Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 9 >> 

Wahyu kang kaping lima: Pangeran celak misbyah

1Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika: “Pucuking saka iku gandhenen kang seru supaya undhak-undhakane horeg, padha jugrugna marang sirahe wong akeh, lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.

2Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati, astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono; utawa saupama munggaha menyang ing langit, iya bakal Sunandhapake saka ing kono.

3Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel, mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono; utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara, Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.

4Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan, Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono. Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong iku supaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.”

5Gusti Allahing sarwa dumadi kang ndumuk marang bumi, temah gonjing, lan para wong kang ngenggoni padha nandhang susah, sarta kabeh padha mumbul kaya bengawan Nil, banjur mendhak maneh kaya bengawan ing Mesir;

6kang yasa gedhong ana ing langit, sarta nelesi plengkunge ana ing bumi, kang nimbali banyu sagara, banjur diesokake ing salumahe bumi, Pangeran Yehuwah iku asmane.

Bangsa pilihan katampik dening Gusti Allah

7“He wong Israel. Sira iku tumrap Ingsun rak padha bae kaya wong Etiopia?” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. “Israel rak wus Sunhirid metu saka ing tanah Mesir, wong Filisti saka ing Kaftor, lan wong Aram saka ing Kir?

8Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksa karajan kang nindakake dosa iku. Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi; nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --.

9“Sabab lah, Ingsun bakal paring dhawuh, banjur turune Israel iku Sunoyog-oyog ana ing antarane para umat, patrape kaya wong kang lagi ngayaki, mangka krikil cilik siji bae ora ana kang tiba ing lemah.

10Bakal padha mati dening pedhang sakehe wong dosa panunggalane umatingSun kang padha ngucap: Aku bakal ora kecandhak utawa kagepok ing bilai.”

Janji bab kaslametan

11“Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;

12supaya wong-wong iku padha ngwasanana marang kekarene bangsa Edom, lan sakehe bangsa kang Sunsebut kagunganingSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang nindakake prakara iki.

13Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani, wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji; gunung-gunung padha netesake anggur anyar, sarta tengger-tengger bakal kabanjiran.

14UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh, nuli padha mbangun maneh kutha-kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni; bakal padha nanduri pakebonane anggur, sarta bakal ngombe anggure, lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe.

15Tumuli padha Suntanem ana ing tanahe dhewe, lan mesthi ora dijabut maneh saka ing tanah kang wus Sunparingake,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Allahira.



 <<  Amos 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel