru mranata lan dadi hakim.

30Saka bani Hebron yaiku Hasabya sasanak-sadulure, iku padha gagah prakosa, cacahe wong sewu pitung atus; iku dipasrahi urusan paprentahan Israel ing sakulone bengawan Yarden ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Pangeran Yehuwah lan sakehe pagawean kang kagem Sang Nata.

31Saka bani Hebron yaiku Yeria, iku kang dadi tetindhihe. Mungguh wong Hebron iki, turune lan kulawangsane, ing taun kang kaping patang puluhe jamane paprentahane Sang Prabu Dawud, katiti-priksa lan panunggalane tinemu ana gegedhug-gegedhuge kang gagah prakosa, yaiku ing Yaezer-Gilead.

32Sanak sadulure Yeria, para wong kang gagah prakosa lan kang padha dadi lelurahing kulawangsa, ana rong ewu pitung atus. Iku padha diangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening bani Ruben, bani Gad lan saparone suku Manasye, ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Gusti Allah lan kang tumuju marang Sang Nata.



 <<  1 Tawarikh 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel