Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 6 >> 

1(6-2) Sang Prabu Dharius banjur misudha wakil-raja satus rong puluh, kang bakal kapapanake ing saindenging karajan;

2(6-3) iku dipanggedheni dening priyagung tetelu, Sang Dhaniel kagolong tetelu iku. Para wakil-raja mau kudu padha ngaturake tanggung-jawab marang katelune iku, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.

3(6-4) Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil-raja, marga kadunungan roh kang pininjul, Sang Prabu kagungan karsa arep misudha dadi tetindhihing wewengkon karajan kabeh.

4(6-5) Bareng mangkono para priyagung lan para wakil-raja padha ngupaya dhadhakan bisane nggugat Sang Dhaniel ing bab paprentahan, nanging ora padha bisa nemu dhadhakan apa bae utawa sawijining kaluputan, sabab saka anggone setya lan ora tau sembrana utawa tumindak luput.

5(6-6) Wasana banjur padha rerembagan: “Kita boten badhe saged angsal dhadhakan kangge nggigat Dhaniel punika, kajawi ing bab anggenipun ngabekti dhateng Allahipun!”

6(6-7) Para priyagung lan para wakil-raja banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu tuwin munjuk mangkene: Dhuh Sang Prabu Dharius, mugi langgenga kasugengan dalem.

7(6-8) Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.

8(6-9) Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi karsaa ngundhangaken awisan punika saha karsaa damel serat prentah ingkang boten saged kaewahan manut undhang-undhangipun bangsa Medhia lan Persia, ingkang boten saged kaceled malih.”

9(6-10) Awit saka iku Sang Prabu Dharius banjur damel layang prentah larangan iku.

10(6-11) Bareng Sang Dhaniel mireng, manawa prentah iku wus kadamel, banjur kondur menyang ing daleme. Ing panggunging daleme ana cendhelane menga madhep ing keblate kutha Yerusalem; sadina ping telu anggone sujud jengkeng, ndedonga lan memuji marang Allahe, kayadene adat kang ditindakake.

11(6-12) Para priyayi mau banjur padha enggal-enggal lumebet temah Sang Dhaniel pinanggih lagi ndedonga lan nyenyuwun marang Allahe.

12(6-13) Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.”

13(6-14) Para priyayi mau banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhaniel, salah satunggaling tiyang boyongan saking Yehuda, punika boten maelu dhateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, tuwin boten mreduli dhateng awisan ingkang kaundhangaken dening gusti kawula, awitdene ndedonga sadinten kaping tiga.”

14(6-15) Bareng Sang Prabu midhanget bab iku, banget sungkawane sarta nuli ngudi supaya bisaa ngluwari Sang Dhaniel, malah nganti srengenge surup isih mbudi-daya bisane paring pitulungan.

15(6-16) Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan!”

16(6-17) Bareng mangkono Sang Prabu nuli paring dhawuh nyepeng Sang Dhaniel, sarta banjur kacemplungake ing luwenging singa. Sang Prabu ngandika marang sang Dhaniel: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira!”

17(6-18) Banjur ana watu kang kagawa mrono kanggo nutupi cangkeming luweng, nuli kasegel dening Sang Prabu kalawan ageme sesupepanyegelan lan kalawan sesupe-panyegelane para panggedhe, abdine, supaya bab Sang Dhaniel iku ora ana owah-owahan apa-apa.

18(6-19) Sang Prabu tumuli kondur angadhaton lan sawengi iku panjenengane siyam sarta ora mbetahake panglipur apadene ora saged sare.

19(6-20) Bareng bangun esuk wayah bangbang wetan Sang Prabu wungu lan banjur enggal-enggal rawuh ing luwenging singa;

20(6-21) bareng ana sacelake luweng, nuli nguwuh marang Sang Dhaniel kalawan swara sungkawa, mangkene pangandikane marang Sang Dhaniel: “Dhaniel, abdining Allah kang gesang, Allahira kang sira sembah kalawan tumemen, apa Panjenengane saged ngluwari sira saka ing singa-singa iku?”

21(6-22) Unjuk wangsulane Sang Dhaniel marang Sang Prabu: “Dhuh Sang Prabu, langgenga kasugengan dalem!

22(6-23) Alah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.”

23(6-24) Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.

24(6-25) Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.

25(6-26) Sawise mangkono Sang Prabu Dhaniel tumuli kintun serat marang wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh, ijemane: “Tentrem rahayunira muga saya wuwuha!

26(6-27) Abareng iki ingsun paring dhawuh, wong-wong ing saindenging karajan kang ingsun kuwaosi, kudu wedi kalawan gumeter marang Allahe Dhaniel, amarga Panjenengane iku Allah kang gesang langgeng ing salawase; paprentahane ora bakal sirna lan pangwaose ora bakal ana uwise.

27(6-28) Panjenengane paring pangluwaran lan pitulungan, sarta nganakake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat ana ing langit apadene ing bumi; Panjenengane wus nguwalake Dhaniel saka ing cangkeme singa.”

28(6-29) Anadene Sang Dhaniel mau kagungan kalenggahan dhuwur ing jaman paprentahane Sang Prabu Dharius lan ing jaman paprentahane Sang Prabu Koresy, trah Persia.



 <<  Daniel 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel