Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 20 >> 

Pambalelane Seba

1Nalika semana ing kono pinuju ana wong dursila, jenenge Seba bin Bikri, wong Benyamin, iku ngunekake kalasangka sarta ngucap: “Kita ora duwe panduman saka Dawud. Kita ora duwe warisan tumrap anake Isai. He wong Israel, payo padha mulih menyang kemah kita dhewe-dhewe!”

2Sakehe wong Israel banjur padha ninggal Prabu Dawud lan ngetutburi Seba bin Bikri, dene wong Yehuda tetep setya marang ratune, padha ndherekake tindake wiwit saka bengawan Yarden nganti tekan ing Yerusalem.

3Sarawuhe Sang Prabu Dawud ing Yerusalem, banjur nimbali garwa ampeyan sepuluh, kang ditilar ngreksa kraton, nuli dilebetake ing sawijining omah tutupan; Sang Prabu ngingoni para wong wadon iku nanging ora dirawuhi. Padha dikebonake kaya randha nganti sapatine.

4Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Amasa: “Para wong Yehuda kerigna sajrone telung dina, sawise sowana mrene maneh!”

5Sang Amasa banjur mangkat ngumpulake wong Yehuda, nanging kuwajibane diendhe-endhe nganti kliwat wektune kang katemtokake dening Sang Prabu.

6Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Sang Abisai: “Ing wektu iki Seba bin Bikri iku tumrap kita luwih mbebayani katimbang karo Absalom, mulane sira bae ngirida balane gustinira, lan wong iku burunen aja nganti mlebu ing kutha beteng temahan mrucut saka ing tangan kita.”

7Sang Yoab, wong Kreti, wong Pleti lan sakehe para prawira padha budhal nututi. Padha metu Yerusalem nedya ngoyak Seba bin Bikri.

8Bareng tekan ing sacedhake watu gedhe ing Gibeon, Sang Amasa wus ndhisiki ana ing kono. Dene Sang Yoab asikep praboting perang sarta sabukan, kalawan nyengkelit pedhang ing bangkekane. Nalika jumangkah maju, pedhange konus lan runtuh.

9Sang Yoab ngandika marang Sang Amasa: “Sampeyan wilujeng, sadherek!” sarta nyekel janggute klawan tangane tengen jenggote Sang Amasa arep ngaras.

10Sang Amasa ora nglegewa mungguh pedhange kang ana astane Sang Yoab, Sang Yoab nyudukake pedhang iku ing padharane, temah jerohane wutah ing bumi. Anggone nyuduk ora susah mindho, amarga wis tumeka ing pati. Sang Yoab karo Sang Abisai sadhereke terus ngoyak Seba bin Bikri.

11Lan ana sawijining balane Sang Yoab ngadeg sacedhake mayit iku sarta ngucap: “Sapa kang rumaket marang Sang Yoab lan milih Sang Prabu Dawud, enggal nututana Sang Yoab.”

12Ing wektu iku Sang Amasa gumlethak akuthah getih ana ing tengah dalan gedhe. Bareng wong iku weruh, yen sakehing wong padha nonton, mayite Amasa banjur disingkirake saka ing dalan gedhe menyang ing ara-ara, dilurubi jubah, amarga weruh, yen saben wong kang teka mrono padha mandheg nonton.

13Sawuse mayite disingkirake saka ing dalan gedhe, wong kabeh padha mlaku terus ngetutake Sang Yoab ngoyak-oyak Seba bin Bikri.

14Seba wus ngliwati dhaerahe sakehe taler Israel ngener menyang Abel-Bet-Maakha. Lan kabeh balane wong Bikri wus nglumpuk lan ngetutake dheweke.

15Nanging balane Sang Yoab wus tekan ing kono lan banjur ngepung dheweke ana ing Abel-Bet-Maakha, nuli padha ngundhug-undhug lemah kanggo tameng ing ngarepe kutha, nganti mepet tekan ing balowarti njaba, dene sakehe wong kang ndherek Sang Yoab padha njugangi balowartine kutha iku murih jugruge.

16Banjur ana sawijining wong wadon saka ing kutha kono kang limpad ing budi, kang nguwuh-uwuh: “Ngrungokna ta! Ngrungokna ta! Matura marang Sang Yoab: Kula aturi nyelak mriki, supados kula saged matur dhateng panjenengan.”

17Sang Yoab nuli nyedhaki wong wadon mau. Wong wadon mau banjur matur pitakon: “Punapa panjenengan Sang Yoab?” Wangsulane: “Iya aku iki Yoab.” Wong wadon mau banjur matur: “Mugi miyarsakna aturipun ingkang abdi.” Wangsulane: “Iya.”

18Wong wadon iku nuli matur: “Kala rumiyin kalimrah tiyang wicanten makaten: Becike wong neneges ana ing Abel lan ing Dhan: punapa punika sampun kasuwak punapa ingkang sampun katetepaken dening tiyang-tiyang ingkang setya ing Israel?

19Nanging panjenengan punika kok badhe ngrisak satunggaling kitha, mangka punika kitha babon ing Israel. Kenging punapa panjenengan kok badhe ngrisak tanah pusakanipun Sang Yehuwah?”

20Sang Yoab banjur mangsuli: “Muga aku kaedohna saka ing pangarah ngrebut lan ngrusak!

21Nalare ora mangkono. Nanging ana sawijining wong kang aran Seba bin Bikri kang wus ngangkat tangane mbalela marang Sang Prabu Dawud. Ulungna wong siji iku marang tanganku, aku bakal mundur saka ing kutha kene.” Wong wadon mau banjur matur marang Sang Yoab: “Prayogi, sirahipun badhe kula uncalaken wonten ing ngarsa panjenengan saking ing sawingkinging balowarti punika.”

22Wong wadon iku banjur mlebu rembugan karo wong sakutha kabeh kanthi kawicaksanan. Sawuse iku wong ing kutha kono banjur padha nigas sirahe Seba bin Bikri lan diuncalake marang Sang Yoab. Sang Yoab banjur ngungelake kalasangka, sabalane kabeh padha bubar ninggal kutha iku, mulih menyang padunungane sowang-sowangan. Sang Yoab banjur bali menyang Yerusalem seba marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud.

Para punggawane Sang Prabu Dawud

23Anadene Sang Yoab didadekake Senapatine sakehing wadyabala Israel, lan Sang Benaya bin Yoyadha dadi tetindhihe wong Kreti lan wong Pleti.

24Sang Adoram dadi wadanane wong nyangga karya, lan Yosafat bin Ahilud dadi kang rumeksa bandha,

25Sang Seya dadi panitra-nagara; Sang Zadhok lan Sang Abyatar jumeneng imam.

26Sang Ira wong Yair iya dadi imame Sang Prabu Dawud.



 <<  2 Samuel 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel