Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 16 >> 

Hakim Simson ana ing Gaza

1Nuju ing sawijining dina Sang Simson tindak menyang ing Gaza; nalika ana ing kono mirsani sawenehing wong wadon tuna-susila, nuli dipurugi.

2Bareng wong ing Gaza kono padha dikandhani: “Simson ana ing kene,” tumuli padha ngepung lan nyegati ana ing gapuraning kutha sawengi muput, nanging ora tumindak apa-apa, marga gagasane: “Mengko yen wus wayah bangun esuk, dheweke bakal dakpateni.”

3Nanging Sang Simson sare ana ing kono nganti tengah wengi. Bareng wayah tengah wengi banjur wungu, lawang gapura lan cagake kutha dicandhak lan dibedhol saslarake, banjur dipanggul lan dibekta munggah ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Hebron.

Sang Simson lan Dhelila

4Sawuse mangkono Sang Simson kasmaran karo sawijining wong wadon ana ing lebak Sorek, jenenge Dhelila.

5Para panggedhening wong Filisti tumuli manggihi Dhelila lan ngandika mangkene: “Coba glembuken nganti bisa koksumurupi apa kang marakake karosane linuwih iku lan kapriye anggonku bisa ngesorake lan mbanda dheweke, supaya kenaa daktelukake. Aku iki siji-sijine bakal ngwenehi opah kowe sewu satus dhuwit selaka.”

6Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Bok inggih kula panjenengan blakani ta punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika, saha punapa ingkang kadamel mbesta panjenengan temahan ngantos kenging katelukaken?”

7Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku kabanda karo tali gandhewa pitung iji, kang isih anyar tur durung garing, mesthi aku dadi apes lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

8Para panggedhene wong Filisti tumuli ngasta tali gendhewa kang isih anyar tur durung garing lan Sang Simson banjur dibesta dening Dhelila klawan tali mau,

9lan ing kamar kono ana wong kang samekta. Wong wadon mau banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson medhot taline kaya lawe rami kang pedhot, awit kobong kena geni, temah nganti ora kaweruhan dununging karosane.

10Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Kula punika panjenengan damel gegujengan saestu, kula panjenengan apusi. Lah sapunika kula panjenengan blakani ta punapa ingkang kenging kangge mbesta panjenengan?”

11Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku dibanda kalawan dhadhung anyar kang durung tau kanggo apa bae, aku mesthi dadi apes, lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

12Dhelila tumuli njupuk dhadhung anyar digawe mbesta Sang Simson lan banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” -- ing kamar ana wong kang samekta -- nanging dhadhunge padha dipedhot kaya lawe bae kang udhar saka ing astane.

13Dhelila tumuli matur marang Sang Simson: “Ngantos dumugi sapunika panjenengan punika damel gegujengan dhateng kula, panjenengan apusi kemawon. Bok inggih kula panjenengan blakani ta ingkang kenging kangge mbesta panjenengan punika punapa?” Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa klabangane rambutku pitu iku padha kokubetake oleh lungsening tenunan lan koksantosani nganggo pantek, mesthi aku dadi apes lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

14Remane Sang Simson nuli diubetake karo panteke, banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson banjur wungu saka anggone sare sarta nyendhal panteke dalah lungsening tenunane.

15Ature Dhelila marang Sang Simson: “Kadospundi ta dene panjenengan kok ngandika: Aku tresna marang kowe, nanging nyatanipun panjenengan boten rumaket dhateng kula? Sapunika sampun kaping tiga kula panjenengan damel gegujengan, boten panjenengan blakani punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika.”

16Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.

17Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

18Bareng Dhelila ngreti, yen Sang Simson wus nglairake isining panggalihe kabeh marang dheweke, banjur kongkonan ngaturi para panggedhening wong Filisti, kanthi matur mangkene: “Sapisan punika sumangga panjenengan sami kula aturi rawuh, amargi Simson sampun nglairaken isining manahipun sadaya dhateng kula.” Para panggedhening wong Filisti tumuli ngrawuhi Dhelila klawan ngasta dhuwite.

19Dhelila banjur ngarih-arih Simson sare ana ing pangkone sarta nuli nekakake wong kang dikon marasi remane klabangan pitu pisan, temah Sang Simson banjur wiwit kena kawasesa dening wong wadon mau, amarga wus koncatan ing karosane.

20Dhelila tumuli nguwuh-uwuh: “Kangmas Simson, tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan!” Sang Simson wungu saka anggone sare banjur ngandika: “Aku iki bakal bisa uwal maneh kaya sing uwis-uwis lan bakal mbedhal.” Nanging ora rumaos, yen wus katilar dening Sang Yehuwah.

21Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.

22Nanging remane, sawuse kaparas, nuli wiwit thukul maneh.

Sang Simson seda

23Sawuse iku para panggedhene wong Filisti padha nglempak arep nyajekake kurban sembelehan gedhe marang Dagon, allahe sarta sukan-sukan, pangandikane: “Allah kita wis ngulungake mungsuh kita Simson marang ing tangan kita.”

24Sarta maneh bareng wong akeh ndeleng Simson, banjur padha memuji marang allahe, klawan padha ngucap: “Mungsuh kita kang ngrusak tanah kita, lan gawe patine kanca akeh wis diulungake dening allah kita marang ing tangan kita.”

25Nalika lagi padha seneng-seneng mangkono iku, banjur padha celathu: “Si Simson undangen, cikben gawe seneng kita!” Sang Simson banjur diwedalake saka ing pakunjaran, lan digawe geguyon ana ing ngarepe wong-wong mau, nuli diaturi jumeneng ana ing antarane saka-saka.

26Sang Simson tumuli ngandika marang bocah kang nuntun astane: “Aku eculna sedhela, kareben aku ngemek-ngemek saka-saka guruning omah iki, supaya aku bisa sendhenan!”

27Anadene gedhung iku kebak wong lanang lan wadon, dalah sakehing panggedhene wong Filisti uga ana ing kono, sarta ing payon ana wonge lanang lan wadon watara telung ewu, padha nonton anggone Simson kagawe geguyon.

28Sang Simson banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti kawula, saha kawula mugi Paduka kiyataken namung sepisan punika kemawon, dhuh Gusti Allah, supados kawula sageda nandukaken piwales dhateng tiyang Filisti, jalaran saking icalipun mripat kawula kalih punika.”

29Sang Simson tumuli ngrangkul saka-guru loro kang ana ing tengah dhewe kang kanggo nyangga omah iku, kang siji karo astane tengen lan sijine karo astane kiwa.

30Pangandikane Sang Simson: “Pecata nyawaku bareng karo wong Filisti iki!” Banjur tumelung klawan ngetog karosane, temahan omahe ambruk ngebruki para panggedhe lan sakehe wong kang ana ing jerone. Olehe pepati nalika sedane iku kehe ngungkuli kang pinatenan nalika isih sugeng.

31Sawuse iku para sadhereke lan sakehing kulawargane kang rama tumuli padha teka ngukup layone, kasambut saka ing kono lan kasarekake ana ing pasareane kang rama Manoakh, ing antarane Zora lan Esytaol. Anggone ngakimi bangsa Israel iku lawase rong puluh taun.



 <<  Hakim-hakim 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel