Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 4 >> 

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:

2“Sira padha nacahna para bani Kehat lan sira dhewekna saka ing antarane para bani Lewi, miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane.

3Kacacahna kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

4Kang dadi bubuhane bani Kehat ana ing Tarub Pasewakan, yaiku: ngurus barang-barang kang suci pinunjul.

5Samangsa budhal saka palereban, Harun lan para anake tumuli padha lumebua perlu ngudhunake payone, banjur kagawea nutupi pethi angger-angger,

6ing dhuwure dilarabana lulang dhuyung, ing dhuwure maneh kajerengana jarit kang wungu tuwa, sarta banjur kaetrapana pikulaning pethi mau.

7Ing sadhuwure meja sesaosan kataplakana jarit wungu tuwa, tumuli ditatanana panjang, piring apadene tuwung lan kendhining kurban pangecuran dalah rotine sesaosan iya kudu ajeg ana ing kono.

8Iku banjur kalurubana jarit jingga, banjur ditutupana lulang dhuyung, sawuse mangkono kaetrapana pikulane.

9Karomaneh padha njupuka jarit wungu tuwa kagawea nutupi padamaran dalah damare, sapit-sapite lan tadhah-tadhahe langes, apadene sakehe wadhah lenga kang kanggo kaperluaning padamaran iku.

10Padamaran sapirantine kabeh mau tumuli katumpangana ing lulang dhuyung, sarta kaselehna ing amben-ambenane kang kanggo ngusung.

11Misbyahe mas dilurubana jarit wungu tuwa, dikrukubana lulang dhuyung, sarta dietrapana ing pikulaning misbyah iku.

12Karomaneh padha njupuka sakehing piranti kang kanggo leladen pangibadah ing pasucen, padha kadekekna ing jarit wungu tuwa, kalarabana lulang dhuyung, banjur kaselehna ing amben-ambenan.

13Awu ing misbyah karesikana, tumuli kalarabana jarit wungu nom,

14ing sadhuwure katumpangna sakehe piranti kang kanggo ing gawe, yaiku: anglo, porok, sarta sorok, bokor panyiraman apadene sakehe pirantining misbyah, banjur dilarabana lulang dhuyung, sawuse iku kaetrapana ing pikulaning misbyah.

15Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.

16Anadene Eleazar anake Imam Harun, bubuhane ngreksa lengane padamaran, dupa wangen-wangen, kurban dhaharan ajegan sarta lenga jebad; uga kuwajiban ngreksa Tarub Suci lan saisine kabeh, yaiku barang-barang kang suci lan sapirantine kabeh.”

17Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe:

18“Kula-wangsane lan gotrah-gotrahe para bani Kehat iku poma aja nganti cures saka ing satengahe wong Lewi.

19Supaya padha lestari urip lan ora nganti nemahi pati samangsa maju nyedhaki barang-barang kang suci pinunjul, sira padha nindakna mangkene; kanggo wong-wong mau: Harun lan anak-anake padha lumebua lan mrenahna wong bani Kehat mau, cedhak karo barang-barang kang kudu diusung.

20Nanging aja ana wong Kehat kang lumebu arep ndeleng barang-barang suci iku sanadyan munga sakedhap netra, supaya aja nganti nemahi pati.”

21Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

22“Para bani Gerson iya uga kacacahna miturut kula-wangsane lan para gotrahe,

23kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, kaetunga, iya saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

24Kang dadi bubuhane bani Gerson anggone leladi lan ngusung barang-barang iku mangkene:

25Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.

27Bubuhane para bani Gerson, anggone ngusungi barang-barang lan anggone ngladeni, kabeh iku katindakna miturut kang dadi prentahe Harun lan para anake; padha sira tuduhana apa kang dadi tanggung-jawabe tumrap sadhengah kang diusung iku.

28Iku mau kang dadi bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan, sarta anggone padha nyambutgawe iku kapimpina dening Itamar anake Imam Harun.

29Para wong Merari kacacahna miturut gotrahe lan kula-wangsane,

30kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, iku kaetunga, yaiku saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

31Kang dadi bubuhane kang magepokan karo sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan: ngusungi blabag-blabag Tarub Suci, palang-palange, cagak-cagake, ompake,

32cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.

33Iku mau bubuhane gotrah-gotrahe para bani Merari, yaiku sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan, kang dadi pemimpine Itamar anake Imam Harun.”

34Kaya mangkono Nabi Musa lan Rama Harun dalah para pemimpine umat Israel anggone padha nacahake para bani Kehat miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,

35yaiku wong-wong kang umure telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

36Gunggunge kang kacacahake iku miturut gotrahe ana rong ewu pitung atus seket.

37Samono cacahe wong bani Kehat, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.

38Para bani Gerson iku anggone kacacahake miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,

39yaiku para wong kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

40Dadi kang kacacahake miturut gotrahe lan kula-wangsane, gunggunge rong ewu nem atus telung puluh.

41Samono iku gunggunge cacahe gotrah-gotrahe para bani Gerson, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Sang Yehuwah.

42Para bani Merari iku anggone kacacahake miturut gotrah-gotrahe lan kula-wangsane,

43kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan,

44dadi kang kacacahake miturut gotrahe, gunggunge telung ewu rong atus.

45Samono cacahe gotrah-gotrahe para bani Merari, kang padha kacathetan dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

46Sakehe wong Lewi kang kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun kanthi para pemimpine Israel miturut gotrah-gotrahe lan kula-wangsane,

47kang umur telung puluh taun tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan, sarta ngusung barang-barang;

48dadi kang kacathetan, gunggunge wolung ewu limang atus wolung puluh.

49Anggone nacahake iku marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa, sawiji-wijine padha diparingi tanggung-jawab tumrap apa kang kudu dilakoni lan kang diangkuti. Kaya mangkono anggone kacacahake, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.



 <<  Bilangan 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel