Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 8 >> 

1Iki daftare para panggedhening kulawangsa lan sarasilahe kang padha bebarengan budhal karo aku saka ing tanah Babil, nalika jaman paprentahane Sang Prabu Artahsasta:

2saka turune Pinehas: Gersom; saka turune Itamar: Dhaniel; saka bani Dawud: Hatus;

3bin Sekhanya; saka bani Paros: Zakharia, lan kanthine wong lanang kang padha kapacak ana ing sarasilah wong satus seket;

4saka bani Pahat-Moab: Elyoenai bin Zerahya, lan kanthine wong lanang rong atus;

5saka bani Zatu: Sekhanya bin Yahaziel, lan kanthine wong lanang telung atus;

6saka bani Adin: Ebed bin Yonatan lan kanthine wong lanang seket;

7saka bani Elam: Yesaya bin Atalya, lan kanthine wong lanang pitung puluh;

8saka bani Sefaca: Zebaja bin Mikhael lan kanthine wong lanang wolung puluh;

9saka bani Yoab: Obaja bin Yehiel lan kanthine wong lanang rong atus wolulas;

10saka bani Bani: Selomit bin Yosifya lan kanthine wong lanang satus sawidak;

11saka bani Bebai: Zakharia bin Bebai lan kanthine wong lanang wolulikur;

12lan saka bani Azgad: Yohanan bin Hakatan lan kanthine wong lanang satus sepuluh;

13saka bani Adonikam, kang laire keri yaiku kang jenenge: Elifelet, Yehiel, lan Semaya, karo kanthine wong lanang sewidak;

14apadene saka bani Bigwai, Utai lan Zabud, karo kanthine wong lanang pitung puluh.

15Wong mau padha dakklumpukake ana ing pinggire kali kang mili anjog ing Ahawa, aku banjur padha lereb ana ing kono telung dina. Bareng daktiti-priksa, tinemu ana wonge Israel lumrah lan imam-imam, nanging ora ana wong-wonge bani Lewi.

16Mulane aku tumuli kongkonan Eliezer, Ariel, Semaya, Elnatan, Yarib, Elnatan, Natan, Zakharia, lan Mesulam, kabeh iku panggedhe, apadene Yoyarib lan Elnatan, iku guru-guru,

17iku padha dakweling supaya nemoni Idho, kepala dhaerah ing kutha Kasifya. Cangkeme padha dakiseni pitembungan tumuju marang Idho lan para sadulure, para abdi ing padalemane Gusti Allah ing kutha Kasifya kono supaya nggolekna wong kang padha nglakoni ayahan ana ing padalemane Allah kita.

18Sarehne astane Gusti Allah kang sipat mirah ngayomi aku kabeh, aku banjur padha dikirimi wong kang wasis-wasis saka bani Mahli bin Lewi, bin Israel, yaiku Serebya saanak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong wolulas,

19apadene Hasabya lan Yesaya saka bani Merari, karo para sadulure lan anak-anake, gunggung wong rong puluh;

20sarta maneh panunggalane para abdi ing padalemaning Allah, kang wus padha kaparingake dening Sang Prabu Dawud lan para panggedhe kang padha katetepake ngladeni marang wong-wong Lewi, kehe rong atus rong puluh, kabeh padha kadhaftar jenenge.

21Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.

22Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”

23Dadine aku banjur padha puwasa sarta padha ngunjukake bab iku marang Gusti Allah lan Gusti Allah uga nyembadani panyuwunku.

24Aku tumuli miji pangareping imam rolas, yaiku: Serebya lan Hasabya karo para sadulure wong sepuluh.

25Aku banjur nimbangake selaka lan mas apadene piranti-piranti, yaiku pisungsung-pisungsung mligi kanggo padalemane Gusti Allah kita, yaiku pisungsunge Sang Prabu, para juru-pirembage lan para panggedhe apadene sakehe para wong Israel kang ana ing kana.

26Aku uga nimbang kang banjur dakpasrahake marang ing tangane: selaka nem atus seket talenta, lan piranti selaka pengaji satus talenta, emas satus talenta,

27tuwung emas rong puluh kang pengaji sewu dirham, apadene piranti tembaga murni kang gumilap lan endah kaya mas rong iji.

28Sarta aku banjur kandha marang wong-wong mau: “Kowe iku padha wong sengkeran sumaos marang Sang Yehuwah lan piranti-piranti iki uga padha dadi sengkeran suci, sarta selaka lan mase iki dadi pisungsung manasuka konjuk marang Sang Yehuwah Gusti Allahe para leluhurmu;

29iku rawatana lan reksanen, nganti tumeka wektune katimbang, ana ing sangarepe para pangareping imam lan para wong Lewi tuwin para panggedhening kulawangsane wong Israel ing Yerusalem, ing gedhong-gedhong padalemane Sang Yehuwah.”

30Para imam lan para wong Lewi iku banjur padha nampani selaka lan mas tuwin piranti-piranti kang wus katimbang iku, bakal digawa menyang ing Yerusalem, menyang ing padalemane Gusti Allah kita.

Teka ing Yerusalem

31Sawuse mangkono aku tumuli padha budhalan saka ing pinggire kali Ahawa menyang Yerusalem, yaiku nalika sasi kapisan tanggal ping rolas, ngener Yerusalem, lan astane Gusti Allah kita ngayomi marang kita, sarta ngedohake kita saka ing tangane mungsuh lan begal.

32Wusana lakuku wus tekan ing Yerusalem, aku banjur padha leren telung dina.

33Ing dina kaping pate selaka lan mas tuwin piranti-piranti mau nuli padha katimbangan ana ing padalemaning Allah kita kaseksenan dening Imam Meremot bin Uriya, kalawan diamping-ampingi Imam Eleazar bin Pinehas lan kabiyantu dening wong Lewi, yaiku Yozabad bin Yesua lan Noaja, bin Binui.

34Kabeh mau padha diwilang lan ditimbang maneh lan gunggunging bobote dibukoni.

35Ing wektu iku uga wong kang wus padha bali saka ing tawanan, yaiku kang wus padha bali saka ing pambuwangan mau banjur padha nyaosake kurban obaran marang Gusti Allahe Israel arupa sapi lanang rolas kanggo wong Israel sabangsa kabeh, wedhus gembel lanang sangang puluh nenem, cempe wedhus gembel pitung puluh pitu, lan wedhus berok lanang rolas kanggo kurban pangruwating dosa, kabeh padha kanggo kurban obaran katur marang Sang Yehuwah.

36Karodene padha nyaosake layang dhawuhe Sang Prabu marang para wakile Sang Prabu lan para bupati ing dhaerah sabrange kulon bengawan Efrat, lan para priyagung mau padha paring sumbangan marang bangsa kita lan marang padalemane Gusti Allah.



 <<  Ezra 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel