Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 33 >> 

Papan-papan palerebane wong Israel ana ing ara-ara samun

1Iki pratelane panggonan-panggonan kang diliwati wong Israel sawuse budhal saka ing tanah Mesir, sagolongan-sagolongan kairid dening Nabi Musa lan Imam Harun.

2Panggonan sing dilereni dipengeti dening Nabi Musa miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, iki pratelane panggonan-panggonan sing dilereni mau.

3Budhale saka Rameses ing sasi kapisan tanggale ping limalas salebare Paskah, wong Israel padha budhal marga dening asta kang kaulukake, ing sapandelenge wong Mesir kabeh,

4nalika samana wong Mesir lagi mbeneri padha ngubur sakehe pembarep kang padha dipateni dening Pangeran Yehuwah ana ing satengahe, marga Sang Yehuwah matrapi paukuman marang para allahe.

5Sawuse wong Israel budhal saka Rameses mau banjur leren ana ing Sukot.

6Nuli mangkat saka Sukot lan leren ana ing Etam, kang kaprenah sapinggire pasamunan.

7Budhal saka Etam tumuli bali menyang ing Pi-Hakhirot, kang kaprenah ana ing penere Baal-Zefon, sarta padha nginep ana ing sawetane Migdol.

8Banjur budhal saka Pi-Hakhirot, padha nyabrang lumaku ana ing tengahe segara ngener marang pasamunan, tumuli lumaku ing pasamunan Etam nganti telung dina, nuli padha leren ana ing Mara.

9Banjur budhal saka Mara lan tekan ing Elim; ing Elim kono ana sendhange rolas lan wit kurma pitung puluh; tumuli padha nginep ana ing kono.

10Saka Elim nuli leren ana ing pinggire sagara Teberau.

11Budhal saka pinggire sagara Teberau, banjur nginep ana ing pasamunan Sin.

12Budhal saka pasamunan Sin, nginep ana ing Dofka.

13Budhal saka Dofka nuli leren ana ing Alus.

14Saka Alus banjur leren ana ing Rafidim, ana ing kono wong-wong padha ora oleh banyu kang diombe.

15Budhal saka Rafidim, tumuli leren ana ing pasamunan Sinai.

16Banjur mangkat saka pasamunan Sinai, lan nginep ana ing Kibrot-Taawa.

17Budhal saka Kibrot-Taawa banjur padha adeg tarub ana ing Hazerot.

18Budhal saka Hazerot lan leren ana ing Ritma.

19Budhal saka Ritma banjur nginep ana ing Rimon-Peres.

20Nuli budhal saka Rimon-Peres lan leren ana ing Libna.

21Banjur budhal saka Libna lan leren ana ing Risa.

22Tumuli mangkat saka Risa lan nginep ana ing Kehelata.

23Banjur budhal saka Kehelata lan leren ana ing Har-Syafer.

24Nuli budhal saka Har-Syafer lan adeg tarub ana ing Harada.

25Tumuli budhal saka Harada lan nginep ana ing Makhelot.

26Banjur mangkat saka Makhelot lan leren ana ing Tahat.

27Tumuli budhal saka Tahat, lan adeg tarub ana ing Tarah.

28Nuli mangkat saka Tarah lan nginep ana ing Mitka.

29Banjur budhal saka Mitka lan leren ana ing Hasmona.

30Tumuli budhal saka Hasmona lan leren ana ing Moserot.

31Nuli budhal saka Moserot lan adeg tarub ana ing Bene-Yaakan.

32Banjur mangkat saka Bene-Yaakan lan nginep ana ing Hor-Gidgad.

33Tumuli budhal saka Hor-Gidgad lan adeg tarub ana ing Yotbata.

34Nuli mangkat saka Yotbata lan leren ana ing Abrona.

35Banjur budhal saka Abrona lan nginep ana ing Ezion-Geber.

36Tumuli mangkat saka Ezion-Geber lan adeg tarub ana ing pasamunan Zin, yaiku Kadesy.

37Nuli budhal saka Kadesy lan nginep ana ing gunung Hor, ing tapel-watese tanah Edom.

38Nalika iku Imam Harun minggah ing gunung Hor awit saka dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur seda ana ing kono, ing taun kaping patang puluh kaetung saka budhale wong Israel saka ing tanah Mesir, ing sasi kalima, ing tanggal sapisan.

39Nalika seda ana ing gunung Hor iku yuswane Imam Harun satus telulikur taun.

40Ing nalika iku raja ing Arad kang kalebu bangsa Kanaan, kang akedhaton ana ing tanah Negeb, mireng warta bab tekane wong Israel.

41Sawuse mangkono Banisrael banjur budhal saka ing gunung Hor, tumuli leren ana ing Zalmona.

42Tumuli budhal saka Zalmona lan nginep ana ing Funon.

43Banjur budhal saka Funon lan leren ana ing Obot.

44Nuli mangkat saka Obot lan adeg tarub ana ing sacedhake jugrugan ing Abarim ing laladan tanah Moab.

45Nuli budhal saka ing gempuran iku lan nginep ana ing Dibon-Gad.

46Tumuli mangkat saka Dibon-Gad lan adeg tarub ana ing Almon-Diblataim.

47Banjur budhal saka Almon-Diblataim lan leren ana ing pagunungan Abarim, ing sangarepe gunung Nebo.

48Nuli mangkat saka pagunungan Abarim lan nginep ana ing tanah ngare ing Moab, ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.

49Anggone padha nginep ana ing sapinggire bengawan Yarden wiwit saka Bet-Yesimot tumeka ing Abel-Sitim ing tanah ngare ing Moab mau.

Apa sing kudu padha ditindakake sawuse tanah Kanaan kena karebut

50Nalika ana ing tanah ngare ing Moab ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho mau, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

51“Sira kandhaa marang wong Israel sarta tutura mangkene: Samangsa sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden sarta lumebu ing tanah Kanaan,

52wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.

53Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.

54Anadene anggonira mbage-mbage tanah iku kang banjur dadi tanah pusakanira iku nganggoa kaundhi, miturut golonganira: golongan kang gedhe, iku kapandumana akeh, lan kang cilik iku pandumane iya sathithik, miturut undhiane; pangedume miturut talering para leluhurira.

55Nanging manawa sira padha ora nundhungi wong bumi ing tanah iku saka ing ngarepira, masthi sapira panunggalane kang kari iku bakal padha dadi klilip ana ing mripatira, kaya eri kang nancep ing awakira, sarta bakal padha gawe susahira ana ing tanah kang sira enggoni iku.

56Ingsun bakal nandukake marang sira, apa kang dadi rancanganingSun kang arep Suntandukake marang para bangsa iku.”



 <<  Bilangan 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel