Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 14 >> 

Bab pamratobat lan prajanji

1(14-2) He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.

2(14-3) Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.

3(14-4) Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula! dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.”

4(14-5) Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade, lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih, marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.

5(14-6) Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel, dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung, lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.

6(14-7) Pang-pange padha sumrambah, sarta endahe kaya wit jaitun, lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.

7(14-8) Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon.

8(14-9) Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.

Panutup

9(14-10) Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh; sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku; marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng, lan diambah dening para wong mursid, nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono.



 <<  Hosea 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel