Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 4 >> 

Netepana timbalanmu leladi

1Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wong kang urip lan mati, demi ngatingale, lan demi Karatone.

2Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.

3Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.

4Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.

5Nanging kowe dibisa ngemudheni awakmu ing sajroning samubarang kabeh, disabar ing sajroning nandhang sangsara, nindakna pakabaran Injil, lan ngakonana kawajibaning leladi!

6Dene mungguh aku iki, getihku wus wiwit kaesokake minangka pisungsung sarta wektu anggonku bakal ngajal wus cedhak.

7Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.

8Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.

Piweling pungkasan

9Udinen supaya kowe enggal bisa nekani aku,

10awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.

11Mung Lukas sing isih tetunggalan karo aku. Markus pethuken lan ajaken mrene, awit anggone leladi wigati tumrap aku.

12Tikhikus wis dakkon menyang Efesus.

13Yen kowe mrene, jubah kang daktinggal ana ing kutha Troas ana ing omahe Karpus, cangkingen lan uga buku-bukuku, kang prelu dhewe perkamen kae.

14Aleksander tukang tembaga kae wis nindakake piala akeh marang aku. Iku bakal diwales dening Gusti manut panggawene.

15Kowe uga sing waspada marang wong iku, awit banget anggone merangi piwulang kita.

16Nalika aku ngunjukake panjawab kang kawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantu aku, kabeh padha ninggal aku -- iku muga aja ditempuhake marang wong-wong mau --

17nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.

18Karodene Gusti bakal ngluwari aku saka ing sarupane panggawe ala. Panjenengane bakal milujengake aku, satemah aku banjur lumebu ing Karatone ing Swarga. Panjenengane linuhurna ing salawas-lawase! Amin.

Salam

19Salam marang Priska lan Akwila lan marang brayat Onesiforus.

20Erastus kari ana ing kutha Korinta dene Trofimus daktinggal lara ana ing Miletus. Arahen anggonmu mrene sadurunge mangsa bedhidhing.

21Salam saka Ebulus lan Pudes sarta Linus lan Klaudhia apadene saka sadulur kabeh.

22Gusti muga nunggila ing rohmu. Sih-rahmate nunggila ing kowe!



Download Audio MP3 (2 Timotius 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Timotius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel