Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 7 >> 

1samangsa Ingsun marasake Israel, nuli kelair dosane Efraim, lan pialane Samaria; dene wus padha tumindak ngapusi, maling lumebu kalawan ngrusak omah, grombolan kang ana ing njaba padha mbegal.

2Padha ora mikir manawa Ingsun ngengeti sakehing pialane. Saiki uga wus padha kinepung ing pokale, kabeh iku ana ing ngarsaningSun.

Dosane Israel ing bab agama lan kaprajan

3Pialane iku ndadekake senenging ratune, lan pakartine kang goroh ndadekake bungahe para panggedhe.

4Kabeh padha laku jina, kayadene pawon kang murub terus, nalika tukange roti leren nggedhekake geni, sarta nalika ngulet jladrene nganti mumpluk dening ragi.

5Ing dina pahargyane ratu kita, padha gawe larane para panggedhe kalawan sumuking anggur; ratu iku sekuthon karo wong kang ambek memoyok.

6Wong-wong iku batine kaya pawon murub, atine murub makantar-kantar; sawengi muput nepsune mendha, bareng esuk murub maneh kaya geni kang nyalad-nyalad.

7Wong-wong iku padha panas kabeh kaya pawon murub, lan mangsa para hakime nganti entek. Sakehe ratune wus padha tiwas, wong-wong iku ora ana siji-sijia kang sesambat marang Ingsun.

8Efraim manunggal karo bangsa-bangsa, kadadeane Efraim kaya roti bunder kang ora diwalik.

9Kekuwatane wus dientekake dening wong liya, nanging awake dhewe ora ngreti; uwane iya wus akeh, nanging iya ora ngreti.

10Gumunggunge Israel dadi paseksi tumrap awake dhewe, ewadene padha ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, lan ing sajroning sakehe kaanan kang mangkono iku mau iya ora banjur ngupaya Panjenengane.

11Efraim wus kaya manuk dara kang bodho, tanpa pangreten, yaiku anggone njaluk tulung marang Mesir, lan anggone marani Asyur.

12Samangsa mangkat mrana, Ingsun bakal masang jaringingSun ing dhuwure, bakal Suntarik mudhun kaya manuk ing awang-awang, bakal Sungebagi marga saka piala-pialane.

13Bilai wong-wong iku, marga wus padha minggat ninggal Ingsun, padha nemahana karusakan, awit wus padha brontak marang Ingsun! Arep padha Sunpitulungi, nanging padha ngucap goroh marang Ingsun.

14Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine, nanging padha nangis ana ing paturone. Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur, sarta padha mbalela marang Ingsun.

15Sanadyan wus padha Sunlatih sarta Sunkuwatake tangane, ewasamono padha ngrancang arep nandukake piala marang Ingsun.

16Padha mbalik marani Baal, lan padha kaya gandhewa kang cidra, para panggedhene bakal padha tiwas dening pedhang, marga saka tembunge kang kasar. Yaiku kang bakal dadi jalarane anggone bakal padha dipoyoki ana ing tanah Mesir.



 <<  Hosea 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel