Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 2 >> 

Pacawisan kanggo adege Padaleman Suci

1Sang Prabu Suleman dhawuh yasa padaleman kagem asmaning Yehuwah lan kraton kagem panjenengane piyambak.

2Sang Prabu Suleman banjur nglempakake kuli pitung puluh ewu, tukang natah ing pagunungan wolung puluh ewu lan mandhor kang ngawat-awati telung ewu nem atus.

3Sang Prabu Suleman tumuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Huram, ratu ing nagara Tirus, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang wirasane: “Panjenengan mugi karsaa nandukaken dhateng kula, kadosdene ingkang panjenengan tandukaken dhateng rama kula Dawud, nalika panjenengan ngintuni kajeng eres dhateng rama, kagem yasa kraton ingkang badhe dipun dalemi.

4Kauningana, kula badhe yasa padaleman kagem ing asmanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, dadosa sesengkeranipun, supados ing ngarsanipun kabesmia dupa anggi-anggi arum, sarta sesaos roti ajegan tuwin kurban obaran enjing sonten, ing dinten-dinten Sabat lan ing wulan-wulan enggal, punapadene ing riyaya-riyaya ingkang katetepaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, amargi sadaya wau dados kuwajibanipun tiyang Israel ing salami-laminipun.

5Wondene padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng, amargi Gusti Allah kula punika langkung luhur tinimbang sakathahing allah.

6Nanging sinten ingkang kadugi ngyasakaken padaleman Panjenenganipun, awit sanadyan langit malah langit ing sanginggiling sakathahipun langit inggih boten saged ngewrat Panjenenganipun? Mangka kula punika sinten ta, dene kula kok badhe yasa satunggaling padaleman kagem Panjenenganipun, rak namung panggenan kangge mbesmi kurban wonten ing ngarsanipun?

7Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.

8Kajawi punika ugi karsaa maringi kajeng eres, kajeng beros saha kajeng cendhana saking ing redi Libanon, awit kula mangretos, bilih ingkang abdi sami pinter negor wit ing Libanon. Dene para tiyang kula badhe mbiyantu para abdi panjenengan

9supados kula kacawisan kajeng ingkang kathah, amargi padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng tuwin ngedab-edabi.

10Wondene para tiyang ingkang sami negori wit punika badhe kula cadhongi gandum kalih dasa ewu kor, seir kalih dasa ewu kor, anggur kalih dasa ewu bat, saha lisah kalih dasa ewu bat, minangka bahan tedha kangge para abdi wau.”

11Sang Prabu Huram, nata ing nagara Tirus, nuli kintun serat wangsulan marang Sang Prabu Suleman, kang surasane mangkene: “Ing sarehne Pangeran Yehuwah ngasihi dhateng umatipun, pramila panjenengan lajeng kajumenengaken dados ratunipun.”

12Sang Prabu Huram nuli nglajengake pangandikane: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Israel, ingkang nitahaken langit lan bumi, awit Panjenenganipun sampun maringi dhateng Sang Prabu Dawud satunggaling putra ingkang wicaksana, kapenuhan ing akal budi saha pangretosan, ingkang badhe yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah tuwin kraton kagem sariranipun piyambak.

13Awit saking punika kula ngintunaken satunggaling ahli, ingkang kapenuhan ing pangretosan, inggih punika Huram Abi,

14anakipun tiyang estri saking bani Dhan, dene bapakipun tiyang Tirus. Tiyang punika pinter nggarap jene, selaka, tembagi, tosan, sela, kajeng, kain wungu enem, badhe wungu sepuh, lena alus tuwin badhe jingga, saha ugi pinter damel sawernining ukir-ukiran punapa malih sawernining rancangan ingkang kapasrahaken dhateng piyambakipun kanthi kabiyantu dening para ahli panjenengan saha dening para ahlinipun ingkang rama, Sang Prabu Dawud.

15Lah sapunika panjenengan kula aturi ngintunaken dhateng para abdi panjenengan gandum saha sair, lisah saha anggur, ingkang sampun panjenengan ngandikakaken punika.

16Kula lajeng sami badhe negori kajeng saking ing redi Libanon, sapinten ingkang panjenengan betahaken saha badhe kula kintunaken dhateng panjenengan kalayan gethek langkung ing seganten ngantos dumugi ing Yafo, panjenengan lajeng saged mbekta dhateng ing Yerusalem.”

17Sang Prabu Suleman tumuli ngetang sakehe wong manca kang lanang kang ana ing nagara Israel padha kaya kang wus tau katindakake dening Sang Prabu Dawud, kang rama. Ing kono tinemu ana wong satus seket telu ewu nem atus.

18Lan saka ing antarane iku, pitung puluh ewu didadekake kuli, wolung puluh ewu tukang natah ing pagunungan, lan telung ewu nem atus kadadekake mandhor kang nglurahi kang padha nyambut gawe iku.



 <<  2 Tawarikh 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel