Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 8 >> 

Pamejange kawicaksanan

1Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh, lan kapinteran rak ngetokake swarane?

2Ing panggonan kang dhuwur ing pinggir dalan, ana ing simpangane lurung-lurung, ana ing kono enggone jumeneng,

3ana ing sandhinge gapura sangarepe kutha, ana ing dalan lumebu anggone nguwuh-uwuh kalawan sora, pangandikane:

4“He para wong lanang, sira kang Sunpituturi, marang para anaking manungsa, swaraningSun Suntujokake.

5He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran, he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.

6Padha ngrungokna, awit Ingsun bakal ngandikakake prakara kang jero, lan arep mbikak lathiningSun lan nglairake prakara kang bener.

7Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran, lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun.

8Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil, ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra.

9Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter, sarta bener ingatase kang duwe kawruh.

10PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka, lan kawasisan ngluwihi mas murni.

11Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni, sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani.

12Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran, lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.

13Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra.

14Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun, Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.

15Para raja anggone mrentah marga saka Ingsun, mangkono uga para panggedhe anggone nindakake pangadilan.

16Para panggedhe anggone kadunungan pangwasa iku marga saka Ingsun, mangkono uga para luhur lan sakehe hakim ing sajagad.

17Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.

18Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun, uga bandha kang tetep lan kaadilan.

19WohingSun iku ngungkuli emas, malah ngluwihi mas tulen, pametuningSun iku ngluwihi salaka pilihan.

20Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran, ing tengah-tengahe lurung kaadilan,

21supaya wong kang tresna marang Ingsun padha Sunparingi warisan bandha, sarta papan pasimpenane bakal Sunkebaki.

22Ingsun wus katitahake dening Pangeran Yehuwah dadi wiwitaning pakaryane, minangka pandamele kang kawitan ing jaman kuna.

23Ingsun wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula, sadurunge bumi ana.

24WiyosingSun sadurunge banyu samodra agung ana, sadurunge ana sumber-sumber kang luber banyune.

25Sadurunge gunung-gunung tumanceb lan sadurunge ana punthuk-punthuk Ingsun wus miyos.

26Iya sadurunge panjenengane nitahake dharatan lan ara-ara, malah durung ana bledug kang kawitan.

27Nalika Panjenengane ngrancang anane langit, Ingsun ana ing kono, iya ing kalane nyipat sikiling langit ana ing lumahe samodra agung,

28iya ing kalane netepake mega-mega ing dhuwur, lan kalane sumbering samodra agung wiwit padha mbludag klawan santer,

29nalika Panjenengane nemtokake watesing segara, supaya banyu aja nganti nerak dhawuhe, lan ing kalane masang dhasaring bumi.

30Ingsun dadi putra kekasihe kang nyarengi Panjenengane, sadina-dina Ingsun damel renaning panggalihe, tansah dolanan ana ing ngarsane.

31Ingsun dolanan ana ing bumi kagungane, sarta para anaking manungsa padha dadi kalangenaningSun.

32Mulane, he bocah-bocah, padha rungokna dhawuhingSun, awit rahayu wong kang padha rumeksa marang dalan-dalaningSun.

33Nilingna pamerdi, temah sira dadi wicaksana, aja sira lirwakake.

34Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.

35Amarga sapa kang nemu Ingsun, iku nemu urip, sarta pesthi oleh sihe Pangeran Yehuwah.

36Balik sing sapa ora nemu Ingsun, iku mitunani awake dhewe, sakehe wong kang sengit marang Ingsun, iku nresnani pati.



 <<  Amsal 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel