Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 16 >> 

Korakh, Datan lan Abiram padha mbalela

1Kacarita Korakh bin Yishar bin Kehat bin Lewi sakuthon karo Datan lan Abiram, padha anake Eliab lan On bi Pelet, telu-telune wong Ruben, padha mbalela, ngajak wong-wong,

2mbalela marang Nabi Musa, bebarengan karo wong Israel rong atus seket, padha panggedhene umat, kang pinilih dening pasamuwan, kabeh padha wong kajen,

3iku padha nglumpuk ngrubung Nabi Musa lan Imam Harun, sarta matur: “Sapunika sampun cekap! Tiyang saumat sadaya punika suci, sarta Pangeran Yehuwah wonten ing tengahipun; ingkang punika kadospundi, dene panjenengan kok sami ngluhuraken sarira ngungkuli pasamuwanipun Sang Yehuwah?”

4Bareng Nabi Musa midhanget prakara iku banjur sumungkem sujud,

5sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.

6Kowe padha nindakna mangkene: Padha njupuka padupan, he Korakh lan kowe kabeh grombolane,

7padha dekekana geni lan dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sesuk-esuk nuli wong kang kapilih dening Sang Yehuwah, iku kang suci. Wus cukup samene bae, eh para bani Lewi!”

8Nabi Musa banjur nyambeti pangandikane marang Korakh: “He, wong bani Lewi, padha ngrungokna!

9Apa durung cukup tumrap kowe, anggonmu wus padha dibedakake dening Gusti Allahe Israel saka ing antarane umat Israel, diparengake sowan marang ing ngarsane, supaya kowe padha nglakoni ayahan ana ing Tarub Sucine Pangeran Yehuwah, sarta ngladeni pasamuwan,

10kowe dalah para sadulurmu wong bani Lewi kabeh padha kalilan sowan, mangka saiki kowe kok padha ngarah kalenggahan imam?

11Mulane kowe dalah grombolanmu kabeh banjur sakuthon nglawan marang Pangeran Yehuwah; sapa ta Imam Harun iku, dene kok padha kokgrundeli?”

12Anadene Nabi Musa wus utusan nimbali Datan lan Abiram, para anake Eliab, nanging iku pangucape: “Aku padha emoh mara.

13Apa durung cukup anggonmu nggawa aku kabeh metu saka ing tanah kang luber puwan lan madu, arep kokpateni ana ing pasamunan, dene saiki kok isih bae anggonmu nguwasani marang aku kabeh.

14Satemene aku ora padha kokgawa menyang tanah kang luber puwan lan madu, iya ora padha kokwenehi pategalan utawa pakebonan anggur minangka tanah-pusaka; mangsa bisaa kowe mblithuk wong-wong iku! Aku padha emoh mara!”

15Nabi Musa banget dukane, banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Sesaosanipun mugi sampun Paduka tampeni, kawula boten nate mendhet kuldinipun namunga satunggal kemawon, saha dhateng tiyang-tiyang wau satunggal kemawon, dereng nate kula nandukaken piawon.”

16Nabi Musa banjur ngandika marang Korakh: “Kowe lan sagrombolanmu kabeh sesuk padha sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, iya kowe dalah wong-wong iku sarta Imam Harun.

17Siji-sijine padha nggawaa padupan lan dokokana dupa, nuli kowe padha nyaosna padupanmu dhewe-dhewe marang ngarsane Sang Yehuwah, padupan rong atus seket iji; mangkono uga kowe lan Imam Harun, nggawaa padupanmu dhewe-dhewe!”

18Tumuli iya kelakon, siji-sijine nggawa padupane, diwenehi geni lan didokoki dupa, sarta padha ngadeg ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, mangkono uga Nabi Musa lan Imam Harun.

19Bareng Korakh wus nglumpukake sagrombolane kabeh sarta nglawan panjenengane sakloron ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, cahya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang wong sapasamuwan kabeh.

20Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:

21“Sira padha sumingkira saka ing tengahe golongan iku, nuli bakal padha Suntumpes ing sakedhap netra.”

22Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem sarta matur: “Dhuh Gusti, Allah ingkang mengku rohipun sawarnining tumitah. Tiyang satunggal ingkang damel dosa, punapa inggih Paduka lajeng badhe maringi bebendu dhateng pasamuwan punika sadaya?”

23Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

24“Sira ndhawuhana marang umat iku mangkene: Padha sumingkira saka ing tarube Korakh, Datan lan Abiram.”

25Nabi Musa banjur jumeneng murugi tarube Datan lan Abiram, kadherekake dening para tuwa-tuwane Israel,

26tumuli ngandika marang wong saumat kabeh: “Padha sumingkira saka ing tarube wong iki lan aja nganti nggepok apa-apane kang dadi duweke, supaya kowe aja nganti katut katumpes marga saka dosane!”

27Wong-wong banjur padha sumingkir saka ing saubenge tarube Korakh, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram banjur padha metu ngadeg ana ing lawanging tarube karo somahe, sarta anak-anake gedhe-cilik.

28Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Marga saka lelakon iki kowe bakal padha sumurup, manawa aku diutus dening Sang Yehuwah supaya nindakake prakara iki kabeh, dadi ora saka karepku dhewe,

29manawa wong-wong iku padha mati kaya salumrahe manungsa, lan bakal ngalami kaya kang dialami dening saben wong, dadi aku ora diutus dening Sang Yehuwah.

30Balik manawa Pangeran Yehuwah nganakake lelakon kang durung tau kelakon, yaiku manawa bumi ngengakake cangkeme nguntal wong-wong iku dalah apa bae kang kadarbe, temah urip-uripan anggone kacemplung ing jagade wong mati, dadi kowe bakal ngreti, yen wong-wong iku wus padha nyampahi marang Pangeran Yehuwah.”

31Lagi bae Nabi Musa kendel anggone ngandika mangkono, bumi kang dienciki wong-wong mau bengkah,

32sarta ngangapake cangkeme lan nguntal wong-wong mau dalah brayate, apadene sagrombolane Korakh kabeh lan sabarang darbeke.

33Kaya mangkono wong-wong mau urip-uripan padha kacemplung ing jagade wong mati dalah wong sagrombolane kabeh; banjur kasasaban ing bumi, padha tumpes sirna saka ing satengahing pasamuwan.

34Wong-wong Israel kang ana ing saubenge kabeh padha lumayu ngadoh awit krungu panjerite, awit osiking atine: “Mengko bumi gek padha nguntal kita uga!”

35Karomaneh ana geni metu saka ing Pangeran Yehuwah kang mangsa wong rong atus seket kang padha nyaosake padupan iku mau.

36Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

37“Eleazar anake Imam Harun dhawuhana njupuki padupan saka ing papane geni kang nyalad lan genine kapencarna kang adoh, marga kabeh iku sengkeran,

38padupane wong kang padha dosa kang wus nombokake nyawane; pada kagemblenga kang tipis kagawea mblongsong misbyah, marga wus disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, mulane kabeh iku wus padha dadi sengkeran; sarta padha dadia pratandha tumrap wong Israel.”

39Imam Eleazar tumuli njupuki padupan tembaga sesaosane wong-wong kang wus kobong mau, banjur digembleng kagawe mblongsong misbyah.

40Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.

41Nanging esuke wong Israel saumat kabeh padha pating kedumel mapali marang Nabi Musa lan Imam Harun, ature: “Panjenengan ingkang sami mejahi umatipun Sang Yehuwah.”

42Kacarita bareng umat mau padha mapali nglawan Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha ngadhepake Tarub Pasewakan, lah tarube tumuli katon kalimputan ing mega, sarta cahya kamulyaning Yehuwah ngetingal.

43Nabi Musa lan Imam Harun banjur padha sowan marang ing ngarepe Tarub Pasewakan.

44Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa:

45“Sira padha sumingkira saka ing satengahe umat iki, wong-wong iku bakal padha Suntumpes sakedhap netra.” Karone banjur padha sumungkem sujud.

46Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Padupane jupuken, wenehana geni saka ing misbyah, lan dokokana dupa, umat iku enggal paranana lan nganakna pirukun kanggo wong-wong iku, awitdene bebendune Pangeran Yehuwah wus mulad-mulad, wewelak mau wus wiwit nempuh.”

47Imam Harun banjur mendhet padupan kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, sarta enggal-enggal lumayu menyang ing satengahe para umat, lan wewelake wus katon wiwit nempuh marang wong-wong mau, genine nuli didokoki dupa sarta nganakake pirukun kanggo bangsa iku.

48Bareng Imam Harun jumeneng ana ing antarane wong kang wus mati lan kang isih urip, wewelake leren.

49Anadene cacahe kang mati dening wewelak iku mau ana patbelas ewu pitung atus, iku kajaba kang padha mati awit saka prakarane Korakh.

50Imam Harun tumuli murugi Nabi Musa ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan; wewelake wus sirep.



 <<  Bilangan 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel