Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 5 >> 

Pangancam marang Israel lan para pemimpine

1He, para imam, padha ngrungokna, he, umat Israel, padha nggatekna, he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira, awitdene paukuman iku tumuju marang sira, marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa, lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,

2lan kaya luwangan kang didhudhuk ing lebak Sitim, mulane iku bakal Sunrangket kabeh.

3Ingsun iku wanuh marang Efraim, sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel, awit sira wus laku jina, he Efraim; lan Israel wus najisake awake dhewe.

4Pratingkah-pratingkahe ora ngolehake wong-wong mau padha mratobat marang Allahe, marga padha kadunungan rohing laku jina, sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah.

5Gumunggunge Israel dadi seksi tumrap awake dhewe, Efraim bakal keplesed tiba marga saka salahe dhewe, tuwin Yehuda uga melu keplesed.

6Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kurban wedhus lan sapi, nanging ora bakal ketemu, Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.

7Amarga wus padha cidra marang Sang Yehuwah, awit wus padha nglairake anak-anak kang ora absah, saiki si pengrusa bakal mangsa wong-wong mau dalah tegale.

Israel ngupaya pitulungan menyang ing ngendi-endi, nanging ora oleh

8Ngunekna kalasangka ana ing Gibea, ngunekna nafiri ana ing Rama, surak-suraka ana ing Bet-Awen, he, Benyamin, gumetera!

9Efraim bakal dadi cengkar ing dinane paukuman; Ingsun ndhawuhake kang wus kapesthekake tumrap talere bani Israel.

10Para panggedhene Yehuda iku padha kaya wong kang ngelih wates; bakal padha Sunesoki bebenduningSun kaya banyu.

11Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman, awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna.

12Mulane Ingsun bakal kayadene renget tumrap Efraim, lan kaya bubuk tumrap turune Yehuda.

13Nalika Efraim weruh lelarane, sarta Yehuda sumurup wudune, Efraim tumuli lunga menyang Asyur lan kongkonan wong marang Sang Nata “Agung” Nanging iku ora bisa marasake sira kabeh, lan ora bisa ngilangi wudunira.

14Marga Ingsun iki kaya singa tumrap Efraim, lan kaya singa nom tumrap turune Yehuda. Ingsun, iya Ingsun piyambak bakal nyempal-nyempal, banjur tindak, bakal Sunbekta lumayu lan ora ana kang ngluwari.

Pamratobate wong Israel kang ora sanyata

15Ingsun bakal kondur menyang ing padalemaningSun, nganti wong-wong iku padha ngaku luput lan ngupaya wadananingSun. Ing sajroning karupekane padha kangen marang Ingsun:



 <<  Hosea 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel