Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 13 >> 

Bebendune Pangeran Yehuwah bakal tumempuh marang Efraim

1Samangsa Efraim celathu, wong-wong padha gumeter; diajeni banget ana ing satengahe Israel, nanging banjur kaluputan marga nyembah Baal, temahan mati.

2Tekan saiki padha terus bae anggone gawe dosa, sarta gawe reca cor-coran salaka, iya gawe brahala-brahala manut kapinterane; kabeh iku gaweane para tukang. Wong-wong padha dicelathoni: Padha saosa kurban! Manungsa kareben ngabekti marang pedhet-pedhet!

3Mulane bakal padha kaya pedhut ing wayah esuk utawa kayadene ebun kang esuk umun-umun ilang, lan kaya mrambut kang kabur ing angin saka ing panuton. Iya kaya kukus kang metu saka ing cendhela.

4Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira, wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir; sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun, iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.

5Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan, tanah kang banget panase.

6Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg, bareng wus wareg, nuli kumalungkung, temahan padha lali marang Ingsun.

7Mulane Ingsun dadi kayadene singa tumrap wong-wong iku, lan kaya macan tutul, Ingsun ndhedhep ana ing pinggir dalan.

8Ingsun ngrawuhi wong-wong iku kaya bruwang wadon kang kelangan anak, Sunsuwek-suwek dhadhane. Sunmangsa ana ing kono, kaya singa, banjur bakal kaowol-owol dening sato galak ing ara-ara.

9He Israel, Ingsun bakal nyirnakake sira, sapa kang bisa mitulungi sira?

10Ratumu ana ngendi ta, kang banjur mitulungi sira, lan para pangarepira kang nuli menehi kaadilan marang sira, heh, sira kang ngucap: “Kula mugi kaparingana ratu kaliyan pangageng-pangageng?”

11Sira Sunparingi ratu sajroning bebenduningSun, sarta kang Sunpundhut sajroning bramatyaningSun.

12Durakane Efraim kabuntel, dosane disimpen.

13Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair, nanging dheweke iku anak kang tanpa budi, awit anggone obah ora ngetrepi wektune, bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.

14Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan.

15Sanadyan dheweke thukul subur ana ing satengahe suket-suket, ewasamono bakal katrajang angin saka ing wetan, iya angine Sang Yehuwah, kang midid saka ing pasamunan, sarta belik-belike bakal diastake, lan tuk-tuke dipateni, raja-darbeke dijarah-rayah, yaiku sakehe barang kang endah.

16(14-1) Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.



 <<  Hosea 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel