Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 2 >> 

1Ing sajroning atiku aku wus netepake, manawa kita ora bakal nekani kowe maneh kalawan susah.

2Awit, manawa aku kang gawe sedhihmu, sapa maneh kang bisa gawe bungahku kajaba kang padha sedhih marga saka aku.

3Lan yaiku karepe layangku iki, yaiku supaya manawa aku teka, aja nganti aku sedhih marga saka wong-wong, kang kudune padha gawe bungahku. Sabab aku yakin ing bab kowe kabeh, manawa kabungahanku iku iya kabungahanmu uga.

4Sabab anggonku nulis marang kowe iku ana ing satengahing kasusahan lan sumpeking ati kang banget lan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supaya kowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padha sumurup sapira gedhene katresnanku marang kowe kabeh.

Pangapura marang wong kang kaluputan

5Dene manawa ana wong kang gawe sedhih, iku dudu atiku kang digawe sedhih, nanging kowe kabeh, utawa saora-orane -- supaya anggonku kandha ora dakbangetake -- wong sawatara ing antaramu.

6Wong kang kaya mangkono iku wus cukup kaelikake dening wong akeh ing antaramu,

7malah kosokbaline kowe padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting susahe.

8Mulane pituturku marang kowe kabeh, supaya kowe padha nandukna katresnan marang wong mau.

9Awit iya iku tujuane anggonku nulis layang marang kowe, yaiku kanggo ndadar kowe, apa kowe padha tetep mituhu ana ing samubarang kabeh.

10Awit sapa kang kokapura kaluputane, iku iya dakapura. Sabab yen aku ngapura -- saupama ana kang kudu dakapura -- anggonku ngapura iku marga saka kowe ana ing ngarsane Sang Kristus,

11supaya Iblis aja nganti oleh kauntungan kang tumuju marang kita, sabab kita sumurup apa kang dikarepake.

Was sumelang lan kalegane penggalihe Rasul Paulus ana ing kutha Troas lan ing tanah Makedhonia

12Nalikane aku tekan ing Troas prelu martakake Injile Sang Kristus, aku wus kawenganan lawang dening Gusti ana ing kana.

13Nanging atiku ora rumangsa jenjem, sabab aku ora kepethuk karo sadulur Titus, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang ing tanah Makedhonia.

14Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah, kang ana ing patunggilane Sang Kristus tansah nuntun aku kabeh ana ing dalaning kaunggulane. Lan lumantar aku aruming kawruh tumrap Panjenengane sumebar ing saenggon-enggon.

15Awit kagem Gusti Allah aku kabeh iki dadi gandaning arum Sang Kristus ana ing tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana ing antarane wong kang padha nemu karusakan.

16Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon gandaning urip kang nguripake. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku?

17Awit aku kabeh ora padha karo wong liya kang akeh-akeh, kang padha mburu kabegjan saka pangandikaning Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristus aku padha ngucap ing samesthine kanthi kekarepan-kekarepan kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.



Download Audio MP3 (2 Korintus 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Korintus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel