Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 13 >> 

Pitutur-pitutur pungkasan

1Iki kang kaping telune anggonku nemoni kowe: Sahing prakara iku manawa wus ana katrangane saksi loro utawa telu.

2Para wong kang ing wektu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakehe wong liyane, wus dakkandhani luwih dhisik lan bakal dakkandhani sapisan engkas -- saiki sajrone aku adoh karo kowe kabeh padha kaya nalika tekaku kang kapindho -- manawa aku teka maneh aku ora bakal ngeman sapa bae.

3Marga kowe kapengin tandha yekti, yen Sang Kristus ngandika lumantar aku. Lan Panjenengane iku ora apes ana ing ngarepmu, malah nindakake panguwaose ana ing antaramu.

4Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.

5Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora mangkono, kowe dadi tampikan.

6Nanging pangarep-arepku, kowe bakal padha sumurup manawa dudu aku kang padha dadi tampikan.

7Pandongaku marang Gusti Allah, supaya kowe aja nindakake piala, ora supaya aku padha katitika kanggo, nanging supaya kowe padha nglakonana apa kang becik, sanadyan aku dhewe katona padha kaya dadi tampikan.

8Marga aku kabeh padha ora bisa nglakoni apa-apa kang nyulayani kabeneran, nanging kang bisa daklakoni yaiku kang cundhuk karo kabeneran.

9Awit aku padha bungah, manawa aku apes lan kowe padha rosa. Dene kang padha daksuwun, yaiku supaya kowe dadi sampurna.

10Yaiku sababe anggonku sapisan iki nulis saka ing kadohan, supaya manawa aku mengko ana ing antaramu, aku ora kapeksa tumindak kereng miturut wewenang kang kaparingake dening Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak.

Salam

11Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!

12Padha sesalamana kalawan pangambung suci.

13(13-12b) Sakehe para suci kirim salam marang kowe kabeh.

14(13-13) Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, lan sihe Gusti Allah tuwin patunggilane Sang Roh Suci, anaa ing kowe kabeh!



Download Audio MP3 (2 Korintus 13):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Korintus 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel