Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 9 >> 

Sang Prabu Dawud lan Sang Mefiboset

1Sang Prabu Dawud ngandika: “Apa isih ana warise Prabu Saul? Ingsun arsa nandukake sih marang wong iku marga saka Pangeran Yonatan.”

2Dene kulawargane Prabu Saul kagungan abdi, kang aran Ziba; iku ditimbali sowan ing ngarsane Prabu Dawud, banjur didangu Sang Prabu: “Apa sira iku Ziba?” Atur wangsulane kang kadangu: “Nuwun inggih gusti.”

3Sang Prabu banjur ndangu maneh: “Apa ora ana kulawargane Prabu Saul maneh? Ingsun arsa nandukake kawlasan kang saka Gusti Allah.” Ziba nuli munjuk marang Sang Prabu: “Taksih wonten putranipun Pangeran Yonatan satunggal ingkang cacat sampeyanipun.”

4Pandangune Sang Prabu: “Iku saiki ana ngendi?” Atur wangsulane Ziba marang Sang Prabu: “Kawula nuwun wonten, ing griyanipun Makhir bin Amiel ing Lodebar.”

5Sawuse iku Sang Prabu Dawud dhawuh nimbali putra mau saka omahe Makhir bin Amiel, saka ing Lodebar.

6Anadene Sang Mefiboset bin Yonatan bin Saul banjur mlebu seba marang ngarsane Prabu Dawud, sujud lan nyembah. Pangandikane Prabu Dawud: “Mefiboset.” Atur wangsulane: “Nuwun inggih, kawula abdi dalem.”

7Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Sira aja samar, amarga ingsun bakal nandukake kadarman marang sira, marga saka Pangeran Yonatan, kang ramanira; ingsun bakal mbalekake sakehe palemahan kagungane Prabu Saul, eyangira lan sira bakal kembul dhahar klawan ingsun.”

8Sang Mefiboset banjur sujud lan matur: “Abdi dalem punika punapa ta, dene panjenengan dalem karsa nggalih dhateng segawon pejah kados kawula punika?”

9Sang Prabu banjur nimbali Ziba, abdine Prabu Saul lan ngandika marang dheweke: “Kabeh kang dadi kagungane Prabu Saul mau, lan darbeke kulawargane, sunparingake marang wayahe gustinira iku.

10Sira ngolaha lemah iku kanggo panjenengane: sira, anakira lan rewangira sarta sira wajib ngaturake panenane, supaya wayahe gustinira anaa kang didhahar. Mifiboset wayahe gustinira iku, lestaria ndherek kembul dhahar klawan ingsun.” Ziba duwe anak lanang limalas lan rewang rong puluh.

11Ziba matur marang Sang Prabu: “Abdidalem badhe nglampahi punapa ingkang kadhawuhaken gusti kawula dhateng kawula.” Sang Mefiboset kembul dhahar klawan Sang Prabu Dawud kaya dene salah sijine putrane Sang Prabu.

12Sang Mefiboset kagungan putra kakung isih timur, asmane Mikha. Sakehe wong sakukubane Ziba, padha dadi abdine Sang Mefiboset.

13Mengkono dadine Sang Mefiboset manggen ana ing Yerusalem; amarga lestari kembul dhahar karo Sang Prabu. Mangka sampeyane karo pisan pincang.



 <<  2 Samuel 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel