Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 11 >> 

Genine Pangeran Yehuwah

1Kacarita ing sawijining dina wong sabangsa padha ngresula ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing bab kaanane kang ora kapenak. Bareng Pangeran Yehuwah mireng bab iku, banjur duka; genine Sang Yehuwah banjur murub ana ing antarane, lan memangsa ana ing tepis-wiringe palereban.

2Wong sabangsa iku tumuli padha sambat-sambat marang Nabi Musa, sarta Nabi Musa banjur ndedonga marang Pangeran Yehuwah, temah genine sirep.

3Awit saka iku panggonan kono mau kaaranan Tabera, marga genine Sang Yehuwah murub ana ing satengahe.

Pangeran Yehuwah prajanji bakal maringi daging

4Anadene wong rucah kang ana ing antarane padha kathukulan budi srakah, temahan wong Israel banjur katut nangis maneh, pangucape: “Sapa kang bakal menehi daging marang aku?

5Aku padha kelingan manawa mangan daging ana ing tanah Mesir tanpa tuku, apadene timun lan semangka, loncang, brambang sarta bawang.

6Nanging saiki awakku padha kuru aking, ora ana apa-apa kajaba mung man iki.”

7Mungguh man iku memper ketumbar lan warnane kaya blendok bedolah.

8Wong-wong padha mlayu slira-sliri anggone ngrakupi, banjur digiling srana panggilingan utawa didheplok ana ing lumpang, nuli diolah ana ing kuwali digawe roti bunder-bunder, rasane kaya glepung kang digoreng.

9Saben bengi manawa ebun tumurun ing palereban, ing kono iya tumuli kasasaban man.

10Bareng Nabi Musa midhanget wong sabrayat-sabrayat padha nangis ana ing lawanging tarube, banget mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah, sarta Nabi Musa piyambak iya nganggep bab iku ora becik.

11Nuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Kadospundi dene tangkep Paduka dhumateng abdi Paduka kok awon makaten, punapaa kawula boten pikantuk sih-palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula ngantos Paduka paringi tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya?

12Punapa kawula ingkang ngandhut bangsa punika sadaya, punapa inggih kawula ingkang nglairaken, dene ngantos Paduka dhawuhi: Sira boponga, kaya emban anggone mbopong pasusone, kagawaa menyang tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang para leluhure.

13Saking pundi anggen kawula pikantuk daging ingkang saged kawula sukakaken dhateng tiyang sabangsa punika sadaya? Awit sami nangis dhateng kawula saha pangucapipun: Kula mugi panjenengan paringi daging, badhe kula tedha.

14Kawula boten kuwawi nyanggi piyambak tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya, awit punika kawraten tumrap kawula.

15Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”

16Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.

17Nuli Ingsun bakal tumedhak sarta bakal ngandikan karo sira ana ing kono, nuli Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggung-jawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.

18Nanging wong sabangsa mau padha sira dhawuhana mangkene: Padha sesucia kanggo ing dina sesuk, nuli kowe bakal padha mangan daging; marga kowe wus padha nangis ana ing ngarsaning Yehuwah, kanthi pangucapmu: Sapa kang bakal aweh daging marang aku? Ana ing tanah Mesir kaananku kabeh rak becik banget ta? Kang iku Sang Yehuwah bakal maringi daging marang kowe, kang bakal kokpangan.

19Ora mung sadina anggonmu padha mangan, ora mung rong dina, ora limang dina, ora sepuluh dina, ora rong puluh dina,

20nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”

21Nanging unjuke Nabi Musa: “Bangsa ingkang kawula tunggil punika cacahipun nem atus ewu sami lumampah dharat, mangka kok wonten dhawuh Paduka: Bakal padha Sunparingi daging kang dipangan nganti sesasi muput.

22Punapa badhe sami kapragataken menda utawi lembu ingkang cekap kangge tiang samanten punika? Utawi punapa badhe kapendhetaken sakathahipun ulam ing saganten ngantos nyekapi?”

23Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”

Pinituwaning bangsa pitung puluh

24Nabi Musa tumuli miyos sarta ndhawuhake pangandikane Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, karomaneh nglumpukake wong pitung puluh panunggalane para pinituwane umat, padha didhawuhi ngadeg ing saubenge tarub.

25Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.

26Anadene ing palereban isih ana wong loro kang kari, kang siji jenenge Eldad, sijine Medad, kang iya padha kapanjingan ing Roh, iku iya kalebu panunggalane kang kacathetan, nanging padha ora melu metu menyang tarub, mulane iya banjur padha medhar wangsit kaya nabi ana ing palereban.

27Banjur ana sawijining wong nom lumayu ngaturi uninga marang Nabi Musa, ature: “Eldad kaliyan Medad sami medhar wangsit wonten ing palereban.”

28Yusak bin Nun, kang wiwit nom mula dadi abdine Nabi Musa, tumuli matur: “Dhuh bendara kula Musa, mugi panjenengan pambengi!”

29Nanging banjur dipangandikani dening Nabi Musa: “Yagene nganti samono anggonmu mbelani aku? Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!”

30Nabi Musa banjur tindak wangsul menyang ing pakemahan kadherekake dening para pinituwane Israel mau.

Manuk gemak

31Tumuli ana angin midid kang asale saka Pangeran Yehuwah, kang nggawa manuk gemak saka ing pinggire segara banjur kasebar ana ing sadhuwure palereban sarta ing saubenge, ing keblat papat, nganti watara lakon sadina, dhuwure saka ing lemah watara rong asta.

32Wong-wong banjur padha tumandang nglumpukake manuk gemak mau nganti sadina muput lan sawengi natas, dalah esuke iya sadina muput maneh; saben wong siji anggone nglumpukake sathithik-sathithike sapuluh homer, tumuli padha didhendheng disebar ana ing saubenge palereban.

33Nalika daginge iku isih ana ing cangkem, durung nganti kamamah, banjur mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, padha kagebag ing wewelak kang abot banget dening Sang Yehuwah.

34Awit saka iku panggonan kono katelah aran: Kibrot-Taawa, marga ana ing kono anggone padha ngubur wong-wong kang srakah.

35Saka ing Kibrot-Taawa umat mau banjur budhal menyang Hazerot, tumuli lereb ana ing kono.



 <<  Bilangan 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel