Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 10 >> 

1Nalika Imam Ezra ndedonga lan ngakoni lepat klawan muwun lan nggloso ana ing ngarepane padalemaning Allah, ana golongane wong Israel kang luwih dening akeh cacahe kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, wong lanang lan wong wadon, dalah bocah-bocah sarta padha nangis kalawan sora.

2Nuli Sekhanya bin Yehiel, panunggalane bani Elam, matur marang Imam Ezra: “Kawula sampun sami nglampahi pandamel ingkang boten setya dhumateng Gusti Allah kawula, margi kawula sami sesemahan kaliyan tiyang estri sanes bangsa ing tanah ngriki. Ewasamanten ing samangke inggih taksih wonten pangajeng-ajeng tumrap Israel.

3Ingkang punika sumangga samangke sami ngawontenaken prajanjian kaliyan Gusti allah kita, manawi badhe ngesahaken tiyang estri punika sadaya dalah anak-anakipun ingkang kalairaken, miturut pitedah panjenengan saha para tiyang ingkang gumeter ajrih dhateng pepakening Allah kita, saha lajeng sami tumindaka miturut ing angger-anggering Toret.

4Sumangga kula aturi jumeneng, amargi prakawis punika dados kuwajiban panjenengan. Kula sami badhe mbiyantu panjenengan. Mugi karsaa ngiyataken panggalih panjenengan saha lajeng karsaa tumindak!”

5Imam Ezra banjur jumeneng sarta mundhut sumpahe para pangarepe imam, para wong Lewi, lan wong Israel sabangsa kabeh, yen bakal padha nglakoni miturut ing tembung iku mau; banjur iya padha sumpah.

6Sawuse iku Imam Ezra jumeneg mundur saka ing ngarepane padalemane Gusti Allah, tumuli lumebet ing kamare Yohanan bin Elyasib, sarta nyare ana ing kono, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu, amarga isih prihatos jalaran saka panggawene para wong buwangan kang ora setya mau.

7Ing kono banjur ana pengumuman kang kagiyarake ing sawatara tanah Yehuda lan Yerusalem, marang sakehe wong kang mentas saka ing pambuwangan, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem.

8Sapa kang ora mara sajroning telung dina, manut kaputusane para panggedhe lan para tetuwa, sabarang darbeke bakal karampas lan awake dhewe kapisahake saka ing patunggalane para wong kang bali saka ing pambuwangan.

9Para wong lanang ing tanah Yehuda lan Benyamin tumuli padha nglumpuk kabeh ana ing Yerusalem sajroning telung dina iku, yaiku pinuju ing sasi kasanga tanggal ping rong puluh. Rakyat kabeh padha lungguh ana ing platarane padalemaning Allah, padha ndhredheg marga saka prakara mau lan marga saka udan deres.

10Imam Ezra banjur jumeneng lan ngandika marang wong kabeh iku: “Kowe wus padha nglakoni panggawe kang ora setya, marga padha omah-omah karo wong wadon bangsa liya, lan marga saka iku kowe padha muwuhi kaluputane wong Israel.

11Nanging saiki padha nalangsaa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure lan padha nglakonana kang dadi keparenging karsane, padha pisaha karo wong-wong ing tanah iki lan karo wong wadon bangsa liya iku.”

12Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha mangsuli atur klawan swara kang sora: “Lah sampun dados kuwajiban kula sami nglampahi kados ingkang panjenengan pangandikakaken punika.

13Nanging tiyang-tiyang punika kathah sanget cacahipun tur sapunika saweg mangsanipun jawah, temah tiyang sami boten betah ngadeg wonten ing jawi. Punapa malih padamelan punika boten saged rampung salebetipun sadinten kalih dinten, amargi ing bab punika kula sampun sami nglampahi panerak kathah.

14Kajengipun para pangageng kula kemawon ingkang sami makili sapasamuwan sadaya, dene sakathahipun tiyang ing kitha-kitha ingkang ngrabeni tiyang sanes bangsa punika kajengipun sami kasowanaken ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken, kairid dening para sesepuhipun satunggal-tunggaling kitha saha para hakimipun, ngantos mulad-mulading bebendunipun Allah, margi saking prakawis punika, katebihaken saking kula.”

15Mung Yonatan bin Asael, Yahzeya bin Tikwa, kang padha ngadeg mbantah rembug kang mangkono iku, kabiyantu dening Mesulam lan Sabetai, wong Lewi.

16Nanging para wong kang bali saka ing pambuwangan iku padha nglakoni mangkono. Imam Ezra banjur miji wong sawatara, yaiku para pangarepe kulawangsa, siji-sijine kanggo kulawangsane, kabeh pada kasebutake jenenge. Iku nalika sasi kasepuluh tanggal sapisan banjur padha marepat mriksa prakara iku.

17Lan anggone padha ngrampungake pamriksane marang sakehing wong kang wus padha ngalap rabi wong liyan bangsa iku nalika sasi kapisan tanggal kapisan.

18Panunggalane turune para imam kang tinemu ngrabeni wong wadon bangsa liyan iku panunggalane bani Yesua bin Yozadak lan para sadulure: Maaseya, Eliezer, Yarib lan Gedalya.

19Kanthi jawatan tangan wong-wong mau padha prajanji arep nglungakake bojone. Padha ngaturake wedhus gembel lanang siji saka ing pepanthaning kewane minangka kurban panebusing dosa marga saka kaluputane.

20Saka bani Imer: Hanani lan Zebaja;

21saka bani Harim: Maaseya, Elia, Semaya, Yehiel lan Uzia;

22saka bani Pasyhur: Elyoenai, Maaseya, Ismael, Nataneel, Yozabad lan Elasa.

23Saka wong bani Lewi: Yozabad, Simei, Kelaya (yaiku Kelita), Petahya, Yahuda lan Eliezer.

24Saka para pasindhen: Elyasib. Saka golongane para jaga-gapura: Salum, Telem lan Uri.

25Saka para wong Israel liyane: saka bani Paros: Ramya, Yezia, Malkia, Miyamin, Eleazar, Malkia lan Benaya.

26Saka bani Elam: Matanya, Zakharia, Yehiel, Abdi, Yeremot lan Elia.

27Saka bani Zatu: Elyoenai, Eyasib, Matanya, Yeremot, Zabad lan Aziza.

28Saka bani Bebai: Yohanan, Hananya, Zabai lan Altai.

29Saka bani Bani: Mesulam, Malukh, Adaya, Yasub, Seal lan Yeremot.

30Saka bani Pahat-Moab: Adna lan Khelal, Benaya, Maaseya, Matania, Bezaleel, Binui lan Manasye.

31Saka bani Harim: Eliezer, Yisia, Malkia, Semaya, Simeon,

32Benyamin, Malukh lan Semarya.

33Saka bani Hasum: Matnai, Matata, Zabad, Elifelet, Yeremai, Manasye lan Simei.

34Saka bani Bani: Maadai, Amram, Uel,

35Benaya, Bedeya, Kheluhu,

36Wanya, Meremot, Elyasib,

37Matanya, Matnai lan Yaasai.

38Saka bani Binui: Simei,

39Selemya, Natan, Adaya,

40Makhnadbai, Sasai, Sarai,

41Azareel, Selemya, Semarya,

42Salum, Amarya lan Yusuf.

43Saka bani Nebo: Yeiel, Matica, Zabad, Zebina, Yadai, Yoel lan Benaya.

44Iku kabeh wus padha sesomahan karo wong wadon liyan bangsa; rabine iku padha ditundhung saanak-anake.



 <<  Ezra 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel