Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 12 >> 

Sang Prabu Sisak nempuh Yerusalem

1Kacarita, bareng karajane wus santosa lan pangwaose wus dadi kukuh, Sang Prabu Rehabeam dalasan Israel kabeh padha nyingkur marang angger-anggering Yehuwah.

2Ing taun kang kaping limane jamane Sang Prabu Rehabeam, Sang Prabu Sisak, nata ing Mesir, nempuh Yerusalem -- amarga kabeh wus padha ora setya marang Pangeran Yehuwah --

3kalawan kreta sewu rong atus lan wadya-bala jaranan sawidak ewu, dene rakyat kang ndherek saka ing Mesir cacahe tanpa wilangan, yaiku wong Libia, wong Suki lan wong Etiopia.

4Kutha-kutha beteng ing Yehuda padha karebut dening Sang Prabu, malah banjur wus cedhak karo Yerusalem.

5Ing kono Nabi Semaya banjur manggihi Sang Prabu Rehabeam lan para panggedhene Yehuda, kang padha nglumpuk ana ing Yerusalem, amarga saka pangancame Sang Prabu Sisak, sarta matur mangkene: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus padha ninggal marang Ingsun, mulane Ingsun iya nilar sira kabeh ana ing pangwasane Sisak.”

6Para panggedhe Israel lan Sang Nata banjur padha nalangsa sarta ngandika: “Pangeran Yehuwah iku kang leres!”

7Bareng Sang Yehuwah mirsa, manawa wong-wong padha nalangsa, banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Semaya, surasane mangkene: “Wong-wong iku wus padha ngesorake awake, mulane ora bakal Sunsirnakake, bakal enggal Sunluwari lan mulad-mulading bebenduningSun ora bakal kaesokake marang Yerusalem lumantar Sisak.

8Nanging bakal padha dadi bature, supaya padha bisaa mbedakake ngabekti marang Ingsun karo sujud marang karajan-karajan ing donya.”

9Sang Prabu Sisak ratu ing Mesir, banjur nglurugi lan nempuh Yerusalem. Prabot-prabot ing padalemaning Yehuwah lan raja-brana ing kraton pada kajarah; kabeh padha karayahan. Sang Prabu uga mundhuti tameng-tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.

10Minangka lirune Sang Prabu Rehabeam yasa tameng-tameng tembaga, kang kapasrahake marang para tetindhihe wadya-bala kang njaga lawanging kratone Sang Nata.

11Saben Sang Prabu lumebet ing padalemaning Yehuwah, para prajurit mau padha teka ngampil tameng-tameng iku, lan uga wong-wong iku kang mbalekake menyang ing kamar pajagane.

12Ing sarehne Sang Prabu ngesorake sarira, dukane Pangeran Yehuwah banjur lilih, mulane ora kasirnakake babar pisan. Sarta maneh ing Yehuda iya isih ana bab-bab kang becik.

13Sang Prabu Rehabeam iku ngatingalake santosane anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Sang Prabu Rehabeam yuswa patang puluh taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase pitulas taun, ana ing kutha kang pinilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane sakehe suku Israel, kagem padunungane asmane. Kang ibu asma Naama, putri bangsa Amon.

14Sang Prabu Rehabeam iku nglampahi kang ala, marga ora mantep anggone ngupaya marang Pangeran Yehuwah.

15Riwayate Sang Prabu Rehabeam iku wiwit wiwitan nganti wekasan, kabeh rak wus katulisan ana ing sejarahe Nabi Semaya lan Idho, wong sidik, -- kang uga ngemot daftar sarasilah. Ing antarane Prabu Rehabeam lan Prabu Yerobeam iku tansah ana perang.

16Wasana Sang Prabu Rehabeam banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Abia, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.



 <<  2 Tawarikh 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel