Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 13 >> 

Pitutur sarta pandonga rahayu

1Rumatana katresnaning pasaduluran!

2Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.

3Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.

4Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.

5Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”

6Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap: “Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”

7Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge arta padha nulada ing pracayane.

8Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.

9Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.

10Kita padha duwe misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladeni tarub iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah iku.

11Jalaran mungguh kewan-kewan kang getihe kagawa lumebu marang ing pasucen dening Imam Agung minangka pambirating dosa, iku padha kaobong ana ing sajabane pamandhahan.

12Iya iku sababe dene Gusti Yesus wus nandhang sangsara ana ing sajabaning saketheng prelu nucekake umat kagungane srana rahe piyambak.

13Awit saka iku, lah payo padha sowan Panjenengane ana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhi kanisthane.

14Amarga ana ing kene kita padha ora duwe papan padunungan kang tetep; kita padha ngupaya kutha kang bakal ana.

15Kang iku payo kita padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku kang arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane.

16Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.

17Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pangiridmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, sarta kang padha kudu ngunjukake tanggung-jawab. Kanthi patrap mangkono iku bakal padha nglakoni kalawan rena, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maedahi tumrap kowe.

18Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha mesthekake, manawa aku padha duwe rumangsaning ati kang becik, amarga aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama.

19Luwih maneh pituturku marang kowe, supaya kowe padha nindakake mangkono iku supaya aku enggal-enggala kabalekake marang kowe.

20Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,

21muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.

22Sarta kowe padha dakpituturi, para sadulur, tembung-tembung pepeling iki padha tampanana kalawan eklasing ati, sanadyan layangku marang kowe iki cekak.

23Wruhanamu, manawa sadulur Timoteus, iya sadulur kita, wus mangkat. Samasa iku wus teka, aku arep enggal niliki kowe kabeh bareng dheweke.

24Salam pandongaku tumekaa marang sakabehe pangiridmu sarta marang para suci kabeh. Tampanana salame para sadulur ing Italia.

25Sih-rahmat nunggila ing kowe kabeh.



Download Audio MP3 (Ibrani 13):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Ibrani 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel